September 2007

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Ngahad , 30 September 2007 [ besut | besut sumber ]

30 - Pelari Etiopia , Haile Gebrselassie nyithak rekor donya maraton enggal.

30 - Tim bal-balan wanita Jerman ngawonaken Brasil ing final Piala Donya Wanita FIFA 2007 .

30 - Viswanathan Anand saka India mimpangaken Kajuwaran Donya Catur tanpa kalah.

Rebo , 26 September 2007 [ besut | besut sumber ]

26 - Wolu pengunjuk rasa,kalebet gangsal tiyang bhiksu dipunlaporaken tiwas nalika pihak berwajib ngupados mbubaraken aksi unjuk rasa nentang rezim militer ing Myanmar . (sumber)

26 - Satunggaling kreteg ingkang pinuju dibangun ing Vietnam runtuh lan niwasaken watawis 60 jiwa lan adamel tatu 150 sanesipun. (sumber)

Senen , 24 September 2007 [ besut | besut sumber ]

24 - Presidhen Iran Mahmoud Ahmadinejad ngunjungi New York , AS kangge ngrawuhi Majelis Umum PBB , lan paring sesorah ing Universitas Columbia . Kunjungan punika micu protes saking medhia, pulitisi lan kaum Yahudi New York. (sumber)

Ngahad , 23 September 2007 [ besut | besut sumber ]

23 - Yasuo Fukuda kapilih minangka ketua Parte Dhemokrat Liberal Jepang satemah badhe dados Mahamantri Jepang ka-91. (sumber)

Setu , 22 September 2007 [ besut | besut sumber ]

22 - Tokoh dhemokrasi Myanmar Aung San Suu Kyi nyaruwe dhumateng para demonstran anti junta militer ingkang dumados saking 1.000 pendhita Buda ing Yangon , Myanmar . (sumber)

Rebo , 19 September 2007 [ besut | besut sumber ]

19 - Satunggiling bom montor njeblug ing Beirut , Libanon lan niwasaken 7 jalmi,kalebet satunggal anggota Parlemen Lebanon , Antoine Ghanim. (sumber)

Senen , 17 September 2007 [ besut | besut sumber ]

17 - Maskape pamiberan Singapore Airlines kasil nggayuh sabotenipun S$ 1,9 juta (watawis Rp 12 miliar) saking lelang tiket perdhana pesawat Airbus 380 ingkang dipunserahaken dhumateng tigang badan amal. (sumber)

17 - Bakrie Telecom kapilih nyelenggarakaken layanan jaringan tetep sambungan langsung internasional ing Indonesia lan nyisihaken kalih sainganipun Excelcomindo Pratama lan Natrindo Seluler . (sumber)

Ngahad , 16 September 2007 [ besut | besut sumber ]

16 - Satunggaling jet penumpang One-Two-Go Pamiberan 269 ingkang ngangkud 130 jalmi dhawah nalika ndharat ing tengah guyuran jawah ing Phuket , Thailand njalari 88 jalmi tiwas lan 42 tatu, kalebet 5 kritis. Pesawat punika dipunjuru anggeganai dening juru anggegana Indonesia Arief Mulyadi ingkang ugi tiwas ing kacilakan punika. (sumber)

16 - Lindhu kakiyatan 4,7 skala Richter ngguncang Tasikmalaya , Jawi Kilen . Miturut data Badan Meteorologi dan Geofisika , lindhu punika kadadosan ing tabuh 19.06 WIB . (sumber)

16 - Lindhu kakiyatan 4,6 skala Richter ngguncang Bali . Miturut Badan Meteorologi dan Geofisika , lindhu kasebat kadadosan ing 8,75 LS - 115,44 BT utawi kinten-kinten 21 km kidul-wetan pasisir Sanur ing tabuh 22.57 WIB ing kalebetan 46 km. (sumber)

16 - Tigang lindhu kadadosan beruntun ing Sungaipenuh , Jambi lan Painan , Sumatra Kilen ing salebeting wekdal tigang jam kanthi kakiyatan 5 ngantos 5,6 skala Richter . (sumber)