Amerika Sarekat

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
United States of America
Bendéra A.S. Lambang A.S.
( Gendera A.S. ) ( Lambang A.S. )
Sesanti
(1776-): E Pluribus Unum
( basa Latin : "Saka akeh dadi siji")
(1956-): In God We Trust
( basa Inggris : "Kita Pasrah Marang Gusti")
Basa resmi Basa Inggris
Kutha krajan Washington, DC
Kutha gedhe dhewe New York City
Presidhen Joe Biden
Wakil Presiden Kamala Harris
Wewengkon
 -Total
 -% banyu
Urutan kaping 4
9.826.630 km²
4,875%
Padunung
 -Total ( 2019 )
 - Kapadhetan sing ndunungi
Urutan kaping 3
328.239.523
32/km²
PDB
 -Total ( 2003 )
 -PDB/kapita
Urutan 1 , 1 , 2 , 7
$13.049 trilyun ( [1] Archived 2004-12-16 at the Wayback Machine .)
$36.010
Valuta Dolar AS (US$)
Zona wektu UTC -5 nganti UTC-11
Lagu kabangsan " The Star-Spangled Banner "
TLD .gov,.edu,.mil,.us,.um
Kodhe tilpun +1

Amerikah Sarekat ( basa Inggris : United States of America ) utawa lumrahe dicekak dadi AS iku nagara fedheral sing wewengkone ana ing Amerika Lor lan Oseania . Ditilik saka sing ndunungi, nagara iki sing paling gedhe kaping telu sadonya sawise Republik Rakyat Cina lan India . Kutha krajan Amerika Sarekat yaiku Washington, DC . Amerika Sarekat iku nagara adidaya. Nagara fedheral iki kasusun saka 50 nagara perangan. Saka 50 praja iki, loro papane ana ing dharatan, banjur saiki minangka eksklav ing sisih lor lan siji iku laladan kapulowan. Saliyane iku Amerika uga nduwe jajahan: Puerto Riko , Guam , Samoa Amerikah , Kapuloan Mariana Lor , lan Kapuloan Virgin .

Amerika Sarekat sing ndunungi 300 yuta jiwa.

Pulitik [ besut | besut sumber ]

Amerika Sarekat iku nagara dhemokrasi konstitusional kanthi sistem three-tier lan institusi kehakiman kang bebas. Ana telung tataran yaiku tataran nasional, praja lan paprentahan lokal yang duweni badan legislatif sarta eksekutif kanthi babagan kuwasa dhewe-dhewe. Nagara iki migunakake sistem persekuthuan utawa federalisme yaiku wujud pambagean kakuwasan antarane nagara punjer lan praja . Nagara punjer kuwasa marang sawatara prakara kaya ta pancithakan dhuwit sarta kawicaksanan pertahanan . Nanging, praja-praja kuwasa nemtokake hak lan undhang-undhang dhewe-dhewe kaya ta hak nggugurake bayi lan ukuman maksimal sajeroning undhang-undhang.

Siji elemen kang cetha ing Amerika yaiku dhoktrin pambagean kuwasa . Pasal 1 nganti 3 Konstitusi Amerikah , wis nggarisake kanthi rinci bab kuwasa-kuwasa Nagara kang utama yaiku eksekutif , legislatif dan kehakiman . Checks and Balances utawa kontrol lan kaseimbangan minangka siji ciri utama sajeroning nagara Amerika lan bab iki komplit banget saengga ora ana siji cabang nagara kang duwe kuwasa mutlak kanggo ngawal cabang kakuwasan liyane.

Ing nagara iki kabeh rakyat kang umure wis ngancik 18 taun duwe hak milih. Pemilu kanggo pamilihan presidhen dianakake saben patang taun sapisan lan sing pungkasan yaiku ing sasi November 2004 .

Saliyane Pemilu kanggo milih presidhen , ana uga Pemilu paruh wektu , kang dianakake ing pertengahan mangsa kalungguhan presidhen . Sajeroning pemilu iki kang dipilih dudu presidhen nanging kabeh anggota Dewan Perwakilan lan saprotelon senator saka saben praja. Pemilu iki pungkasan dianakake ing tanggal 7 November 2006 .

Pamerangan administratif [ besut | besut sumber ]

Artikel utama: Tabel Praja AS

Nalika nyatakake kamardikan Amerika Sarekat, telulas koloni owah dadi praja-praja. Wiwitane praja-praja iki nyawiji minangka sawijining persekuthuan nanging banjur dadi nagara kang nyawiji. Taun-taun sabanjure, cacahing praja tansaya tambah kanthi mlebune praja-praja ing tlatah kulon, panukon lemah lan pamekaran sawatara praja-praja kang wis ana. Saben praja diperang sajeroning counties (kaya dene kabupaten ), cities (kaya dene kuthamadya utawa kutha otonom) lan townships (kaya dene kacamatan ).

Amerika Sarekat uga duwe laladan fedheral, Washington, DC , lan tanah jajahan kaya ta Puerto Riko , Samoa Amerikah , Guam lan Kapuloan Virgin .

Geografi [ besut | besut sumber ]

Amerika Sarekat iku nagara gedhe dhewe nomer-3 ing donya. Kaanan geografine maneka warna banget:

Uga duweni iklim warna-warna gumantung kaanan geografis, wiwit saka iklim tropis (panas lan garing ing mangsa panas, anget ing mangsa anyep) ing Florida nganti tundra (anyep sadawaning taun) ing Alaska . Saperangan nagara iki duwe mangsa panas kang anget lan mangsa salju kang anyep. Sawetara perangan AS, kaya ta perangan California , duwe iklim Mediterrania .

Deleng uga [ besut | besut sumber ]

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]

Situs resmi pamarentah [ besut | besut sumber ]

Liyane [ besut | besut sumber ]