Sydney Opera House

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sana Warisan Donya UNESCO
Sydney Opera House
Janeng ing Pratelan Warisan Donya
Jinis Cultural
Rujukan Kaca web situs warisan dunya saka UNESCO 166
Tlatah UNESCO Asia-Pasifik
Sujarah prasasti
Prasasti 2007 ( Sesi 31st)

Sydney Opera House [1] ya iku iku salah sawijine panggon wisata ing kutha Sydney , Australia . Papan iki uga ing Bennelong Point , Sydney . Opera House iku ana ing sisih lor Sydney Harbour cedhak Sydney Harbour Bridge. [2] [3] Gedung iki uga salah sijine yasan kang unik lan megah. [2] Wangunan iki diresmekake nalika taun 1973 lan diwenehi penghargaan dening UNESCO minangka World Heritage ing taun 2007 . [2] Gedung opera iki dirancang dening arsitek Dhenemarken , Jorn Utzon , lan dibuka ing taun 1973 dening Ratu Elizabeth II . [4] [5] .Payone kaya kapal kang ana layar terkembange lan ditutup nganggo keramik putih kang cacahe akeh. [5] Gedung Opera Sydney dikenal minangka salah salah siji panggonan kang misuwur ngenani konser musik klasik lan teater drama kelas donya . [6] Wangunan iki duwe 5 teater kang minangka pertunjukan, musiyum , kebon kewan , Ranta Bondh Beach lan panggonan blanja. [7]

Wangunan Opera Sydney

Wangunan iki kalebu gedhong kang paling rame nomer telu sadonya. Luase gehung iki 1.8 hektare kanthi dawa 183 meter lan ambane 120 meter. opera iki uga dipondaseni 588 dermaga kang jerone 25 meter saka ngisor lumah laut. Opera House iku panggon kanggo pentas seni lan budaya [8] .

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. Kaca utama web Sydney Opera House
  2. a b c unik.com Archived 2011-07-14 at the Wayback Machine . Diundhuh tanggal 21 Juli 2011.
  3. webnode.com Archived 2012-01-19 at the Wayback Machine . Diundhuh tanggal 26 Juli 2011.
  4. sydney.com.au Archived 2016-03-06 at the Wayback Machine . Diundhuh tanggal 6 Agustus 2011]]
  5. a b tempointeraktif.com Diundhuh tanggal 26 Juli 2011
  6. vivanews..com Archived 2010-11-24 at the Wayback Machine . Diundhuh tanggal 1 Agustus 2011.
  7. issu.com
  8. Kaca utama web Sydney Opera House saka Pamarintah

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]