Indhi

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Indhia )
Republik Indhi
Indhi
Republic of India
???? ???????
Bh?rat Ganar?jya
Gendéraning India
Gendera
Aditamènging India
Aditameng
Motto:  Satyam?va Jayat?
( Basa Sanskerta : Mung Bebungah Menang)
Gunagita:   Jana-Gana-Mana
Dunungpenering India
Kuthagara New Delhi
Brehakutha Mumbai (Bombay)
Jawatbasa Hindi , Inggris lan 21 basa liyane
Paprentahan Republik fedheral
Draupadi Murmu
Jagdeep Dhankhar
Narendra Modi
Kemerdekaan  
? Deklarasi
15 Agustus 1947
? Republik
26 Januari 1950
? Banyu (%)
9,56
Population
? Pikira-kira 2006
1.098.577.839 ( 2 )
? Cacahjiwa 2001
1.027.015.247
GKK   ( ITK ) Pikira-kira 2005
? Gunggung
US$3,334  trilyun ( 4 )
? Saben wong
US$3.019 ( 120 )
Artacihna Rupee (Rs.) 1 ( INR )
Laladan wektu UTC +5:30 ( IST )
? Mangsa ketiga ( AKK )
UTC +5:30 (ora diterapake)
Kodhe bel 91
TLD internet .in
1 Re. yaiku wujud tunggal

Indhi utawa Republik India iku nagara ing Asia Kidul . Jeneng-jeneng liyane nagara iki iku Bharat utawa Bharata lan Jambudwipa . Tembung pungkasan iki tegese "Pulo Jambu" lan dijenengake mangkono amarga memper woh jambu . India iku nagara edan ing Asia kang kang ndunungi paling akeh kaloro ing donya, kanthi populasi punjul sak milyar jiwa, lan minangka nagara gedhe dhewe kapitu miturut ukuran wewengkon geografis. Cacahing kang ndunungi India tuwuh ngrembaka wiwit tengahan 1980-an . Ekonomi India iku gedhe dhewe kapapat ing donya miturut angka PDBn e, diukur saka segi paritas daya beli (PPP), lan salah siji kang tuwuhing ekonomi paling rikat ing donya. India, nagara kanthi sistem dhemokrasi liberal gedhe dhewe sadonya, uga wis muncul minangka kakuwatan regional kang wigati, duwe kakuwatan militer gedhe dhewe lan kamampuan nuklir .

Dumunung ing Asia Kidul kanthi garis pasisir dawane 7.000 km, lan peranganing anak bawana India , India iku peranganing rute dedagangan wigati. India wewatesan karo Pakistan , Republik Rakyat Cina , Myanmar . Banglades , Nepal , Bhutan , lan Afganistan . Sri Lanka , Maladewa , lan Indonesia iku nagara kapulon kang wewatesan.

India minangka dununge peradaban kuna kaya Budaya Lembah Indus lan minangka papan kalahiran saka papat agama utama donya: Hindhu , Buda , Jainisme , lan Sikhisme . Nagara iki minangka peranganing Karajan Manunggal sadurunge mardika ing taun 1947 .

National symbols of the Republic of India (Official)
National animal
National bird
National tree
National flower
National heritage animal
National aquatic marine mammal
National reptile
National heritage mammal
National fruit
National temple
National river
National mountain

Ekonomi [ besut | besut sumber ]

Artikel utama: Ekonomi India

India duwe ekonomi kang dumunung ana ing urutan angka 10 sajeroning konversi mata uang lan angka 4 gedhe dhewe sajeroning PPP . India duwe rekor ekonomi kanthi angka tuwuh paling rikat watara 8% ing taun 2003 . Amarga populasine kang akeh banget, mula pametu per kapita India miturut PPP mung AS$ 3.262, dumunung ana ing urutan angka 125 dening Bank Donya . Cadhangan valuta asing India watara AS$143 milyar. Mumbai minangka kutha krajan finansial nagara iki lan uga minangka panggonane Reserve Bank of India lan Bombay Stock Exchange . Sanajan seprapat saka kang ndunungi India isih urip ing sangisore garis kamiskinan , cacahing kelas menengah kang gedhe wis muncul amarga cepete tuwuhing indhustri teknologi informasi .

