Natal
|
---|
Kisah Natal nyebatake kalahiran
Yesus
ing sawijining kandang ana
Betlehem
.
|
Dipengeti
| Mayoritas umat
Kristen
|
---|
Jinis
| Kristen
|
---|
Ancas
| Merayakan kelahiran
Yesus
(Isa Almasih)
|
---|
Karamean
| kabaktian greja,kumpul kulawarga, lan wenehi adiah
|
---|
Tanggal
| 25 Dhesember (sapanjuru donya)
6 Januari (Armenia)
7 Januari (Ortodoks Wetan lan Katolik)
|
---|
Gegayutan
| Adven
;
Kalahiran Yesus
,
Epifani
|
---|
Natal
, saka
basa Portugis
kang tegese wiyosan, iku
dina riyadi
umat
Kristen
. Ing dina iki kang mesthi tiba ing tanggal
25 Dhesember
, wiyosane Gusti
Yesus
di-engeti. Sanadyan para nimpuna saiki iki sarujuk yen Gusti
Yesus
bokmanawa sajatine ora miyos ing dina iki, dina wiyosane tetep dirayakake ing tanggal iki. Iki dibuktekake kanthi carita anane para pangon kang lagi angon kewane. Ing wulan Dhesember-Januari, ing laladan
Wetan Tengah
iku usum adhem, saengga mokal banget kanggo angon kewan ing wektu-wektu iku.
Sajeroning tradhisi
kulon
, pengetan Natal uga ngandhut aspek non-agamawi. Saperangan gedhe tradhisi Natal asale saka tradhisi pra-Kristen
kulon
kang diserep sajeroning tradhisi Kristiani. Kajaba iku, pengetan Natal sajeroning tradhisi kulon (kang saya madonya) ditengeri kanthi ijolan bebungah antarane kanca lan anggota kulawarga sarta tekane
Santa Claus
utawa Sinterklas
.
Ing nagara-nagara kang nganggo
basa Arab
, dina riyaya iki diarani
Idul Milad
.
Mula bukane pengetan dina Natal
[
besut
|
besut sumber
]
Pengetan
dina
wiyosan Yesus ora tau dadi prentah Kristus kanggo ditindakake. Carita saka Prajanjian Anyar ora tau nyebutake anane riyaya dina wiyosan Yesus dilalokake dening greja awal.
Wis bisa dipesthekake tanggal
25 Dhesember
dudu tanggal wiyosane Yesus. Perkara iki dipesthekake dhedhasar kasunyatan yen ing wengi mau para
pangon
isih njaga
wedhus
e ing pasuketan. (Lukas 2:8). Nalika wulan Desember ora mungel para pangon isih bisa angon wedhus-wedhuse ing pasuketan amarga ing wektu iku wis wayahe usum adhem dadi wis ora ana suket kang tuwuh maneh.
Ing tradhisi
Romawi
pra-Kristen, pengetan kanggo dewa tetanen
Saturnus
tiba ing sawijining minggu ing wulan Desember kanthi puncak pengetane ing dina titik balik usum adhem (
winter solstice
) kang tiba tanggal 25 Dhesember sajeroning
kalendher Julius
. Pengetan kang diarani Saturnalia mau wujud tradhisi sosial utama kanggo bangsa Romawi. Supaya wong-wong Romawi bisa nganut agama
Kristen
tanpa ninggal tradhisine dhewe,
Paus Julius I
mutusake nalika taun 350 yen wiyosane
Yesus
dipengeti ing tanggal kang padha.
Panemu liya nelakake yen dina Natal ditetepkake tiba tanggal 25 Desember nalika
abad kaping 4
dening
kaisar
Kristen pisanan
Romawi
,
Konstantin I
. Tanggal 25
Dhesember
mau dipilih minangka Natal amarga bebarengan karo wiyosane Dewa Srengenge (
Natalis Solis Invicti
utawa
Sol Invictus
utawa
Saturnalia
) kang disembah dening bangsa Romawi. Riyaya Saturnalia dhewe dilakokake dening wong
Romawi
kuna kanggo nyuwun supaya
srengenge
bali
marang padhange kang anget (Posisi bumi ing wulan Desember ngadoh saka srengenge, nanging srengenge katone kang ngadoh saka bumi).
