Polen

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Polandhia )
Republik Polen
Rzeczpospolita Polska
Gendera Polen Lambang Polen
Sesanti:Bog, Honor, Ojczyzna (ora resmi)


Polen ing Uni Eropa


Lokasi: Eropa

Ko'ordinat geografi: 52° 8′ 49" Lor, 19° 22′ 41" Wetan

Basa resmi Polen
Kutha krajan Warsawa ( Warszawa )
Presidhen Andrzej Duda
Mahamantri Donald Tusk
Jembar 312,696 km² [1] [2]
Padunung


 -Cacah (2017)
 -Kapadhetan


38.422.346
123/km²

Diadegake


 -Tanggal

Republik Polen Kaping-II


11 November 1918

Valuta Złoty (PLN)
Zona wektu UTC +2
Lagu kabangsan Mazurek D?browskiego
Domain Internet .pl
Kodhe nagara +48

Republik Polen utawa Republik Polandia ( Polen : Polska , Rzeczpospolita Polska ) iku nagara republik ing Eropa Wetan kang bebatesan karo Jerman ing sisih kulon, Cekia lan Slowak ing sisih kidul, Ruslan ( Oblast Kaliningrad ) lan Litowen ing sisih wetan uga Belarus sarta Ukraina ing sisih kidul-wetan.

Sajarah [ besut | besut sumber ]

Deleng uga Sajarah Polen

Polen iku nagara ing Eropa-Wetan kang wis diadegake kurang luwih sewu taun ing taun 966 . Ing taun 1025 Polen dadi karaton lan ing taun 1569 manunggal karo Litowen dadi " Kasaraharjan Polen-Litowen ". Nanging taun 1795 kasaraharjan iki rusak lan wong Polen ora nduwe nagara mardika nganti taun 1918 , sawise Perang Donya I .

Pamerangan administratif [ besut | besut sumber ]

Polen miturut administratif diperang dadi 16 provinsi ('angka voyevod-an') utawa wojewodztwo ing basa Polen . Saben provinsi dicacah maneh dadi pirang powiat (padha karo kabupaten , terus saben powiat dibagi dadi sawatara gmina (kurang luwih ukarane antara kecamatan utawa kalurahan )).

Provinsi Polen (ing basa Polen ):

  • ( Dolno?l?skie ) Silesan Asor
  • ( Kujawsko-pomorskie ) Kuyav-Pomoran
  • ( Łodzkie )
  • ( Lubelskie )
  • ( Lubuskie )
  • ( Małopolskie ) Polen alit
  • ( Mazowieckie )
  • ( Opolskie )
  • ( Podkarpackie ) Karpatia andhap
  • ( Podlaskie ) Laski andhap
  • ( Pomorskie )
  • ( ?l?skie ) Silesan
  • ( ?wi?tokrzyskie )
  • ( Warmi?sko-mazurskie )
  • ( Wielkopolskie ) Polen ageng
  • ( Zachodniopomorskie ) Pomoran Kulon

Kutha-kutha [ besut | besut sumber ]

Artikel utama: Pratelan kutha ing Polen

Demografi [ besut | besut sumber ]

Artikel utama Demografi Polen

Sukubangsa kang manggon ing Polen iku mayoritase bebrayan Polen kang kalebu bangsa Slav . Nanging uga ana bebrayan Belarus , mligi ing saidenging Białystok , bebrayan Jerman , mligi saindenging Opole . Banjur uga ana sithik wong Ukraina cedhak Przemy?l . Sadurunge Perang Donya II , uga ana komunitas Yahudi kang gedhe ing Polen. Nanging komunitas Yahudi disirnakake nganti meh entek dening wong Nazi Jerman .

Wong Polen lumrahe agama Katulik , Paus Yokanan Paulus II asale ya saka Polen. Nanging uga ana kang nganut agama Kristen Ortodhoks , mligi wong Belarus. Panganut agama Yahudi wis meh ora ana maneh namung kurang luwih 12.000 jiwa wae. Panganut agama Islam uga ana. Saliyane para migran anyar, uga ana wong Polen keturunan bangsa Tatar kang wis atusan taun manggon ing kene kaya wong Yahudi. Cacahe umat Muslim kurang luwih ana 30.000 jiwa. Wong Buda uga ana nanging cacahe panganute ora patiya akeh; namung kira-kira 5.000 jiwa wae.

Geografi [ besut | besut sumber ]

Wieliczka

Polen iku nagara kang datar lan peranganing lemah ngisor Eropa lor. Nanging ing sisih kidul ana pagunungan Beskida lan Karpatia .

Kali kang paling dawa ing Polen iku kali Wisla kang mili ngliwati kutha Warsawa .

Pratelan kali ing Polen [ besut | besut sumber ]

Artikel utama: Pratelan kali ing Polen

Deleng uga [ besut | besut sumber ]

Gladri [ besut | besut sumber ]

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]

  Uni Eropah

  1. Głowny Urz?d Statystyczny, dane za rok 2018, stan na 01.01.2018
  2. Bankier.pl, Powierzchnia Polski wzrosła o 1643 ha