Manungsa

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
?????
Manungsa
Gambar Pioneer
Gambar priya lan wanita, dijupuk saka dokumentasi wahana Pioneer 11.
Klasifikasi elmiah
Karajan : Animalia ( Sato kewan )
Filum : Chordata
Kelas : Mamalia
Ordo : Primata
Famili : Hominidae
Subfamili : Hominidae
Genus : Homo
Spesies : H. sapiens
Jeneng jinis
Homo sapiens
Linnaeus | 1758
Subspesies
Homo sapiens idaltu (cures)
Homo sapiens sapiens

Manungsa utawa wong bisa dimangerteni kanthi warna-warna, yaiku miturut biologis , rohani , lan istilah kabudayan . Miturut biologis, manungsa ingaran Homo sapiens , sawijining jinis primata saka golongan mamalia kang duwe utek lan kalantipan.

Ing babagan kajiwan, manungsa dijelentrehake nganggo konsep jiwa kang duwe maneka warna, sajeroning agama , dimangerteni ing gayutane karo kakuwatan katuhanan utawa makluk urip ; sajeroning mitos , manungsa uga kerep dibandhingake antara ras siji lan liyane. Sajeroning elmu antropologi kabudayan , manungsa dijelasake dhedhasar basan e, organisasi manungsa sajeroning masarakat majemuk sarta tuwuhing teknologi , lan mligi dhedhasar kamampuan yasa golongan lan lembaga kanggo panyengkuyung siji lan liyane sarta aweh lan nampa pitulung.

Panggolongan manungsa kang paling utama yaiku dhedhasar jinis kelamin . Lumrahe, jinis kelamin anak kang lagi lair iku lanang utawa wadon . Wong enom lanang dikenal minangka putra lan sawise ngancik diwasa dadi priya . Bocah enom wadon diarani putri lan sawise ngancik diwasa banjur diarani wanita .

Panggolongan liyane yaiku dhedhasar umur, wiwit saka janin , bayi , balita , bocah , nom-noman , akil balik , nom-noman /i, diwasa , lan (wong) tuwa .

Saliyane iku isih akeh panggolongan-panggolongan liyane, dhedhasar ciri-ciri fisik (warna kulit, rambut, mata; wangun irung; dhuwur awak), afiliasi sosio-pulitik-agama (penganut agama/kapercayan XYZ, warga nagara XYZ, anggota parte XYZ), gayutan kekerabatan (kulawarga: kulawarga cedhak, kulawarga adoh, kulawarga tiri, kulawarga angkat, kulawarga asuh; kanca; mungsuh) lan sapanunggalane.

Tokoh iku istilah kanggo wong kang misuwur (upamane 'tokoh pulitik', 'tokoh filem', 'tokoh kang nampa bebungah', lsp).

Janin kang umure lagi limang minggu

Raga/Fisik [ besut | besut sumber ]

Wujud fisik manungsa beda-beda miturut faktor keturunan, lingkungan, budaya uga gizi panganan. Ukuran racake (rata-rata) yaiku antara: dhuwur 160 cm nganti 180 cm, bobot 45 kg nganti 80 kilogram. Kelir kulit uga beda-beda miturut iklim habitate. Lumrahe variasi kelir antara ireng nganti putih rada abang . Fisik manungsa ketata saking rangka balung, daging nganti kulit ing perangan jaba.

Mangga Pirsani [ besut | besut sumber ]