Korea

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Korea (Aksara Jawa: ????? ) iku sawijining nagara kang biyene manunggal kang ana ing Ujung Korea ing Asia Wetan (ing antarane Tiongkok lan Jepang ). Nagara iki kapisah dadi rong nagara ? Republik Korea ( Korea Kidul ) lan Republik Rakyat Demokratik Korea ( Korea Lor ) sawise Perang Donya II nalika taun 1945 .

Korea Kidul banjur ngrembaka dadi nagara demokratis sauntara Korea Lor mawa haluan kuminis . Gendera Panunggalan Korea asring dipigunakake kanggo mrepresentasikake Korea nalika ajang ulah raga internasional, nanging gendera mau dudu wujud gendera resmi kaloro nagara.

Amarga jaman dinasti-dinasti sajarah wis rampung, istilah Korea saiki didhefinisikake dhedhasar gabungan 2 entitas kang kaperang dening Garis Demarkasi Militer pararel 38, ya iku Korea Lor lan Korea Kidul . Ujung Korea ing sisih lor diwatesi dening RRT lan Ruslan ing sisih lor-wetan, sarta Jepang ing sisih kidul-wetan kang dipisahake karo selat Korea .

Geleri [ besut | besut sumber ]

Pirsani uga [ besut | besut sumber ]

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]