한국   대만   중국   일본 
Televisi - Wikipedia

Televisi

piranti elektronik kanggo nyebar lan nampa gambar obah uga swara
(Kaelih saka TV )

Televisi ?utawa? TV ?ya iku medhium?telekomunikasi?medium kanggo nyalurake swara karo gambar-gambar kang obah ing?monokrom?/ sak warna?(ireng-putih), utawa ing? warna-warni , lan ing dhimensi loro utawa?dhimensi telu. TV bisa ngrujuk marang saprangkat?televisi, sawiji?acara televisi,?utawa medhiume?transmisi televisi. televisi iku sawiji? media massa , kanggo?klangenan, pangajaran, pawarta , lan? pangiklanan .

Televisi-televisi layar leter lagi didol ing toko elektronik ing taun 2008

Televisi uwis sadhiya ing akir taun 1920an awujud eksperimen kang isih kasar. Sawise? Perang Donya II , wujud panyiaran TV ireng-putih kang uwis luwih apik dadi kaloka ing Amerika Sarekat ?lan? Karajan Manunggal , lan prangkat-prankat televisi dadi barang wajib ing omah-omah, padagangan, lan institusi-institusi. Nalika ing taun 1950an,televisi iku medhium utama kanggo mangaribawani?opini publik. [1] Ing tengah-tengahing taun 1960an, Panyiaran warna kawanuhake ing Amerika Sarekat lan akeh-akehe nagara-nagara kang uwis maju. Sadhiyaning medhia panyimpenan kaya ta tep?VHS?(1976), DVD-DVD ?(1997), lan blu-ray discs?HD (2006) ngolehake para pamiyarsa bisa nonton acara-wujud acara kang uwis direkam sadurunge ing omahe dhewe-dhewe, kaya ta? filem-filem . Ing akhire dekade kapisaning taun 2000an, kawentarane panyiaran-panyiaran? televisi digital ?mundhak kanthi gedhe. Pangembangan liyane ya iku pindhe saka standard-definition television / SDTV (TV dhefinisi standard) (576i, kang garis-garis interlaced?resolusine 576 lan?480i) dadi?high-definition television?/ HDTV (TV dhefinisi tingkat dhuwur), kang nyedhiani resolusi?kang luwih dhuwur banget. HDTV bisa kasiarake ing sawerna format kaya ta: 1080p, 1080i?lan?720p. Awit taun 2010, pangrekaning smart television?(televisi pinter), Internet television?(televisi nganggo internet) mundhakake sadhiyaning acara-acara televisi lan filem-filem nganggo Internet ? kanthi leladen-leladen kaya ta?Netflix, iPlayer, Hulu, Roku?lan?Chromecast.

Ing taun 2013, 79% somah?ing sadonya dhuwe prangkat televisi. [2] Panggantining layar saka?cathode ray tube (CRT)?kang lemu, setrume gedhe dadi teknologi alternatif kang wujude ringkes lan leter, ora butuh setrum kang gedhe, kaya ta?plasma displays?(layar plasma), LCD (?fluorescent-backlit?lan?LED), lan?OLED display iku revolusi piranti kasar kang kawiwitan kanthi parekaning monitor-monitor komputer ing akir taun 1990an. Akeh-akehe prangkat TV kang didol ing taun 2000an saiki uwis kang layar leter, racake LED. Pabrik-pabrik kang gedhe mbiwarakake prangkat-prangkat kaya CRT, DLP, plasma, lan fluorescent-backlit LCD ora bakal digawe maneh ing tengah-tengah taun 2010an. [3] [4] [5] ?TV jinise?LEDs dilit engkas dikarepake bakal diganti dening OLED sithik mbaka sithik. [6] Pabrik-pabrik iku mau uga uwis mbiwarakake manawa bakal mundhakake produksi prangkat-prangkat smart television ing tengah-tengahing taun 2010an. [7] [8] [9] Smart TVs kang uwis gabung karo internet lan gunane?Web 2.0 dadi format paling lumrahe televisi ing akir taun 2010an. [10]

Rujukan besut

  1. Diggs-Brown, Barbara (2011) Strategic Public Relations: Audience Focused Practice p.48
  2. "TVTechnology: The State of Television, Worldwide" . Diarsip saka sing asli ing 28 April 2015 . Dibukak ing 22 March 2015 .
  3. Julie Jacobson (1 December 2012). "Mitsubishi Drops DLP Displays: Goodbye RPTVs Forever" . Diarsip saka sing asli ing 26 March 2015 . Dibukak ing 22 March 2015 .
  4. Marshall Honorof. "LG's Exit May Herald End of Plasma TVs" . Tom's Guide . Dibukak ing 22 March 2015 .
  5. "Archive copy" (PDF) . Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2013-03-29 . Dibukak ing 2016-08-18 . {{ cite web }} : CS1 maint: archived copy as title ( link )
  6. "LG Electronics expects the OLED TV market to gradually replace the LED TV market" . Dibukak ing 22 March 2015 .
  7. "All of Sony's new smart TVs run on Android TV" . The Verge . Vox Media . Dibukak ing 22 March 2015 .
  8. "CES 2015: New Samsung Smart TVs Will Be Powered by Tizen OS" . Tech Times . Dibukak ing 22 March 2015 .
  9. "LG to show off webOS 2.0 smart TV at CES 2015" . CNET . CBS Interactive . Dibukak ing 22 March 2015 .
  10. Sunday, October 24, 2010 (October 24, 2010). "Internet TV and The Death of Cable TV, really" . Techcrunch.com . Dibukak ing January 17, 2012 . {{ cite web }} : CS1 maint: multiple names: authors list ( link )