Ekonomi India biyen akeh gumantung marang tetanen , nanging saiki mung nyumbang kurang saka 25% PDB. Industri wigati liyane kalebu tambang , lenga , pengasahan berlian , filem , tekstil , teknologi informasi , lan kerajinan tangan . Akeh-akehe laladan indhustri India dumunung ing kutha-kutha utama. Taun-taun pungkasan iki, India wis muncul minangka salah siji juru main gedhe dhewe sajeroning babagan prangkat lunak lan business process outsourcing , kanthi pametu watara AS$17,2 milyar ing 2004 - 2005 . Lan ana uga akeh indhustri skala cilik kang nyadiakake lapangan makarya kang stabil kanggo kang ndunungi kutha cilik lan padesan.

Sanajan India mung nampa watara telung yuta tamu asing saben taun, pariwisata tetep wigati lan isih dadi sumber pametu nasional kang durung ngembang. Pariwisata nyumbang 5,3 persen saka PDB India. Partner dagang utama India kalebu Amerika Sarekat , Jepang , Republik Rakyat Cina lan Uni Emirat Arab .

Ekspor utama India kalebu produk tetanen , tekstil , batu mulia lan perhiasan , jasa prangkat lunak lan teknologi , hasil tehnik , kimia , lan asil kulit dene komoditas impore yaiku lenga mentah, mesin, watu aji, rabuk, kimia. Ing taun 2004, total ekspor India gunggung AS$69,18 milyar dene impor watara AS$89,33 milyar.

Geografi lan cuaca [ besut | besut sumber ]

Artikel utama: Geografi India
Himalaya , kang mujur wiwit saka Jammu lan Kashmir ing lor nganti Arunachal Pradesh ing wetan adoh, dadi meh kabeh tapel wates India ing sisih wetan

Kabeh praja-praja India ing lor lan lor-wetan diwangun dening Banjaran Himalaya . Wewengkon liyane dumadi saka hamparan Indo-Gangetik kang subur. Ing sisih kulon kang wewatesan karo Pakistan kidul-wetan ana Ara-ara Thar . Ujung India ing kidul meh kabeh minangka peranganing hamparan Dekan ( Deccan ). Ing kaloro sisih hamparan iki ana rong banjaran pasisir kang awujud pabukitan, Ghats Kulon lan Ghats Wetan .

India duwe kali gedhe kaya dene Kali Gangga , Brahmaputra , Yamuna , Godavari , lan Krishna . Kali-kali mau kang njalari subur hamparan-hamparan ing sisih lor India saengga cocog kanggo tetanen.

Cuaca India warna-warna, saka cuaca tropis ing kidul nganti cuaca menengah ing sisih lor. Saperangan tlatah India kang dumunung ing pagunungan Himalaya duwe cuaca tundra .

Nagara-praja lan Union Territory [ besut | besut sumber ]

India dibagi dadi 28 praja (kang banjur dibagi dadi dhistrik ), enem Wewengkon Panunggalan ( Union Territory ) lan Wewengkon Ibu Kutha Nasional ( National Capital Territory ) Delhi . Nagara-praja duwe pamarentah kang dilantik dhewe, sauntara wewengkon-wewengkon Panunggalan diprentah sawijining pangurus kang dilantik pamarentah panunggalan ( union government ), sanadyan saperangan ing antarane duwe pamarentah kang dilantik.

Negara bageyan-negara bageyan India .

Negara bageyan lan wilayah India:

  1. Andhra Pradesh
  2. Arunachal Pradesh
  3. Assam
  4. Bihar
  5. Chhattisgarh
  6. Goa
  7. Gujarat
  8. Haryana
  9. Himachal Pradesh
  10. Jammu lan Kashmir
  11. Jharkhand
  12. Karnataka
  13. Kerala
  14. Madhya Pradesh
  1. Maharashtra
  2. Manipur
  3. Meghalaya
  4. Mizoram
  5. Nagaland
  6. Orissa
  7. Punjab
  8. Rajasthan
  9. Sikkim
  10. Tamil Nadu
  11. Tripura
  12. Uttaranchal
  13. Uttar Pradesh
  14. Bengal Kulon

Wilayah Panunggalan

  1. Kapuloan Andaman lan Nicobar
  2. Chandigarh
  3. Dadra lan Nagar Haveli
  4. Daman lan Diu
  5. Lakshadweep
  6. Pondicherry

Wilayah Ibu Kutha Nasional :

  1. Delhi

Seni budaya [ besut | besut sumber ]

Kesenian India misuwur kanthi filem-filem Bollywood , kang filem kang kas saka India yaiku nganggo tembang-tembang lan joged ing saknjerone filem.

Uga delengen [ besut | besut sumber ]

Referensi [ besut | besut sumber ]

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]


Negara-negara ing Asia Kidul

Bangladesh | Bhutan | India | Maladewa | Nepal | Pakistan | Sri Lanka