Itali

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Italia )
Repubblica Italiana
Gendéraning Italia
Gendera
Aditamènging Italia
Aditameng
Motto:  "L'Italia e una Repubblica democratica, fondata sul lavoro" ? "Italia iku republik sing dhemokratis, dibangun ing dhuwure kasil karyane"
Gunagita:   Il Canto degli Italiani
Dunungpenering Italia
Kuthagara
lan Kutha paling gedhe
Roma
Jawatbasa Italia 1
Paprentahan Republik
Sergio Mattarella
Mario Draghi
Kamanunggalan
? Banyu (%)
2,4%
Population
? Pikira-kira 2017
60.507.590 ( 23 )
? Cacahjiwa -
-
GKK   ( ITK ) Pikira-kira 2005
? Gunggung
US$1.620 milyar ( 8 )
? Saben wong
US$27.984 ( 20 )
Artacihna Euro 2 ( EUR )
Laladan wektu UTC +1
? Mangsa ketiga ( AKK )
UTC +2
Kodhe bel 39
TLD internet .it
1. Basa Prancis uga minangka basa resmi ing Valle d'Aosta ; basa Jerman uga minangka basa resmi ing Trentino-Alto Adige . 2. Valuta sadurunge 1999 iku Lira .

Itali resmine Republik Itali ( basa Italia : Repubblica Italiana ) iku nagara ing Bawana Eropa lan pulo gedhe loro ing Sagara Tengah , yaiku Sisili lan Sardinia . Kang ndunungi cacahe kira-kira ana wong 60 yuta. Kutha krajane iku Roma . Itali wewatesan ing sisih lor karo Pagunungan Alpen , sarta duwe tapel wates karo nagara-nagara Prancis , Switserlan , Ostenrik , lan Slovenia . Nagara mardhika San Marino lan Kutha Vatikan iku minangka enclave ing sajeroning Ujung Italia, dene Campione d'Italia minangka siji exclave Itali ing nagara Switserlan.

Itali dadi papan tumrap maneka kabudayan Eropa , kaya dene kabudayan Etruska lan Rum, lan uga panggonan lairing obahan Renaissance , kang diwiwiti ing Toscano lan sumebar ing saindenging Eropa. Kutha krajan Itali aran Rum tau dadi punjering kabudayan Kulonan lan punjering Greja Katulik .

Dina iki, Itali minangka nagara republik dhemokratik, lan nagara maju mawa GDP urut 7 ing sadonya, urut 8 ing Indheks Mutu Urip, [1] lan urut 20 ing sadonya bab Indheks Yasaning Manungsa . Itali uga minangka salah siji pangadeg Uni Eropa (kang nandha tangani prajanjen Treaty of Rome ing taun 1957 ), lan uga minangka warganing nagara G8, Paheman Eropa, Uni Eropa Kulon, lan Inisiatif Eropa Tengah. Wiwit tanggal 1 Januari 2007 , Itali dadi warganing Paheman Kamanan PBB kang ora panggah.

Laladan [ besut | besut sumber ]

Itali diperang dadi 20 laladan (akeh: regioni , tunggal: regione ); lima ing antarane ndarbeni setatus otonomi mirunggan, tinengeran*:

Kabeh laladan, saliyane Valle d'Aosta, diperang maneh dadi provinsi cacah loro utawa luwih.

Kutha gedhe [ besut | besut sumber ]

Roma .

Kutha-kutha ing Itali mawa cacah kang ndunungi 300,000 jiwa utawa luwih (data ISTAT, Dhesember 2006 ):

Pos. Common Region Prov. Kang ndunungi
1 Roma Lazio RM 2,705,603
2 Milan Lombardia MI 1,303,437
3 Napoli Campania NA 1,005,139
4 Turin Piemonte TO 975,139
5 Palermo Sisilia PA 666,552
6 Genoa Liguria GE 615,686
7 Bologna Emilia-Romagna BO 373,026
8 Firenze Toscana FI 365,966
9 Bari Apulia BA 325,052
10 Catania Sisilia CT 301,564
Milan .

Laladan metropilis [ besut | besut sumber ]

Miturut OECD [2] , laladan metropilis baku ing Itali ana:

Laladan metropolis Kang ndunungi
Milan 7.4 yuta
Roma 3.8 yuta
Napoli 3.1 yuta
Turin 2.4 yuta

Referensi [ besut | besut sumber ]

  1. Surve Kualitas Urip , The Economist
  2. "OECD" (PDF) . Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2007-06-14 . Dibukak ing 2008-01-03 .

Uga delengen [ besut | besut sumber ]

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]

Cithakan:Uni Eropa