한국   대만   중국   일본 
Banggaladesa - Wikipedia Menyang konten

Banggaladesa

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Bangladesh )
?????????????? ????????
Gono Projatontri Bangladesh
Gendéraning Banggaladésa
Gendera
Aditamènging Banggaladésa
Aditameng
Motto:  ?
Gunagita:   Amar Sonar Bangla


Dunungpenering Banggaladésa
Kuthagara
lan Kutha paling gedhe
Dhaka
Jawatbasa Bengali
Paprentahan Republik parlementer
Kamardikan
? Banyu (%)
7%
Population
? Pikira-kira 2006
147.365.352 ( 7 )
? Cacahjiwa -
-
GKK   ( ITK ) Pikira-kira 2005
? Gunggung
US$279,7 miliar ( 32 )
? Saben wong
US$1.995 ( 151 )
Artacihna Taka ( BDT )
Laladan wektu UTC +6
? Mangsa ketiga ( AKK )
UTC +6
Kodhe bel 880
TLD internet .bd,.?????

Banggaladesa utawa Bangladesh iku nagara ing bawana Asia . Sing ndunungi cacahe kira-kira ana 147.365.352 jiwa lan jembare nagara ana 144.000 km 2 . Nagara iki dununge ana ing tlatah Asia Kidul sing wewatesan karo India ing sisih kulon, lor lan wetan, Myanmar ing sisih kidul-wetan, lan Lempongan Benggala ing sisih kidul. Bangladesh, bebarengan karo Benggala Kulon ing India, mbentuk kawasan etno-linguistik Banggala . Bangladesh (????????) kanthi leterlek tegese "Nagara Banggala". Kutha krajan lan kutha gedhe dhewe ing Bangladesh ya iku Dhaka .

Tapel wates Bangladesh dikukuhake liwat pamisahan India ing taun 1947 . Nagara iki wiwitane minangka swiwi wetan saka Pakistan ( Pakistan Wetan ) sing kapisah saka swiwi kulon 1.600 kilometer adohe. Diskriminasi pulitik, basa, lan ekonomi nuwuhake perpecahan antara kaloro sayap, sing pungkasane njeblugake perang kamardikan taun 1971 lan madege nagara Bangladesh.

Simbul nasional Banggaladesa (Resmi)
State animal
State bird
State tree
State flower
State aquatic marine mammal
State reptile
State fruit
State fish
State mosque
State temple
State river
State mountain

Pamerangan administratif [ besut | besut sumber ]

Bangladesh kaperang dadi pitung divisi ( bibhag ) [1] [2] sing dijenengi miturut jeneng kutha krajane: Barisal (??????), Chittagong (?????????), Dhaka (????), Khulna (?????), Rajshahi (???????), Sylhet (?????), dan Rangpur (?????).

Divisi kaperang maneh dadi dhistrik ( zila ). Ana watara 64 dhistrik ing Bangladesh. Saben dhistrik kaperang dadi upazila (sub dhistrik) utawa thana (stasiun pulisi). Saben stasiun pulisi, kajaba sing ana ing laladan metropolitan, diperang maneh dadi sawatara kesatuan. Kesatuan-kesatuan iki dumadi saka akeh desa-desa. Ing wewengkon metropolitan, stasiun pulisi kaperang dadi ward , sing diperang maneh dadi mahallas . Ora ana pejabat kapilih ing tingkat divisi, dhistrik utawa upazila, lan paprentahan mung dumadi saka pejabat pamarentah. Pamilihan langsung sing milih ketua lan sawatara anggota dianakake ing saben kesatuan (utawa ward ). Dhaka iku minangka kutha krajana lan kutha gedhe dhewe ing Bangladesh. Kutha utama liyane ya iku Chittagong , Khulna , Rajshahi , Sylhet , Barisal , Bogra , Comilla , Mymensingh lan Rangpur . Ing kutha-kutha mau dianakake pamilihan walikutha, lan ing munisipalitas liyane milih ketua. Walikutha lan ketua duwe mangsa kalungguhan limang taun.

Divisi-divisi ing Bangladesh.
Kutha Populasi kutha (kira-kira 2008) [3] Populasi metro (kira-kira 2008) [3]
Dhaka 7.000.940 12.797.394
Chittagong 2.579.107 3.858.093
Khulna 855.650 1.388.425
Rajshahi 472.775 775.495
Sylhet 463.198 -
Barisal 210.374 -
Rangpur 251.699 -

Geografi lan iklim [ besut | besut sumber ]

Citra Bangladesh saka satelit.
Sesawangan Cox's Bazar .
Kapal ing Jaflong , Sylhet .

Bangladesh dumunung ing Delta Kali Gangga - Kali Brahmaputra . Delta iki kadhapur dening patemon Kali Gangga (jeneng saenggon Padma utawa Podda ), Brahmaputra ( Jamuna utawa Jomuna ), Meghna , lan anak-anak kali sing mili saka Himalaya. Tanah aluvial sing dienepake dening kali-kali iku nyiptakake dharatan sing subur.

Saperangan gedhe Bangladesh dumunung ana ing 12 meter sangisore lumahing sagara, lan diprecaya watara 50% lemah bakal banjir yen lumahing sagara mundhak nganti 1 m. [4]

Rujukan [ besut | besut sumber ]

  1. < http://www.bdnews24.com/details.php?cid=2&id=151976&hb=top >
  2. "CIA World Factbook 2007" . Diarsip saka sing asli ing 2021-01-01 . Dibukak ing 2010-10-05 .
  3. a b "Statistical pocket book Banggaladesa ? 2008" (PDF) . Banggaladesa Bureau of Statistics . Dibukak ing 2009-10-10 .
  4. Ali, A (1996). "Vulnerability of Banggaladesa to climate change and sea level rise through tropical cyclones and storm surges". Water, Air, & Soil Pollution . 92 (1?2): 171?179.

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]


Negara-negara ing Asia Kidul

Bangladesh | Bhutan | India | Maladewa | Nepal | Pakistan | Sri Lanka


Asosiasi Kerjasama Regional Asia Kidul (SAARC)
Bangladesh | Bhutan | India | Maladewa | Nepal | Pakistan | Sri Lanka | Afghanistan