Basa Cina

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Cithakan:Infobox Language/IPA notice
Basa Cina
??/漢語;中文
Dituturake ing Cina , Taiwan , Singapura , Indonesia , Filipina , Malaysia , lan komunitas Cina liyane ing donya
Wilayah --
Gunggung panutur 1,2 miliar
Ranking 1 (yen dianggep siji basa)
Rumpun basa Sino-Tibet

  Basa Tionghoa

Status resmi
Basa resmi ing Cina , Taiwan , Singapura
Regulated by ing Cina: berbagai badan (dalam basa Tionghoa)
di Taiwan: Mandarin Promotion Council
Kodhe basa
ISO 639-1 zh
ISO 639-2 chi (B) / zho (T) Cithakan:Infobox Language/SIL14
ISO 639-3 ?
Wangun karakter cithak kuna saka zhongwen ???????? ? ????????

Basa Cina (Aksara Jawa: ????? )(??/漢語, ??/華語, atau 中文; pinyin : hany?, huay?, utawa zh?ngwen) iku peranganing basawangsa Sino Tibet . Sanadyan akeh wong Cina nganggep maneka varian basa Cina lesan minangka siji basa , variasi sajeroning basa-basa lesan mau sabandhing karo variasi-variasi sing ana sajeroning umpamane basawangsa Rum ; basa katulise uga wis owah wangune sairing karo lumakuning wektu, sanadyan luwih alon dibandhingake karo wangun lisane. Mula saka iku, bisa ngluwihi variasi-variasi sing ana sajeroning wangun lisane.

Saperangan basa-basa Cina kang ana kaya ta basa Mandharin, basa Kwongtung, basa Ngu (Syanghay), basa Hagkah utawa basa Kek (Ind: Hakka), basa Tyocyu (Ind: Tiociu), lan basa Hogkyen. Basa-basa mau amarga ana sing cedhak siji lan sijine kamangka bisa rada ameh padha sithik-sithik cara omonge lan bisa padha-padha dimangreteni. Ananging, manawa adoh kaya ta basa Hogkyen lan basa Mandharin kamangka cara omonge wis beda adoh. Dadi ora bisa padha-padha dimangreteni siji lan sijine kajaba yen wis sinau kanggo mangreteni owahing swara lan owahing teges tembung utawa pamilihing tembung.

Watara 1/5 sing andunungi donya migunakake salah siji wangun basa Cina minangka panutur asli, mula yen dianggep siji basa, basa Cina minangka basa kanthi gunggung panutur asli paling akeh ing donya. Basa Cina (dituturake sajeroning wangun standare, Mandharin ) iku nagarabasaning Cina lan Taywan , salah siji saka papat nagarabasaning Singgapur , lan salah siji saka enem basa resmi PBB .

Uga delengen [ besut | besut sumber ]

Rujukan [ besut | besut sumber ]

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]