Natal

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Natal
Kisah Natal nyebatake kalahiran Yesus ing sawijining kandang ana Betlehem .
Dipengeti Mayoritas umat Kristen
Jinis Kristen
Ancas Merayakan kelahiran Yesus (Isa Almasih)
Karamean kabaktian greja,kumpul kulawarga, lan wenehi adiah
Tanggal 25 Dhesember (sapanjuru donya)
6 Januari (Armenia)
7 Januari (Ortodoks Wetan lan Katolik)
Gegayutan Adven ; Kalahiran Yesus , Epifani

Natal , saka basa Portugis kang tegese wiyosan, iku dina riyadi umat Kristen . Ing dina iki kang mesthi tiba ing tanggal 25 Dhesember , wiyosane Gusti Yesus di-engeti. Sanadyan para nimpuna saiki iki sarujuk yen Gusti Yesus bokmanawa sajatine ora miyos ing dina iki, dina wiyosane tetep dirayakake ing tanggal iki. Iki dibuktekake kanthi carita anane para pangon kang lagi angon kewane. Ing wulan Dhesember-Januari, ing laladan Wetan Tengah iku usum adhem, saengga mokal banget kanggo angon kewan ing wektu-wektu iku.

Sajeroning tradhisi kulon , pengetan Natal uga ngandhut aspek non-agamawi. Saperangan gedhe tradhisi Natal asale saka tradhisi pra-Kristen kulon kang diserep sajeroning tradhisi Kristiani. Kajaba iku, pengetan Natal sajeroning tradhisi kulon (kang saya madonya) ditengeri kanthi ijolan bebungah antarane kanca lan anggota kulawarga sarta tekane Santa Claus utawa Sinterklas .

Wong Telu Ahli Nujum Nuweni Gusti Yesus

Ing nagara-nagara kang nganggo basa Arab , dina riyaya iki diarani Idul Milad .

Mula bukane pengetan dina Natal [ besut | besut sumber ]

Pengetan dina wiyosan Yesus ora tau dadi prentah Kristus kanggo ditindakake. Carita saka Prajanjian Anyar ora tau nyebutake anane riyaya dina wiyosan Yesus dilalokake dening greja awal.

Tanggal [ besut | besut sumber ]

Wis bisa dipesthekake tanggal 25 Dhesember dudu tanggal wiyosane Yesus. Perkara iki dipesthekake dhedhasar kasunyatan yen ing wengi mau para pangon isih njaga wedhus e ing pasuketan. (Lukas 2:8). Nalika wulan Desember ora mungel para pangon isih bisa angon wedhus-wedhuse ing pasuketan amarga ing wektu iku wis wayahe usum adhem dadi wis ora ana suket kang tuwuh maneh.

Ing tradhisi Romawi pra-Kristen, pengetan kanggo dewa tetanen Saturnus tiba ing sawijining minggu ing wulan Desember kanthi puncak pengetane ing dina titik balik usum adhem ( winter solstice ) kang tiba tanggal 25 Dhesember sajeroning kalendher Julius . Pengetan kang diarani Saturnalia mau wujud tradhisi sosial utama kanggo bangsa Romawi. Supaya wong-wong Romawi bisa nganut agama Kristen tanpa ninggal tradhisine dhewe, Paus Julius I mutusake nalika taun 350 yen wiyosane Yesus dipengeti ing tanggal kang padha.

Panemu liya nelakake yen dina Natal ditetepkake tiba tanggal 25 Desember nalika abad kaping 4 dening kaisar Kristen pisanan Romawi , Konstantin I . Tanggal 25 Dhesember mau dipilih minangka Natal amarga bebarengan karo wiyosane Dewa Srengenge ( Natalis Solis Invicti utawa Sol Invictus utawa Saturnalia ) kang disembah dening bangsa Romawi. Riyaya Saturnalia dhewe dilakokake dening wong Romawi kuna kanggo nyuwun supaya srengenge bali marang padhange kang anget (Posisi bumi ing wulan Desember ngadoh saka srengenge, nanging srengenge katone kang ngadoh saka bumi).

