Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kaisar Romawi
inggih punika pangreh
Romawi
sadangunipun periode
kakaisaran
(dipunwiwiti udakara
27 SM
). Bangsa Romawi boten gadhah satunggal istilah tartamtu kangge kalungguhan punika: gelar
latin
kados
imperator
,
augustus
,
caesar
(asal kata
kaisar
salebeting
Basa Indonesia
), lan
princeps
saged dipungayutaken dhateng kalungguhan punika. Salebeting praktekipun, kaisar inggih punika panguwaos ingkang inggil wonten Romawi lan panglima ingkang inggil
legiun
Romawi.
Minangka pamangku kalungguhan
princeps Senatus
, kaisar saged bikak lan nutup saben wekdal
senat
, nyusun agenda senat, damel aturan kangge dipunturuti dening senat, lan kepanggih kaliyan
duta besar
asing minangka sesulih senat. Njabat minangka
pontifex maximus
damel kaisar dados pemimpin paling inggil keagamaan, paring piyambakipun wewenang kangge mandhegani sadaya upacara keagamaan, ngresikake kuil, ngatur surya Romawi (nambahake utawi busak dinten manawi dipunbetahaken), milih
perawan vesta
lan
flamine
, mandhegani
Collegium Pontificum
(perkumpulan pendeta), lan meringkas dogma agama Romawi.