Gim Olympiade

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gendera Gim Olympiade

Olympiade utawa olimpiade ( basa Prancis : les Jeux olympiques , JO tegese "kridha olimpiade") [1] , ya iku acara ulah raga internasional petang tahunan sing nandingake cabang-cabang ulah raga mangsa katiga lan mangsa rendeng lan dimeloni dening ewonan atlet sing padha saingan ing warna-warna tetandhingan ulah raga . Gim Olympiade ya iku kompetisi ulah raga gedhe dhewe lan kaloka ing donya, kanthi punjul 200 nagara sing padha meloni.

Awale, Olympiade mung lumaku ing Yunani kuna nganti wusanane ing taun 393 M Gim Olympiade kuna iki dimandekake dening Kaisar Romawi , Theodosius . Gim Olympiade salanjute diuripne maneh dening salah sijining bangsawan Prancis jenenge Pierre Fredy Baron de Coubertin ing taun 1896. Ing kongres taun 1894 sing diselenggarake ing Paris , digawe Komite Gim Olympiade Internasional (IOC) lan kutha krajan Yunani , Athena dipilih dadi tuan rumah Gim Olympiade modheren sing kapisan taun 1896. Salanjute, saka taun 1896 tekan saiki, saben petang taun pisan Gim Olympiade Mangsa Ketiga terus dienekane kajaba taun-taun ing jaman Perang Donya II . Edisi mirunggan kanggo ulah raga mangsa rendeng; Gim Olympiade Mangsa Rendeng, lekas dienekake ing taun 1924. Awale Gim Olympiade Mangsa Rendeng dienekake ing taun sing padha karo Gim Olympiade Mangsa Ketiga, nanging saka taun 1994 Gim Olympiade Mangsa Rendeng dienekake saben petang taun pisan, karo kaletan wektu rong taun saka Panitia Gim Olympiade Mangsa Ketiga [2] .

Evolusi sing digandrungi dening IOC sing suwene saka abad 20 tekan 21 wis ndadekake pirang-pirang ewah-ewahan ing panyelenggaran Gim Olympiade. Sak propirane kanggo njumbuhake dilakokake, kalebu uga panggawenan Gim Olympiade Mangsa Rendeng kanggo ulah raga es lan salju, Paralimpiade kanggo atlet sing nduwe cacat fisik lan Gim Olympiade Remaja kanggo para atlet rumaja. Ing perkembangane, Gim Olympiade wes ngadepi warna-warna tantangan, kayadene padha mboikot, migunakake obat -obatan, suap lan terorisme . Gim Olympiade uga dadi kesempatan gedhe kutha lan nagara tuan rumah kanggo ngenalake awake dhewe ing donya .

Ing Indonesia , Gim Olympiade sing kerep kaloka lan ajeg dimeloni ya iku Gim Olympiade Mangsa Panas. Indonesia dhewe sing kepisan meloni ya iku Gim Olympiade Helsinki 1952 ing Finlan , lan ora tau mbolos meloni Gim Olympiade ing taun-taun salanjute kajaba ing taun 1964 lan 1980. [2] .

Bandar tuan rumah Sukan Olimpik
Sukan Olimpik Musim Panas Sukan Olimpik Musim Sejuk
Tahun Olimpiad ke- Bandar Tuan Rumah Negara Bandar Tuan Rumah Negara
1896 I Athens (1) Yunani (1)
1900 II Paris (1) Perancis (1)
1904 III St. Louis, Missouri ( 1 ) (1) Amerika Syarikat (1)
1906 Intercalated Athens Yunani
1908 IV London (1) United Kingdom (1)
1912 V Stockholm (1) Sweden (1)
1916 VI ( 2 ) Berlin Empayar Jerman
1920 VII Antwerp (1) Belgium (1)
1924 VIII Paris (2) Perancis (2) I Chamonix (1)  Perancis (1)
1928 IX Amsterdam (1) Belanda (1) II St Moritz (1)  Switzerland (1)
1932 X Los Angeles, California(1) Amerika Syarikat (2) III Lake Placid, New York (1)  Amerika Syarikat (1)
1936 XI Berlin (1) Jerman (1) IV Garmisch-Partenkirchen (1)  Jerman (1)
1940 XII ( 3 ) Tokyo→Helsinki Jepun

Finland

V ( 2 ) Sapporo→St Moritz→Garmisch-Partenkirchen  Jepun

 Switzerland  Jerman

1944 XIII ( 3 ) London United Kingdom V ( 3 ) Cortina d'Ampezzo  Itali
1948 XIV London (2) United Kingdom (2) V St Moritz (2)  Switzerland (2)
1952 XV Helsinki (1) Finland (1) VI Oslo (1)  Norway (1)
1956 XVI Melbourne (1) +

Stockholm (2) ( 4 )

Australia (1) +

Sweden (2)

