Drama

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Drama ( Yunani Kuna : δρ?μα ) iku salah sawijine karya sastra kang duwe perangan kanggo diperanake dening paraga aktor . Kosakata iki asal saka Basa Yunani kang tegese "aksi" utawa "tumindak". Saking basa Yunani, tembung draomai utawi Drama punika tegesipun: Tumindak, laku, aksi. Drama punika saged dipunsebat gambaraning pagesangan manungsa. Tembung drama asring sinambetan kaliyan Sandiwara utawi teater . Sandiwara saking tembung basa Jawa yaiku sandi ingkang ateges rahasia lan tembung warah ateges ajaran. Sandiwara punika ajaran ingkang dipunwedharaken kanthi rahasia utawi boten terang-terangan. Sejatosipun teater gadhah teges ingkang luwih amba amargi saged ateges gedung pertunjukan , panggung , group pemain drama , ugi saged ateges sadaya wujud tontonan ingkang dipentasaken ing ngajeng tiyang kathah.

Seni drama utawi teater punika seni pertunjukan audio visual amargi saged disadap kanthi ngginakaken indera paningalan lan saged dimirengaken. Ing seni drama utawi teater, kawontenanipun paningal lan paraga sami-sami wigati. Interaksi ingkang sae antawisipun paraga kaliyan paningal punika dados wosing prastawa teater wau. Drama punika saged dipunsebat potret pagesangan manungsa. Drama bisa diwujudake mawa maneka medhia: ing ndhuwur panggung, filem , lan utawa televisi . Drama uga kadhangkala dikombinasi karo musik lan joged , kaya dene sajeroning sawiji opera (pirsani melodrama ).

Unsur Intrinsik Drama [ besut | besut sumber ]

Unsur Intrinsik yaiku unsur perangan karya sastra ingkang ndhapuk wujuding karya sastra drama ingkang wujud tema, plot, penokohan, latar, sudut pandang, gaya basa. Unsur-unsur punika yaiku: 1. Tema Tema punika ateges gagasan sentral ingkang dipunkomunikasikaken saking kang ngreka karya seni dhumateng khalayak. Tema saged sinambetan kaliyan prekawis sosial, budaya, religi, pendidikan, pulitik, pangyasa, lan sanesipun. Tema punika ugi salah satunggaling karya ingkang kedah dipunjuangaken salebeting karya fiksi ingkang ngggadahi ancas kangge maringi kontribusi kangge elemen struktural sanes, kados ta plot, paraga, lan lattar. Amargi tema punika gadhah ancas ingkang wigati yaiku minangka elemen penyatu kangge sekabehane unsur. 2. Plot Plot inggih punika rerangkening cariyos wonten salebeting cariyos gancaran adhedasaripun kaliyan sebab-akibat kausalitasipun. Plot drama gadhah perkembangan kanthi tahapan, wiwit saking konflik ingkang prasaja, kompleks, dumugi konflikipun purna. 3. Penokohan utawi karakterisasi Penokohan yaiku salah satunggaling cara kangge nggambaraken paraga ingkang saged dipun-ginakaken kanthi cara langsung utawi boten langsung. Saengga kedah nafsiraken, mbanding-mbandingaken lan nyimpulaken watak paraga lajeng nyobi karakteripun. 4. Latar Latar punika salah satunggaling elemen fiksi ingkang munjukkaken dhateng kita ing pundi lan kapan kemawon kadadean-kadadean ing dalem cariyos kalangsungan.

Drama ing Indonesia [ besut | besut sumber ]

Ing Indonesia, tontonan sajinis drama duwe istilah kang warna-warna, kaya ta: Wayang wong , kethoprak , ludruk (ing Jawa Tengah lan Jawa Wetan), lenong (Betawi), randai (minang), reyog (Jawa Kulon), rangda (Bali) lan sapanunggalane.

Unsur-unsur drama [ besut | besut sumber ]