Minggu

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Ngahad utawa Ngakad iku dina kang kapisan sajeroning kalendher Jawa , yaiku sawise dina Setu lan sadurunge dina Senen . Jeneng Ngaat iku asale saka basa Arab Ahad kang tegese siji utawa dina kang kapisan. Sajeroning kalendher Jawa , dina Ngaat iki neptun e 5. Neptu iku angka kang diduweni saben dina , pasaran , wulan lan taun, kanggo petungan golek dina apik ( Wariga Gemet , upamane kanggo miwiti kagiyatan kang wigati kaya dene arep palakrama , lelungan adoh lan sapanunggalane.

Ing kalendher Masehi dina iki diarani dina Minggu . Dina Ngaat iki minangka dina libur, lan tumrape umat agama Kristen lan Katulik minangka dina kanggo ngayahi ngibadah ing greja . Jeneng liya kanggo dina iki yaiku Aditya, Raditya, Redite utawa Dite kang dijupuk saka basa Sanskreta kang tegese srengenge , memper karo pangerten ing basa-basa ing Eropa, kaya ta ing basa Inggris : Sunday , ing basa Walanda : Zondag , basa Jerman : Sonntag kang tegese padha yaiku dina srengenge.

Deleng uga [ besut | besut sumber ]

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]