Basa Jepang

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Cithakan:Infobox Language/IPA notice
Basa Jepang
日本語 [Nihongo]
Dituturake ing Jepang , Guam , Kapuloan Marshall , Palau , Taiwan
Wilayah Asia Timur, Oseania
Gunggung panutur 127 juta
Ranking 8
Rumpun basa Ora diklasifikasi

  Jepanik
   Jepang

Status resmi
Basa resmi ing Jepang ( de facto ), Angaur ( Palau )
Regulated by Pamarentah Jepang
Kodhe basa
ISO 639-1 ja
ISO 639-2 jpn Cithakan:Infobox Language/SIL14
ISO 639-3 ?

Basa Nippon (basa Jepang) (Aksara Jawa: ??????????? ? ?????? ) Ngenani wuni iki  rungokna   (日本語; romaji : Nihongo ) iku nagarabasa ing Nippon lan cacahing panyatur 127 yuta wong.

Basa Nippon uga dipigunakake dening sawatara sing ndunungi nagara sing tau ditelukake kaya Korya lan Republik Cina . Basa iki uga bisa dirungokake ing Amerika Sarekat ( Keliforn'yah lan Haway ) lan Brasil lantaran pindhahing wong Jepang mrana. Nanging, tedhak turuning wong Jepang sing diarani nisei (二世, angkatan kaloro), wis ora wasis basa mau.

Basa Jepang kaperang rong wangun ya iku Hyoujungo (標準語), carabasa baku, lan Kyoutsugo (共通語), carabasa lumrah. Hyoujungo iku wangun sing diajarake ing sekolah lan dipigunakake ing telepisi lan kabeh kaanan resmi.

Aksara Swara [ besut | besut sumber ]

Basa Nippon duwe limang aksara swara ya iku /a/, /i/, /?/, /e/, dan /o/.

Carawaca swara basa Jepang iku kaya mangkene

  • /a/ yaiku swara a miring kaya ''mlum a h''
  • /i/ yaiku swara i jejeg kaya " i ku"
  • /?/ yaiku swara u ameh padha u jejeg kaya ''mlak u "
  • /e/ yaiku swara e jejeg kaya "gul e ''
  • /o/ yaiku swara o jejeg kaya " o mah"

Tulisan basa Nippon [ besut | besut sumber ]

Tulisan basa Nippon asale saka tulisan basa Cina (漢字/kanji) sing diwanuhake ing abad kaping papat Masehi. Sadurunge iku, wong Jepang ora duwe tatalaku (Ind: sistem) tulisan dhewe.

Tulisan Jepang kaperang telu:

Kaloro aksara pungkasan iku lumrah ingaran kanah lan kalorone kena prabawa swarajati basa Sangsekreta . Prabawa iki isih bisa dideleng sajeroning urutaning aksara Kanah. Saliyane iku, ana uga sistem alihaksara sing ingaran romaji .

Basa Nippon sing kita wanuhi saiki iki, ditulis nganggo campuran aksara Kanji, Hiraganah, lan Katakanah. Kanji dianggo kanggo nyatakake teges dhasar saka tembung (wujud tembung aran, tembung kriya, tembung kahanan, utawa tembung sandhangan). Hiraganah ditulis sawise kanji kanggo ngowahi teges dhasar saka tembung mau, lan ngetrapake karo paugeran paramasastra basa Nippon.

Kanah [ besut | besut sumber ]

Aksara Hiraganah lan Katakanah (kanah) duwe urutan kaya ing ngisor iki, nduwe 46 set aksara. Kalorone (Hiraganah lan Katakanah) ora duwe teges apa-apa saka awake dhewe kaya dene aksara sajeroning Basa Indonesia lan namung nglambangake sawijining uni katamtu. Sanadyan, ana uga tembung-tembung sajeroning basa Nippon sing dumadi saka sawanda kaya ta: 目 me (mata), 木 ki (wit), 二 ni (loro), lsb. Aksara iki diajarake ing tataran durung wiyata (TK) ing Nippon.

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]

Wiktionary
Wiktionary
Pirsani informasi ngenani Basa Jepang ing KamusWiki .
Wikibooks
Wikibooks