Michelangelo

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Michelangelo
Potret Michelangelo karya Jacopino del Conte (sasampunipun taun 1535) nalika yuswa of 60
Lair caket Arezzo , Caprese , Toscana
Bangsa Itali
Wiyata Magang kangge Domenico Ghirlandaio [1]
Kondhang ing patung, lukisan, arsitektur, lan puisi
Karya kondhang David , The Creation of Adam , Pieta
Obahan High Renaissance

Michaelangelo Buonarroti utawa jeneng pepake ing basa Italia Michelangelo di Lodovico Buonarroti Simoni (ing basa Spanyol diarani Miguel Angel ; ing basa Prancis diarani Michel-Ange , kang kurang luwih ateges Malaekat Mikail ) ( 6 Maret , 1475 - 18 Februari , 1564 ) iku sawijining pelukis, pamahat, pujangga, lan arsitek jaman Renaissance .

Panjenengane misuwur ing sumbangan studi anatomi ing Seni Rupa. Karyane kang dianggep paling apik ya iku Patung David, Pieta, lan Fresko ing langit-langit Sistine's Chapel.

Riwayat urip [ besut | besut sumber ]

Lair caket Arezzo , ing Caprese , Toscana , Italia taun 1475 . Ramane Lodovico di Leonardo di Buonarotti di Simoni iku sawijining pegawe hukum ing Caprese. Ibune Francesca di Neri del Miniato di Siena. Kulawargane duwe status kabangsawanan asor.

Prabawa kulawarga Medici wiwit pasinaon [ besut | besut sumber ]

Ramane pengin supaya Michaelangelo konsentrasi marang profesi kang dianggep luwih mapan, nanging Michaelangelo seneng seni rupa. Piyambake banjur dibina dening Domenico Ghirlandaio (nanging kanthi sawijining sebab Michaelangelo nolak prakara iki) lan Bertoldo di Giovanni. Ghirlandaio banjur ngrekomendhasiake marang Lorenzo de Medici . piyambake banjur gawe saperangan karya kang cukup ngeramake (kanggo umure kang isih welasan taun), nanging durung bisa gawe jenenge dadi luwih misuwur, ing antarane:

  • Madonna de la Salsa (1490-1492)
  • Battle of the Centaurs (1491-1492)

Ciri perfeksionisme Michaelangelo wiwit tuwuh kawit kritik-kritik kang dillontarake Lorenzo de Medici.

Revolusi Savonarola [ besut | besut sumber ]

Sawise Lorenzo de Medici seda, panggantine, Piero de Medici dudu wong kang disenengi dening Michaelangelo. Panjenengane banjur metu saka binaan kulawarga Medici lan nerusake karya-karyane dhewe. Kapamimpinane Piero de Medici kang lemah marakake kutha Firenze dikepung pihak Republikan, lan kulawarga Medici kausir saka kutha Firenze.

Ing wektu iki, Michaelangelo nggawe saperangan karya, antarane:

  • Wooden crucifix (1493) kanggo greja Santa Maria del Santo Spirito
  • Patung studi Hercules saka marmer

Runtuhe kakuwasaan kulawarga Medici menehi celah marang ajaran pandhita Savonarola kang nentang baline unsur seni klasikisme nuju njeron Greja. Seni Klasik dianggep ngandhut akeh dhemoralisme, ing antarane akehe unsur erotisme lan gayisme (kabeneran modhel-modhel karya seni kang akeh ana ing greja iku lanang).

Perkara iki marakake Michaelangelo ngupaya metu saka prabawa Firenze, lan ngupaya nerusake profesine ing Venice, banjur Bologna. Nanging ing rong kutha iki, ora ana siji wae kang ngenal misuwure jeneng Michaelangelo.

Panjenengane banjur melu tumindak apus goroh patung "The Lost Cupid" kang banjur dituku dening pihak Greja. Sanajan banjur konangan, pangudine iki oleh apresiasi saka Kardinal Raffaele Riario. Michaelangelo banjur oleh kapercayan kanggo gawe patung Bacchus. Nanging patung iki banjur diakoni Michaelangelo minangka pesenan Jacopo Galli.

Bali menyang Firenze [ besut | besut sumber ]

Patung Pieta
Patung David

Ing wulan November 1497, duta besar Prancis njaluk marang Michaelangelo supaya gawe Pieta , patung Ibu Maria kang nangisi patine Yesus. Karya iki dadi pelopor jeneng pamatung ditulis langsung ing karya kang digawe.

Saiki, karya-karya Michaelangelo wiwit oleh apresiasi kang becik. Lan ing taun 1504, piyambake wiwit ngerjakke karyane kang paling misuwur, David kang banjur dipajang ing Piazza della Signoria. Karya iki dimaksudake minangka simbol kakuwatan Republik marang ancaman saka faksi-faksi kang tetentangan ing tlatah Romawi. Karya iki uga dadi wiwitan pasulayane marang Leonardo da Vinci kang nyaranake supaya karya mau ing papan kang ora nyolok banget.

Ing sangisore prabawa Papacy [ besut | besut sumber ]

Minangka pangakuan marang kaahlianne, Michaelangelo didhawuhi nuju Roma ing taun 1503 kanggo ngrampungake pasarean Paus sadurunge. Nanging proyek iki ora rampung amarga panjenengane ditugasake gawe Fresko ing tembok Sistine's Chapel .

Perkara iki dadi tantangan gedhe kanggo Michaelangelo, amarga sanajan nate nyinaoni panggawean Fresko ing mangsa Domenico Ghirlandaio, nanging kanthi kaahlian panjenengane babar pisan dudu pelukis.

