Republik Rakyat Cina

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Koordhinat : 35°N 103°E  /  35°N 103°E  / 35; 103

中?人民共和?
Zh?nghua Renmin Gongheguo

Sesanti : Ora ana
peta_China.png
Basa resmi Mandarin , Kanton , Inggris , Portugis
Kutha krajan Beijing (台北)
Kutha gedhe dhewe Shanghai (上海)
Padunung 1,3 milyar jiwa
Jembar 9.598.086 km 2
Presidhen Xi Jinping (?近平)
Mahamantri Li Qiang
Valuta Renminbi
(人民?)
Zona wektu UTC +8
Lagu kabangsan ?勇??行曲 Yiy?ngj?n Jinxingq? ("Barisan Para Sukarelawan")
TLD .cn
Kodhe nagara +86

Republik Rakyat Cina uga kerep dicekak dadi RRC utawa Cina Dharatan wae iku nagara ing Asia Wetan kang resmine isih nagara kuminis . Nagara iki kang ndunungi kang akeh dhewe sadonya. Cacahe gunggunge kurang luwih ana 1.321.851.888 jiwa. Yen miturut ambane wewengkon, nagara iki nagara kaping papat sadonya mawa jembare ana 9.598.086 km 2 (jembar iki tanpa Taywan lan sawatara tlatah pasulayan liyane). Kuthagara (Ind: ibukota) RRC iku Peycing (pinyin: Beijing), nanging kutha kang gedhe dhewe iku Syanghay . Saliyane Cina Dharatan dhewe, nagara iki uga ndarbeni kadaulatan sadhuwuring apa kang diarani "Tlatah Administratif Mligi" Hong Kong lan Makaw . Banjur wewengkon Tibet uga dikuwasani minangka de facto sanadyan ora diakoni sawatara pihak. Saliyane maneh Republik Cina utawa Taywan kang dianggep sawijining propinsi kang mbalela uga didaku nanging ora dikuwasani minangka de facto .

Nagarabasa ing RRC iku basa Mandharin. Nanging ing sawatara tlatah uga ana basa laladan liyane kang dumadi basa resmi, yaiku basa Kwangtung ing Hong Kong lan Makaw saha basa Inggris ing Hong Kong lan basa Portugis ing Makaw .

Uga delengen [ besut | besut sumber ]

Pranala jaba [ besut | besut sumber ]