Corazon Aquino

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Corazon C. Aquino
Presidhen Filipina kaping 11
Presidhen ika-2 saka Republik ika-4
Presidhen Pamerentahan Revolusioner (1986)
Presidhen ika-1 saka Republik ika-5
Linggih
25 Februari 1986  ? 30 Juni 1992
Wakil Presidhen Salvador Laurel (1986-1992)
Kang sadurunge Ferdinand Marcos
Kang sawise Fidel V. Ramos
Rerincen dhiri
Lair ( 1933-01-25 ) 25 Januari 1933
Paniqui , Tarlac , Filipina
Pati Agustus 1, 2009 ( 2009-08-01 ) (umur 76)
Kutha Makati
Parte pulitik Organisasi Dhemokratik Nasionalis Serikat (UNIDO)
Sisihan Benigno Aquino Jr.
Agama Katulik Roma
Tandha tangan

Maria Corazon Sumulong Cojuangco Aquino (lair ing Paniqui , Tarlac , Filipina , 25 Januari 1933  – pati ing Makati , 1 Agustus 2009 ing umur 76 taun), dikenal minangka 'Cory Aquino', iku Presidhen Filipina taun 1986 ? 1992 . Panjenengane wanita Asia pisanan sing tampil minangka presidhen wanita ing donya. Wanita iki garwa saka tokoh oposisi sing populer, senator Benigno Aquino Jr. . Garwane kaprejaya wektu ndharat ing Papan Anggegana Internasional Manila nalika mulih menyang nagarane tanggal 21 Agustus 1983 . Corazon sabanjure difigurake dening kalangan oposisi kanggo nentang kakuwasan otokratik sing diayahi dening Ferdinand Marcos .

Cory Aquino inggih punika Presidhen wadon ingkang nomer satunggal ing Filipina . [1] Panjenengane inggh punika garwanipun Benigno Aquino , Jr. [2] Nama aslinipun Cory inggih punika Corazon Sumulong Cojuangco. [3] Miyos ing tanggal 25 Januari 1933. [3] Panjenengane putra ingkang nomer sekawan, saking enem sadulur kandung. [3] Ramanipun, Jose Cojuangco, Sr. [3] Asalipun saking Tarlac lan ibunipun, Demetria utawi asring dipuntimbali Metring Sumulong saking Rizal. [3] Tahun 1946 sadaya kulawarganipun Cory pindah wonten Amerikah Sarekat . [4] Wonten ing Amerikah Sarekat piyambakipun mlebet Ravenhill Academy ing Philadelphia. [4] Nanging, Banjur Cory ngelajengaken ing Notre Dame Convent School ing New York. [4] Wonten ins SMTA Cory wiwit remen marang basa Prancis . [4] Rikala mlebet Mount St. Vincent College ing New York, babagan kuliah utama ingkang dipendhet matematika , lan babagan kuliah minoripun Basa Perancis. [4] Supados boten mendhet mata kuliah fisika, piyambakipun nggantos Basa Perancis dados babagan kuliah utama, lan matematika minor. [4] Tahun 1953 piyambakipun lulus sarjana mudha. [4] Tanggal 11 Oktober 1954, Cory nikah kaliyan Benigno “Ninnoy” Aquino. [2] Sanajan yuswanipun taksih sepantaran kaliyan Cory (24 taun), nanging sapunika Aquino sampun kondhang mawi paraban “Anak Ajaib” ing jurnalistik lan pulitik. [2] Piyambakipun kekalih nikah ing Greja Our lady of Sorrow ing Pasay city. [2] Sejatosipun kirang leres manawi Cory dipunsebat boten siyap kangge dados presidhen. [5] Punika pamanggihipun Lupita Aquino kashiwahara, adik iparipun piyambak. [5] Cory pikantuk pendidikan pulitik saking garwanipun piyambak, inggih punika rikala Aquino dados tahanan pulitik wiwit taun 1972-1980. [5] Saben Setu piyambakipun sowan dateng garwanipun ing pakunjaran. [5] Wonten ngrika piyambakipun medangetaken napa kemawon ingkang dipunandharaken garwanipun, kalebet nuturi kados pundi piyambakkipun mesthi ngewangsuli pitakon-pitakonipun wartawan. [5] Rikala Ninoy seda, sajatosipun Cory gadhah kalih pilihan; dados randha sedih lan ngunci awakipun piyambak ing dhalem utawi mendhet alih tugasipun garwane lan ngisi panggonanipun garwane ingkang kosong ing pulitik. [6] Kulawarga Aquino ugi boten mangertos pundi ingkang badhe dipunpilih kaliyan Cory ngantos dugi ing Manila kangge ngrawuhi upacara pemakaman garawanipun. [6] Kampanye taun 1984 dados gladhen sesorah kangge Cory. [7] Manawi padhatanipun kaliyan Ninoy rumiyin, piyambakipun ajrih sanget caket-caket podium, nanging saiki piyambakipun purun mminggah panggung lan sesorah sanajan boten dangu. [7] Pemilihan taun 1984 uga maringi kathah pengalaman lan piwulang enggal kangge Cory. [7] Sawijining dinten rikala nembe miwiti sesorah ing laladan Zambale, wonten gerimis. [7] Lajeng piyambakipun dadosaken rikat sesorahipun. [7] Cory ngendika marang pendukungipun bilih piyambakipun boten purun piyambakipun sadaya gerah amargi kudanan saengga boten saged mariki swantenipun. [7] Nanging para pendukungipun boten purun, piyambakipun sadaya taksih pengen midangetaken sesorahipun Cory sanajan jawahipun saya deres. [7] Kados ingkang kula lan panjenengan mangertosi, pungkasanipun Cory kapilih dados Presidhen Wadon ingkang sapisan ing nagara Filipina lan ingkang dados wakilipun inggih punika Salvador Laurel. [1]

Award lan prestasi [ besut | besut sumber ]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b Syaelendra. Seri Wanita Legendaris Paling Berpengaruh di Dunia . Penerbit:Cipta Media Binanusa (kaca 45)
  2. a b c d Syaelendra. Seri Wanita Legendaris Paling Berpengaruh di Dunia . Penerbit:Cipta Media Binanusa (kaca 39)
  3. a b c d e Syaelendra. Seri Wanita Legendaris Paling Berpengaruh di Dunia . Penerbit:Cipta Media Binanusa (kaca 37)
  4. a b c d e f g Syaelendra. Seri Wanita Legendaris Paling Berpengaruh di Dunia . Penerbit:Cipta Media Binanusa (kaca 38)
  5. a b c d e Syaelendra. Seri Wanita Legendaris Paling Berpengaruh di Dunia . Penerbit:Cipta Media Binanusa (kaca 41)
  6. a b Syaelendra. Seri Wanita Legendaris Paling Berpengaruh di Dunia . Penerbit:Cipta Media Binanusa (kaca 42)
  7. a b c d e f g Syaelendra. Seri Wanita Legendaris Paling Berpengaruh di Dunia . Penerbit:Cipta Media Binanusa (kaca 44)

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]

Wikisource
Wikisource


Kang sadurunge
Ferdinand E. Marcos
Presidhen Filipina
1986?1992
Kang sawise
Fidel V. Ramos
Kang sadurunge
Deng Xiaoping
Tokoh Wanita taunan versi Time
1986
Kang sawise
Mikhail Gorbachev