Wikipedia : Bab

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Sugeng rawuh wonten ing Wikipedia , bauwarna mardika ingkang saged dipun ewahi dening sinten kemawon.

Wikipedia punika sawijining bauwarna kanthi isi mardika ingkang kawiwitan ing warsa 2001 . Sedaya seratan wonten ing Wikipedia punika wujud gotong-royongipun para panyumbang saking saindhenging bawana. Situs punika kalebet situs wiki , ingkang nggadhahi suraos "sinten kemawon' saged ngewahi seratan, ndandani, saha nambahi katrangan kanthi ngeklik pranala sunting wonten ing sainggiling saben kaca.

Wikipedia punika merek dagang saking Wikimedia Foundation, Inc. ingkang ugi sampun ngreksa brayat Wikipedia, ing antawisipun Wikiquote , Wiktionary , Wikisource , Wikibooks dan Wikinews . Salebetipun Wikipedia lan proyek sanesipun, panjenengan kaanti-anti supados tumut nyunting, lan tumut nyumbang ngelmu ing babagan ingkang panjenengan remeni.

Wikipedia dipun wiwiti 15 Januari 2001 dening Jimmy Wales , Larry Sanger , lan sawetawis kolaborator ngangge basa Inggris . Sapunika wonten 73.431 artikel wonten ing basa Jawi .

Sedaya teks ing Wikipedia, lan saperangan ageng gambar sarta suraos bentenipun, dipun ayomi dening GFDL . Kontribusi taksih hak ingkang ndamel, sawetawis punika palilah GFDL saged mesthekaken isinipun bakal taksih saged kababar kanthi gratis lan saged dipun reproduksi (cobi ningali deklarasi hak cipta lan panyangkalan isi )

Proyek sanesipun

Wikipedia punika satunggiling ensiklopedhi bebas ingkang dipunopeni dening Yayasan Wikimedia tanpa bathi ingkang nglampahaken kathah proyek wiki multibasa :

Wiktionary
Bausastra Jawi
Wikibooks
Buku teks kaliyan manual bebas abasa Jawi
Wikidata
Basis data bebas
Commons
Berkas multimedhia bebas
Wikispecies
Prakawis spesies
Wikinews
Sumber warta bebas
Wikiquote
Kumpulan kutipan
Meta-Wiki
Ko'ordinasi proyek Wikimedia