Toulouse

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Salib Occitan, simbol Toulouse lan budaya Occitan laine

Toulouse (Tolosa ing basa Occitan ) iku kutha ing kidul-kulon Prancis dumunung ing gisiking Kali Garonne , ana ing satengah dalan antara Samodra Atlantik lan Sagara Mediterania . Amarga populasi cacahe 1,05 yuta jiwa ing taun 2004, laladan metropolitan Toulouse minangka kutha gedhe dhewe kapindho ing Prancis kidul minangka salah siji sing tuwuh paling rikat ing Eropa . Toulouse minangka basis indhustri pamaburan ing Eropa dadi papan markas Airbus . Toulouse iku mantan kutha krajan provinsi Languedoc (sistem provinsi dibusak sesuwene Revolusi Prancis ). Saiki minangka kutha krajan laladan (region) Midi-Pyrenees , region gedhe dhewe ing Prancis nanging mung setengah ukuran provinsi sing mbiyen Languedoc . Saliyane iku, Toulouse uga deadi prefecture (kutha krajan) departement Haute-Garonne . Kutha iki uga dadi papan Academie des Jeux Floraux , sing sajajar karo Akademi Prancis kanggo laladan pertuturan Occitan ing[Prancis kidul, agawe Tolouse dadi kutha krajan ora resmi kanggo kabudayan Occitan . Salib tradhisional Occitan diadhopsi dadi simbol kutha Toulouse lan laladan Midi-Pyrenees . Toulouse duwe kutha kembar ya iku: Atlanta ( Amerika Sarekat ), Chongqing ( Republik Rakyat Cina ), Tel Aviv ( Israel ), Kiev ( Ukraina ), Bologna ( Italia ), lan Elche ( Spanyol ).

Populasi
Laladan Parkuthakan Laladan Metropolitan
1801 50.171
1851 95.277
1872 126.936
1911 149.000
1936 213.220
1946 264.411
1954 268.865
1962 329.044
1968 439.764 474.000
1975 509.939 585.000
1982 541.271 645.000
1990 650.336 797.373
1999 761.090 964.797

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]

Cithakan:Prefecture saka departement ing Prancis Cithakan:Prefecture saka region ing Prancis Cithakan:Komune ing Haute-Garonne