Fresko iki digawe ing periode 1508-1512 kanthi siji perangan pungkasan ing pojok kapel kang durung dirampungake nganti mangsa Paus Paul III diwiwiti.

Kakuwasaan Papacy ing Firenze [ besut | besut sumber ]

Ing taun 1513, prabawa Papacy ing Firenze mundhak kanthi munggahe salah siji anggota kulawarga Medici, Paus Leo X. Panjenengane ditugasake kanggo ngerjakake Facade Basilicia of San Lorenzo kanthi opah kang banget nengsemake. Nanging kauangan kulawarga Medici kang ambruk banjur marakake karya iki kaya setengah dadi. Salah siji perangan kang misuwur saka karya iki ya iku patung Moses .

Prabawa Papacy pungkasane runtuh ing taun 1527 lan kulawarga Medici bangkrut, banjur samburine bali menyang kakuwasaan Republik. Michaelangelo banjur melu ing pangrancangan pangreksan kutha Florence saka kepungan kanthi gawe dhesain benteng.

Nanging upaya iki marakake dheknene dianggep pengkhianat kulawarga Medici saengga ing taun 1530 , panjenengane ninggal Florence sawise kakuwasaan Medici bali.

Pungkasaning riwayat urip [ besut | besut sumber ]

Michaelangelo oleh kapercayan maneh kanggo ngrampungake perangan pungkasan saka Fresko Sistine's Chapel, ya iku Last Judgement . Karya iki banjur nimbulake kontroversi amarga pangeksposan kawudonan.

Karya iki didandani dening asistenne Daniele da Volterra kanthi nambah lukisan kain panutup ing perangan kang dianggep wigati.

Michaelangelo seda tanggal 18 Februari 1564 ing yuswa 88 taun. Panjenengane nate gawe parodi Pieta, kanthi ngganti Ibu Maria kanthi sosok kang dikira iku dheknene dhewe.

Kapribaden [ besut | besut sumber ]

Asringe karya Michaelangelo nampilake objek nudity awake wong lanang marakake panjenengane dikira ngalami kalainan homoseksualitas . Saliyane iku, ing mangsa Medici homoseksualitas pancen dadi budaya kang lazim dadi sanajan tetep dianggep amoral. Panjenengane uga nate kalibat percintaan marang salah sawijining bangsawan lanang.

Nanging tetep ana cathetan ngenani kacaketane kaliyan Vittoria Colonna, salah siji modhel pasinaone. Nanging sesambungan iki dinilai mung sawates kanca cerak amarga Vittoria Colonna iku salah siji saka sithik wanita ing mangsa Renaissance kang duwe wawasan dhuwur ing babagan sains.

Sifat perfeksionis katon ing akeh karya Michaelangelo, salah sawijine patung Faun kang dikritik dening Lorenzo de Medici. Michaelangelo lila ngremuk untu-untu Faun mau kanggo nuruti pepenginan Lorenzo de Medici kanggo gawe patung iku supaya katon tuwa.

Salah siji kasalahan cilik kang nate dilakokake sawise iku ya iku Patung Bacchus . Patung iki dirancang kanthi ora nggatekake anane kamungelan cacat ing bahan baku. Akibate, rai utawa pasuryan patung iki katon retak lan katon ireng.

Kasalahan iki dibayar Michaelangelo nalika panggawean David. Kabeh perangan paling cilik saka marmer kang dicepakake ing panggawean patung iki dipetung satliti-tlitine. Perkara iki marakake karyane diurmati amarga katlitene kang mangkono iku angel disaingi dening pamatung liya.

Nanging pribadi Michaelangelo ora sasuci karyane kang akeh dipajang ing altar greja. Saliyane isu homoseksualitas, tumindake mbongkar awak mayit marakake panjenengane kudu ngadhepi akeh pamriksan. Karya-karyane uga akeh kang kapiran mung amarga masalah dhuwit. Lan saiki, autobiografine dikira akeh dimanipulasi kanggo ngangkat jenenge dhewe. Panjenengane uga kalibat rivalitas ora sehat karo Leonardo da Vinci.

Sumbangan marang Renaisans [ besut | besut sumber ]

The Last Judgment karya Michelangelo

Karya Michaelangelo mbukak mripat seniman ing jaman iki ngenani wigatine studi kang becik bab anatomi. Ing wektu iku diwiwiti panliten langsung organ awak lan piranti obah saka mayit.

Karya-karyane akeh dadi inspirasi karya seni ing mangsa Renaisans . Saliyane iku karya arsiterture bisa didelok ing akeh yasan ing Firenze.

Karya-Karyane ya iku:

  • Madonna and Child with the Infant St. John (Taddei Tondo)
  • Il Putto Dormiente
  • Madonna de La Scalsa
  • Battle of Centaurs
  • Wooden crucifix
  • Bacchus
  • Pieta
  • Patung Studi Hercules
  • Fresko ing Langit-Langit Sistine Chapel
  • Patung studi saka saperangan budak
  • Fresko Last Judgement ing tembok altar Sistine Chapel.
  • Moses
  • Arsitektur Basilicia of San Lorenzo
  • Patung-patung ing pasarean Basilicia of San Lorenzo
  • Arsitektur Palazzo Farnese
  • Dhesain arsitektur Basilica St Peter

Pirsanana uga [ besut | besut sumber ]

Referensi [ besut | besut sumber ]

  1. "Web Gallery of Art, image collection, virtual museum, searchable database of European fine arts (1100?1850)" . www.wga.hu . Dibukak ing 13 June 2008 .

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]