Republik Cina

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Taiwan )

Koordhinat : 24°N 121°E  /  24°N 121°E  / 24; 121

Taiwan mangalih ing kaca iki. Jeneng resmi nagara iki iku Republik Cina . Taiwan sajatine sawijing kawasan ing nagara iki, nanging tembung iki kerep kanggo ngrujuk nagara iki kanthi kabeh. Taiwan uga jeneng sawijining pulo, mangga mirsani artikel pulo Formosa .

-

中華民國
Zh?nghua Minguo
Sesanti : Ora ana
peta_Taiwan.png
Nagarabasa Mandarin
Kuthagara Taipei (台北) 1
Kutha gedhe dhewe New Taipei
Presidhen Tsai Ing-wen
Wakil Presidhen Chen Chien-jen
Mahamantri Su Tseng-chang
Wewengkon
 -Total
 -% banyu
Urutan kaping 134
32.260 km²
10,34%
Padunung
 -Total ( 2003 )
 -Kerapetan
Urutan kaping 47
22.749.838
705/km²
Proklamasi
 -Proklamasi ing
 -Pangadegan
Revolusi Xinhai
10 Oktober 1911
1 Januari 1912
PDB (PPP)
 -Total ( 2005 )
 -PDB/kapita

US$629 milyar ( 17 )
$27,122 ( 23 )
Valutah Dholar Anyar Taiwan
(新臺幣), NT$
Laladan wektu UTC +8
Lagu kabangsan Telung Prinsip Rakyat
(三民主義)
TLD .tw
Kodhe nagara +886
( 1 ) Kanggo sawatara wektu, kutha krajan resmi Republik Cina papane isih ana Kutha Nanjing ing Cina Dharatan .

Republik Cina utawa nagara Taywan (Aksara Jawa: ??????? ? ????? ) (Ind: Republik Cina; Taiwam) ( Aksara Cina tradhisional : 中華民國; Aksara Cina prasaja : 中?民?; Wade-Giles : Chung-hua Min-kuo, Tongyong Pinyin : JhongHua MinGuo, Hanyu Pinyin : Zh?nghua Minguo) iku nagara sing saiki nguwasani tlatah kapuloan Taiwan , Kapuloan Pescadores , Quemoy , lan Kapuloan Matsu . Tembung "Taiwan" lumrahe kanggo ngrujuk ing Paprentahan Republik Cina minangka kabeh. Sawatara iku, tembung Cina utawa Tiongkok ngrujuk ing Paprentahan Republik Rakyat Cina sing nguwasani Tiongkok Daratan , Hong Kong lan Makaw .

Sanadyan Republik Cina iku jeneng baku nagara Taywan, tembung "Cina" dhewe lumrah ngrujuk ing nagara Tiongkok Daratan sing paprentahane wis dijupuk dening Republik Rakyat Cina . Prakara iku kalakon nalika paprentahan Republik Cina ing Tiongkok Daratan bubar ing taun 1949 lan pindhah menyang Taywan.

Republik Cina (ROC) iku wiwitane ana ing Tiongkok Daratan , sawise paprentahan Rajawangsa Cing (Ind: Dinasti Qing) digolingake ing taun 1912 lan nandhani bubare 2.000 taun paprentahan kabauraton.

Pamerangan administratif [ besut | besut sumber ]

Republik Cina (Taiwan) kaperang dadi 6 special munisipalities , 3 kutha lan 13 county (kabupaten).

Priksani Uga [ besut | besut sumber ]

Republik Cina (1911-1949)

Perang Sadulur Tiongkok