VII Cortina d'Ampezzo (1)  Itali (1)
1960 XVII Rome (1) Itali (1) VIII Squaw Valley, California (1)  Amerika Syarikat (2)
1964 XVIII Tokyo (1) Jepun (1) IX Innsbruck (1)  Austria (1)
1968 XIX Mexico City (1) Mexico (1) X Grenoble (1)  Perancis (2)
1972 XX Munich (1) Jerman Barat (2) XI Sapporo (1)  Jepun (1)
1976 XXI Montreal, Quebec (1) Kanada (1) XII Innsbruck (2)  Austria (2)
1980 XXII Moscow (1) Kesatuan Soviet (1) XIII Lake Placid, New York (2)  Amerika Syarikat (3)
1984 XXIII Los Angeles, California (2) Amerika Syarikat (3) XIV Sarajevo (1)  Yugoslavia (1)
1988 XXIV Seoul (1) Korea Selatan (1) XV Calgary, Alberta (1)  Kanada (1)
1992 XXV Barcelona (1) Sepanyol (1) XVI Albertville (1)  Perancis (3)
1994 XVII Lillehammer (1)  Norway (2)
1996 XXVI Atlanta, Georgia (1) Amerika Syarikat (4)
1998 XVIII Nagano (1)  Jepun (2)
2000 XXVII Sydney (1) Australia (2)
2002 XIX Salt Lake City, Utah (1)  Amerika Syarikat (4)
2004 XXVIII Athens (2) Yunani (2)
2006 XX Turin (Torino) (1)  Itali (2)
2008 XXIX Beijing (1) ( 5 ) China (1)
2010 XXI Vancouver, British Columbia (1)  Kanada (2)
2012 XXX London (3) United Kingdom (3)
2014 XXII Sochi (1) Rusia (1)
2016 XXXI Rio de Janeiro (1) Brazil (1)
2018 XXIII Pyeongchang (1) Korea Selatan (1)
2021 ( 6 ) XXXII Tokyo (2) Jepun (2)
2022 XXIV Beijing (2) China (2)

Gim Olympiade kuna [ besut | besut sumber ]

Stadion Gim Olympiade kuna ing Olympia, Yunani .

Wiwit ewonan taun kapungkur bangsa Yunani wes kenal ulah raga ing pangerten sing paling ringkes. Deweke nglakoni kanggo kepentingan wadyabala perang utawa kemiliteran . Kanthi ulah raga dikarepake para prajurit dadi tangkas dan sregep ing perang. Gim Olympiade sing paling dhisik kacrios wes diadani bangsa Yunani kuna ing taun 776 Sadurunge Masehi. Kegiyatan itu dimeloni kabeh bangsa Yunani lan nduwe kagunan kanggo ngurmati dewa sing paling dhuwur, Zeus . Zeus manggon ing Gunung Olimpus sing salanjute dadi jeneng Gim Olympiade nganti saiki. Gim Olympiade kuna uga diadani pendak petang taun , para ulah ragawan paling apik saka Yunani padha teka ing arena cedhak Gunung Olimpus. Para ulah ragawan padha tandhing siji siji, dudu gawa jeneng tim. Para atlet sing arep tandhing luwih dhisik latihan sing tenanan sing suwene sepuluh wulan ing laladane dewe-dewe. Jaman Mbiyen, ing Yunani kerep kedadean perang sadulur, nanging ing wektu pista ulah raga lumaku, wong sing padha ribut padha nglakoni gencatan senjata. Sapa wae sing nglanggar konsensus bakale diwenehi denda. Bangsa Sparta tau dipeksa mbayar denda amarga nglanggar gencatan senjata saksuwene Perang Peloponnesus . Ameh tetandhingan, panitia pelaksana mbeleh babi kurban. [3] [4]

Saiki, ing laladan Olympia, Yunani wes ana yasan cilik lan gelanggang ing alam terbuka. Sisa-sisa puing gelanggang latihan iku kagolong tilas arkeologis sing dilestarekake dening pamarentah Yunani. Ing pista Gim Olympiade kerep kedadean perjanjian perdamaian utawa persekuthuan antar bangsa. Kedadean uga pirang-pirang kegiyatan transaksi. Barang-barang sing didol ya iku anggur, panganan, jimat, lan barang-barang ngibadah. Gim Olympiade kuna nandhingake cabang-cabang atletik misale lumayu, mencolot, lan mbalang. Ana uga pacuan jaran lan pacuan kereta. Amarga aturane durung tetep, para penonton kerep kena bandeman watu utawa ditabrak kereta jaran para peserta. [5] [6] [7]

Maceme tetandhingan ing Gim Olympiade kuna bisa diarani sarwa atos. Para atlet lumayu padha lumayu sak kenceng-kencenge tanpa nganggo lambaran sikil. Para panunggang jaran padha lomba entek-entekan tanpa pelana utawa sanggurdi. Para atlet sing mencolot gawa pemberat sing diayunke kanggo nambah surungan maju. Ulah raga sing paling abot ya iku pankration , ulah raga nggabungake gulat lan tinju gaya tradhisional. [8] Para atlet oleh nyepak utawa nekak lawane, sing ora dientukake ya iku mencet mata, nyokot, lan nyeklekake driji. Fairplay bener-bener digatekake para atlet. salah sijining artefak purba ngetokake adegan tinju antarane rong atlet. Sing menang tinju ya iku pihak sing bisa ngampleng sirah lawane. Pihak sing kalah kudu ngacungake driji tanda ngaku kalah. [9]