Mula, loro aliran Kristen kang ora ngriyayakake tradhisi Natal, ya iku aliran
Advent
lan Saksi-Saksi Yehuwa. Saksi-Saksi Yehuwa ora ngriyayakake Natal wiwit
taun
1926
nalika ngerti yen Natal duwe asal-usul Kafir, miturut buku Saksi-Saksi Yehuwa?Pawarta Karajan Allah, 1993, kaca 198-200.
Sanajan kapan dina natal iku isih dadi pasulayan, agama Kristen mainstream sepakat kanggo ngukuhake dina natal tiba saben tanggal 25 Dhesember sajeroning
kalendher Gregorius
iki didhasari marang kasadharan yen panetepan dina riyaya liturgis liya kaya dene
paskah
lan jemuwah agung ora diantuki mawa panyerakan tanggal pesthi nanging mung wujud panyelenggaraan maneh acara-acara mau sajeroning setaun liturgi, ing ngendi kang paling wigati dudu pase tanggale nanging esensi utawa inti saka saben pengetan mau kanggo diwujudake saka dina kadina.
Taun
kalendher
Masehi
diripta nalika abad kaping 6 dening sawijining biarawan kang jenenge Dionysius Exignus. Taun Masehi kang kita pigunakake saiki diarani uga
anno Domini
(Taun Gusti).
Dianysius Exignus bisa ngawruhi yen Gusti Yesus diwiyosake nalika taun 1 SM amarga panjenengane njupuk data saka cathetan sajarah kang nelakake yen nalika taun 754 kalendher Romawi iku taun kaping 15 saka paprentahan Kaisar Tiberius kaya dene kang katulis ing Lukas 3:1-2. Kajaba iku panjenengane uga njupuk data saka Lukas 2:1-2 kang nelakake yen Kirenius (Gubenur saka
Siria
) pisanan nganakake program
sensus
.
Sanajan mangkono isih uga wong kang ora percaya, sebab miturut sajarawan Yahudi kang jenenge Flavius Josephus, nata Herodes tilar donya nalika taun 4 sadurunge Masehi saengga konsekuensine tanggal miyos Yesus kudu dimundurake patang taun. Nanging teyori iki uga ora bener, sebab panjenengane nganalisa taun mau dhedhasar anane
grahana rembulan
taun nalika Herodes tilar donya kang dumadi ing
Yerusalem
tanggal
13 Maret
taun 4 sadurunge Masehi, nanging para elmuwan saiki wis mbuktekake yen grahana rembulan mau dumadi dudu ing tanggal mau nanging tanggal
9 Januari
taun 1 SM.
Ing dina riyadi Natal wiyosane Gusti Yesus ing
Bethlehem
, sawijining desa cilik sakiduling
Yerusalem
, di-engeti. Miturut
Injil
Prajanjian Anyar
, nalika iku Kaisar
Agustus
dhawuh ing kawulane kabeh ing praja Romawi supaya padha mulih ing desane dhewe-dhewe amarga kersa nganakake
sensus
. Banjur Santo
Yusup
lan Dewi
Maria
, wong tuwane Gusti Yesus tindak ing Bethlehem. Amarga ing kono ora ana panginepan, loro-lorone banjur sare ing sawijining kandhang kewan. Banjur Gusti Yesus diwiyosake ing kono.
Wiyosane Gusti Yesus ing jero Kitab Suci
[
besut
|
besut sumber
]
Carita wiyosane Gusti Yesus kaserat ing Injil kitab
Matius
(
1:18-25
) lan
Lukas
(
2:1-21
).
Ing sajeroning
Al-Qur'an
, kitab suci umat
Selam
, wiyosane Gusti Yesus utawa
Nabi Isa
uga kaserat ing Sura kaping 19,
Surat Maryam
.
Project Gutenberg