Pitulung : Isi

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kaca iki isi pitulung lan pitakon-pitakon umum bab Wikipedia.

Kanggo miwiti, klik pitulung bab apa kang kobutuhake ing isor utawa golek pitulung lumantar kothak panggolekan ing tengen iki.

Maca utawa nggolek artikel

Kaca Pitakon Kerep lan kaca bab Wikipedia isi informasi umum bab Wikipedia.

Ing saben kaca ana kothak panggolekan kang panggone ana ing pojok ndhuwur tengen. Kowe kari ngetik apa kang arep kogoleki ing kothak mau banjur klik ? Enter . Wacaa bab Gegolek kang isi katerangan pepake.

Uga wacaa bab Selakan kang isi informasi bab kang kurang saka Wikipedia.

Mbesut artikel

Urun ing Wikipedia iku gampang banget: wacaa bab carane mbesut kaca utawa carane urun ing Wikipedia . Kaca Kepekan bisa migunani tumrap kowe kanggo ngeling-eling kodhe-kodhe kang kaanggo ing Wikipedia. Kowe bisa njajal-njajal kodhe-kodhe iku ing kaca bak wedhi .

Aja mangu-mangu mbesut artikel! Yen kowe ana gegayutan karo subyek ing artikel, mangga wacaa panuntun bab cengkah kawigaten .

Yen kowe golek panggongan kanggo rewang-rewang, ya gapura paguyuban paranana!

Ngandhakake masalah ing artikel

Manawa kowe nemu masalah ing siji artikel bab awakmu, sanak-kadangmu, utawa kancamu, mangga sesambungan karo panata Wikipedia utawa lumantar layang-el jawa @wikimedia.org .

Manawa kowe nemu masalah ing artikel, kowe bisa langsung ndandani dhewe kanthi mencet tombol "Besut" kang ana ing perangan ndhuwur kaca.

Manawa kowe ora yakin kapriye caraning mbesut siji artikel, mangga kirima layang ing kaca parembugan kang ana ing artikel iku. Layangmu bakal narik kawigatene wong liya saperlu rembugan karo kowe lan mutusake masalah bebarengan.

Nggawe artikel anyar utawa ngunggah medhia

Yen kowe pengin nggawe artikel anyar, mangga wacaa bab Artikelmu kang pisanan .

Yen kowe wis bisa nggawe artikel, wacaa panuntun nulis artikel kang becik .

Pitakon sunyata

Manawa fitur golek-ing-Wikipedia ora nulungi njawab pitakonmu (contone, pitakon kaya "Nagara endi kang cacah wargane akeh dhewe?"), jajal sesambungan karo para Wikipediawan . Wong-wong mau bokmanawa bakal njawab pitakonmu.

Bingung?

Pitakon kang kerep tinakonan ana ing kaca Pitakon kerep .

Kowe uga bisa takon ing Angkiran (Pitulung) . Wikipediawan bakal tumuli njawab pitakonmu.