Mula, loro aliran Kristen kang ora ngriyayakake tradhisi Natal, ya iku aliran Advent lan Saksi-Saksi Yehuwa. Saksi-Saksi Yehuwa ora ngriyayakake Natal wiwit taun 1926 nalika ngerti yen Natal duwe asal-usul Kafir, miturut buku Saksi-Saksi Yehuwa?Pawarta Karajan Allah, 1993, kaca 198-200.

Sanajan kapan dina natal iku isih dadi pasulayan, agama Kristen mainstream sepakat kanggo ngukuhake dina natal tiba saben tanggal 25 Dhesember sajeroning kalendher Gregorius iki didhasari marang kasadharan yen panetepan dina riyaya liturgis liya kaya dene paskah lan jemuwah agung ora diantuki mawa panyerakan tanggal pesthi nanging mung wujud panyelenggaraan maneh acara-acara mau sajeroning setaun liturgi, ing ngendi kang paling wigati dudu pase tanggale nanging esensi utawa inti saka saben pengetan mau kanggo diwujudake saka dina kadina.

Taun [ besut | besut sumber ]

Taun kalendher Masehi diripta nalika abad kaping 6 dening sawijining biarawan kang jenenge Dionysius Exignus. Taun Masehi kang kita pigunakake saiki diarani uga anno Domini (Taun Gusti).

Dianysius Exignus bisa ngawruhi yen Gusti Yesus diwiyosake nalika taun 1 SM amarga panjenengane njupuk data saka cathetan sajarah kang nelakake yen nalika taun 754 kalendher Romawi iku taun kaping 15 saka paprentahan Kaisar Tiberius kaya dene kang katulis ing Lukas 3:1-2. Kajaba iku panjenengane uga njupuk data saka Lukas 2:1-2 kang nelakake yen Kirenius (Gubenur saka Siria ) pisanan nganakake program sensus .

Sanajan mangkono isih uga wong kang ora percaya, sebab miturut sajarawan Yahudi kang jenenge Flavius Josephus, nata Herodes tilar donya nalika taun 4 sadurunge Masehi saengga konsekuensine tanggal miyos Yesus kudu dimundurake patang taun. Nanging teyori iki uga ora bener, sebab panjenengane nganalisa taun mau dhedhasar anane grahana rembulan taun nalika Herodes tilar donya kang dumadi ing Yerusalem tanggal 13 Maret taun 4 sadurunge Masehi, nanging para elmuwan saiki wis mbuktekake yen grahana rembulan mau dumadi dudu ing tanggal mau nanging tanggal 9 Januari taun 1 SM.

Dina Natal [ besut | besut sumber ]

Ing dina riyadi Natal wiyosane Gusti Yesus ing Bethlehem , sawijining desa cilik sakiduling Yerusalem , di-engeti. Miturut Injil Prajanjian Anyar , nalika iku Kaisar Agustus dhawuh ing kawulane kabeh ing praja Romawi supaya padha mulih ing desane dhewe-dhewe amarga kersa nganakake sensus . Banjur Santo Yusup lan Dewi Maria , wong tuwane Gusti Yesus tindak ing Bethlehem. Amarga ing kono ora ana panginepan, loro-lorone banjur sare ing sawijining kandhang kewan. Banjur Gusti Yesus diwiyosake ing kono.

Wiyosane Gusti Yesus ing jero Kitab Suci [ besut | besut sumber ]

Carita wiyosane Gusti Yesus kaserat ing Injil kitab Matius ( 1:18-25 ) lan Lukas ( 2:1-21 ).

Ing sajeroning Al-Qur'an , kitab suci umat Selam , wiyosane Gusti Yesus utawa Nabi Isa uga kaserat ing Sura kaping 19, Surat Maryam .

Uga pirsanana [ besut | besut sumber ]

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]

Project Gutenberg