Henri Matisse

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Potret Henri Matisse (1933)

Henri-Emile-Benoit Matisse ( 31 Dhesember 1869 ? 3 November 1954 )punika satunggaling palukis Prancis. Piyambakipun miyos wonten ing Le Cateau-Cambresis, Nord, Perancis . Putra pambarep saking satunggaling pedagang gandum ingkang makmur. Piyambakipun ageng wonten ing Bohain-en-Vermandois, Picardie , Perancis . Wonten ing taun 1887 , piyambakipun tindak dhateng Paris kangge sinau hukum. Sasampun pikantuk kualifikasinipun, piyambakipun nyambut damel minangka administrator pengadilan wonten ing Le Cateau-Cambresis.

Piyambakipun pisanan miwiti nglukis wonten ing taun 1889 , sasampun ibunipun mbektakaken pirinti seni. Piyambakipun ugi ngraos sampun manggihaken sajinis “swarga" lan netepaken kangge dados satunggaling seniman. Bab punika damel kuciwa sanget ingkang rama. Wonten ing taun 1891 , piyambakipun wangsul dhateng Paris kangge sinau seni wonten ing Julian Academie lan dados murid William-Adolphe Bouguereau lan Gustave Moreau. [1]

Wiwitanipun piyambakipun nglukis obyek mati ingkang katingal “urip” lan sesawangan dharat wonten ing gaya tradhisional, ing pundi piyambakipun dumugi ing kawegiganipun. Matisse kapangaruh dening karya-karya guru saderengipun kados Jean-Baptiste-Simeon Chardin, Nicolas Poussin, lan Antoine Watteau, sarta seniman modheren kados Edouard Manet, lan seni Jepang . Chardin inggih punika salah satunggaling pelukis ingkang paling dipunsegenni Matisse, minangka satunggaling mahasiswa seni piyambakipun damel salinan saking sekawan lukisan Chardin ing Louvre. [2]

Pada taun 1896 dan 1897, Matisse mengunjungi pelukis Australia, John Peter Russell, di pulau Belle-Ile, lepas pasisir Brittany. Russell memperkenalkannya kepada Impresionisme dan karya van Gogh yang pernah menjadi teman Russel. Gaya Matisse berubah sepenuhnya, dan ia kemudian akan mengatakan "Russell ya iku guru saya, dan Russell menjelaskan teyori warna kepada saya.” Pada taun 1896, lima lukisan Matisse dipamerkan di Societe Nationale des Beaux-Arts, dua di antaranya ya iku dibeli oleh Nagara.

Kanthi model Caroline Joblau, piyambakipun lajeng gadhah satunggaling putri, Marguerite, miyos wonten ing taun 1894 . Wonten ing taun 1898 piyambakipun palakrama kaliyan Amelie Noellie Parayre, lan kekalihipun ngrumat Marguerite sesarengan lan gadhah kalih putra, Jean (miyos 1899 ) lan Pierre (miyos 1900 ). Marguerite lan Amelie asring dipunlukis minangka mode dening Matisse.

Wonten ing taun 1951 Matisse mungkasaken sawijining proyek sekawan taun ngrantam interior, jendela kaca lan dekorasi saking Chapelle du Rosaire de Vence, asring dipunsebut minangka kapel Matisse. Proyek punika minangka kasil saking kekancan akrab antawising Matisse lan Suster Jacques-Marie. Wonten ing taun 1952 piyambakipun mbiyangun sawijining musiyum ingkang dipundedikasikaken kangge pedamelanipun, Museum Matisse wonten ing Le Cateau, lan sapunika koleksi paling ageng kaping 3 saking Matisse ing Perancis. [3]

Miturut David Rockefeller, tugas akir Matisse inggih punika damel desain jendela kaca ing Union Church of Pocantico Hills. Matisse seda amargi serangan jantung wonten ing yuswa 84 taun nalika November 1954 . Piyambakipun dipunsarekakken wonten ing pasareyan Monastere Notre Dame de Cimiez, caket Nice .

Sumber pustaka [ besut | besut sumber ]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]