Gim Olympiade kuna mung entuk ditonton lan dimeloni para priya. Amarga para atlet kudu tandhing nganggo awak ora nganggo busana, kajaba kanggo kesempatan mirunggan, kaya lomba kereta jaran. Deweke nanggo busana maneko warna kanggo nudhuhake status sosial sing nduwe kereta lan jaran . Kanggo wong Yunani ora nganggo busana dadi cara paling pas kanggo ulah raga . Deweke bungah manawa duweni awak sing atletis. [10] Sing menang tetandhingan entuk makutha godong, kaya godong zaitun alasan sing ngganteni medhali. Kadang-kadang sing juara diarak lumebu kutha lumantar siji bolongan/trowongan sing digawe mirunggan ing tembok kutha . Deweke dielu-elu ing dalan kutha lan disambut kanthi wacanan gurit . [11] Bebungah liyane kanggo ulah ragawan sing berprestasi wujud bebas saka pajeg lan entuk mangan gratis. Salah sijining kutha uga diwenehi bonus duit sing cacahe gedhe. Malah ing kutha sing dinggo panggon pemenang digawekake patung sing deweke. Akeh patung watu lan perunggu isih sisa tekan saiki lan iku dadi bebungah sing paling langgeng duwene sing juara. Salah siji perangan cabang atletik sing isih tetep kaloka tekan saiki ya iku maraton , ya iku perlombaan lumayu sing adohe kira-kira 42 km. [12]

Gim Olympiade tekan nduwurane ing abad kaping 6 lan kaping 5 SM, nanging sabanjure kanthi alon-alon ngalami kunduran bebarengan kalahe Yunani karo Romawi . ora ana konsensus sing nyatakne kanthi resmi babagan rampunge Gim Olympiade, nanging teyori sing paling umum dicekel saiki ya iku ing taun 393 M, pas Kaisar Romawi , Theodosius nyatakne manawa kabeh budaya praktek-praktek kuna Yunani kudu diilangi. [13] Sabanjure, ing taun 426 M, Theodosius II mrintahake ngrusak kabeh kuil Yunani. Sawise kui, Gim Olympiade ora dienekake maneh tekan pungkasan abad 19. [14]

Gim Olympiade modheren [ besut | besut sumber ]

Pelopor [ besut | besut sumber ]

Dr. William Penny Brookes.

Tetandhingan kapisan sing pelaksanaane padha karo Gim Olympiade kuna ya iku L'Olympiade de la Republique , salah sijining festival ulah raga nasional sing dienekake ing taun 1796 tekan 1798 saksuwene mangsa Revolusi Prancis . [15] Ing pelaksanane, kegiyatan iki ngadopsi saperangan aturan-aturan sing lumaku ing Gim Olympiade kuna. Kegiyatan iki uga nandani ditrepake sistem metrik ing cabang-cabang ulah raga. [15]

Ing taun 1850 siji Kelas Gim Olympiade diadekake dening Dr. William Penny Brookes ing Much Wenlock , Shropshire , Inggris . Sabanjure, ing taun 1859, Dr. Brookes ngganti jeneng Kelas Gim Olympiade dadi Gim Olympiade Wenlock. Kegiyatan mau tetep dienekake tekan dina iki. [16] Tanggal 15 November 1860, Dr. Brookes membentuk Perkumpulan Gim Olympiade Wenlock. [17] :28 .

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. "French and English are the official languages for the Olympic Games." Diakses 7 Juli 2012
  2. a b SITUS RESMI KOMITE OLIMPIADE INDONESIA Diakses 19 Juli 2012
  3. Swaddling, Judith (2000). The Ancient Olympic Games (edhisi ka-2). Austin: University of Texas Press. kc. 54. ISBN   0-292-70373-2 . OCLC   10759486 . {{ cite book }} : Cite has empty unknown parameter: |1= ( pitulung ) diakses 23 Juli 2012
  4. Young (2004), hal. 12
  5. Pausanias, "Elis 1", VII, hal. 7, 9, 10 ; Pindar, "Olympian 10", hal. 24?77
  6. Richardson (1997), hal. 227
  7. Young (2004), hal. 12?13
  8. "Olympic Games" (registration required) . Encyclopædia Britannica . Dibukak ing 29 April 2009 .
  9. Spivey (2004), hal. 229?230
  10. Burkert (1983), hal. 95
  11. Swadling (1999), hal. 90?93
  12. Olympic Museum, "The Olympic Games in Antiquity", hal. 2
  13. However, Theodosius' decree contains no specific reference to Olympia (Crowther (2007), hal. 54).
  14. Crowther (2007), hal. 54
  15. a b "Histoire et evolution des Jeux olympiques" . Potentiel . 2005 . Dibukak ing 31 Januari 2009 .
  16. Young (2004), hal. 144
  17. Young (1996)