Televisi

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Televisi-televisi layar leter lagi didol ing toko elektronik ing taun 2008

Televisi  utawa  TV  ya iku medhium telekomunikasi medium kanggo nyalurake swara karo gambar-gambar kang obah ing monokrom / sak warna (ireng-putih), utawa ing  warna-warni , lan ing dhimensi loro utawa dhimensi telu. TV bisa ngrujuk marang saprangkat televisi, sawiji acara televisi, utawa medhiume transmisi televisi. televisi iku sawiji  media massa , kanggo klangenan, pangajaran, pawarta , lan  pangiklanan .

Televisi uwis sadhiya ing akir taun 1920an awujud eksperimen kang isih kasar. Sawise  Perang Donya II , wujud panyiaran TV ireng-putih kang uwis luwih apik dadi kaloka ing Amerika Sarekat  lan  Karajan Manunggal , lan prangkat-prankat televisi dadi barang wajib ing omah-omah, padagangan, lan institusi-institusi. Nalika ing taun 1950an,televisi iku medhium utama kanggo mangaribawani opini publik. [1] Ing tengah-tengahing taun 1960an, Panyiaran warna kawanuhake ing Amerika Sarekat lan akeh-akehe nagara-nagara kang uwis maju. Sadhiyaning medhia panyimpenan kaya ta tep VHS (1976), DVD-DVD  (1997), lan blu-ray discs HD (2006) ngolehake para pamiyarsa bisa nonton acara-wujud acara kang uwis direkam sadurunge ing omahe dhewe-dhewe, kaya ta  filem-filem . Ing akhire dekade kapisaning taun 2000an, kawentarane panyiaran-panyiaran  televisi digital  mundhak kanthi gedhe. Pangembangan liyane ya iku pindhe saka standard-definition television / SDTV (TV dhefinisi standard) (576i, kang garis-garis interlaced resolusine 576 lan 480i) dadi high-definition television / HDTV (TV dhefinisi tingkat dhuwur), kang nyedhiani resolusi kang luwih dhuwur banget. HDTV bisa kasiarake ing sawerna format kaya ta: 1080p, 1080i lan 720p. Awit taun 2010, pangrekaning smart television (televisi pinter), Internet television (televisi nganggo internet) mundhakake sadhiyaning acara-acara televisi lan filem-filem nganggo Internet   kanthi leladen-leladen kaya ta Netflix, iPlayer, Hulu, Roku lan Chromecast.

Ing taun 2013, 79% somah ing sadonya dhuwe prangkat televisi. [2] Panggantining layar saka cathode ray tube (CRT) kang lemu, setrume gedhe dadi teknologi alternatif kang wujude ringkes lan leter, ora butuh setrum kang gedhe, kaya ta plasma displays (layar plasma), LCD ( fluorescent-backlit lan LED), lan OLED display iku revolusi piranti kasar kang kawiwitan kanthi parekaning monitor-monitor komputer ing akir taun 1990an. Akeh-akehe prangkat TV kang didol ing taun 2000an saiki uwis kang layar leter, racake LED. Pabrik-pabrik kang gedhe mbiwarakake prangkat-prangkat kaya CRT, DLP, plasma, lan fluorescent-backlit LCD ora bakal digawe maneh ing tengah-tengah taun 2010an. [3] [4] [5]  TV jinise LEDs dilit engkas dikarepake bakal diganti dening OLED sithik mbaka sithik. [6] Pabrik-pabrik iku mau uga uwis mbiwarakake manawa bakal mundhakake produksi prangkat-prangkat smart television ing tengah-tengahing taun 2010an. [7] [8] [9] Smart TVs kang uwis gabung karo internet lan gunane Web 2.0 dadi format paling lumrahe televisi ing akir taun 2010an. [10]

Rujukan [ besut | besut sumber ]

  1. Diggs-Brown, Barbara (2011) Strategic Public Relations: Audience Focused Practice p.48
  2. "TVTechnology: The State of Television, Worldwide" . Diarsip saka sing asli ing 28 April 2015 . Dibukak ing 22 March 2015 .
  3. Julie Jacobson (1 December 2012). "Mitsubishi Drops DLP Displays: Goodbye RPTVs Forever" . Diarsip saka sing asli ing 26 March 2015 . Dibukak ing 22 March 2015 .
  4. Marshall Honorof. "LG's Exit May Herald End of Plasma TVs" . Tom's Guide . Dibukak ing 22 March 2015 .
  5. "Archive copy" (PDF) . Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2013-03-29 . Dibukak ing 2016-08-18 . {{ cite web }} : CS1 maint: archived copy as title ( link )
  6. "LG Electronics expects the OLED TV market to gradually replace the LED TV market" . Dibukak ing 22 March 2015 .
  7. "All of Sony's new smart TVs run on Android TV" . The Verge . Vox Media . Dibukak ing 22 March 2015 .
  8. "CES 2015: New Samsung Smart TVs Will Be Powered by Tizen OS" . Tech Times . Dibukak ing 22 March 2015 .
  9. "LG to show off webOS 2.0 smart TV at CES 2015" . CNET . CBS Interactive . Dibukak ing 22 March 2015 .
  10. Sunday, October 24, 2010 (October 24, 2010). "Internet TV and The Death of Cable TV, really" . Techcrunch.com . Dibukak ing January 17, 2012 . {{ cite web }} : CS1 maint: multiple names: authors list ( link )