Wikipedia : Dudu riset asli

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa


Barkas:Bukanrisetasli.png

Riset asli iku istilah sing dipigunakake ing Wikipedia kanggo ngarujuk marang materi sing durung tau dipublikasi dening sumber pinercaya. Iki nyakup fakta, argumentasi, konsep, pratelan utawa teori sing durung dipublikasi, utawa analisa, utawa sintesa sing durung dipublikasi saka materi-materi publikasi sing dipigunakake kanggo ndhukung sawijining panemu utawa sing, jroning basa salah siji pendhiri Wikipedia, Jimmy Wales , bakal menehi "wacana utawa interpretasi sajarah anyar."

Wikipedia dudu papan kanggo riset asli. Ngutip sumber lan ngedhani riset asli iku gegandhengan banget. Siji-sijine cara kanggo nuduhake yen panjenengan ora nglakoni riset asli yaiku kanthi ngutip sumber pinercaya sing menehi informasi sing kagandheng langsung karo topik artikel, lan ngugemi marang apa sing diandarake dening sumber kasebut.

Wikipedia:Dudu riset asli yaiku salah siji saka telu kawicaksanan isi. Loro sing liyane yaiku Wikipedia:Cara deleng netral lan Wikipedia:Pamesthen . Katelu kawicaksanan iki sacara bebarengan nemtokake tipe lan kualitas bahan sing bisa ditampa ing ruang jeneng utama. Amarga katelu kawicaksanan iki saling komplementer, mula ora oleh diinterpretasi tanpa digandhengake antara siji lan sijine, lan mula saka kuwi para panyunting kudu nyoba kanggo ngenal prinsip-prinsip iki. Katelu kawicaksanan iki ora bisa dinegosiasekake ing Wikipedia basa Jawa lan ora bisa dibatalake dening kawicaksanan utawa pedoman liya, utawa dening konsensus para panyunting.

Sumber primer lan sekundher

Sumber primer nyajekake informasi utawa data, kaya

  • artifak arkeologis
  • foto
  • dokumen historis kaya catatan harian, sensus, video utawa transkrip pengawasan, dengar pendapat, pengadilan, utawa wawancara
  • tabulasi hasil survei utawa kuesioner
  • catatan tinulis utawa karekam saka pangujian laboratorium
  • catatan tinulis utawa karekam saka pengamatan lapangan
  • karya seni utawa fiksi kaya puisi, prosa, naskah film, novel, film, video, lan program televisi (jroning format digital utawa analog)

Sumber sekundher nyajekake generalisasi, analisa, sintesa, interpretasi, panjelasan utawa evaluasi informasi utawa data saka sumber-sumber liya.

Riset sing nyajekake sumber primer ora diizinake. Kabeh artikel ing Wikipedia kudu adhedhasar marang informasi sing dikumpulke saka sumber-sumber primer lan sekundher sing wis dipublikasi. Iki dudu "riset asli", ananging "riset miturut sumber", lan minangka prinsip wigati jroning nulis ensiklopedia . Artikel sing ditulis utamane miturut sumber sekundher luwih dipilih tinimbang artikel sing utamane mawa sumber saka sumber primer.

Senadyan sebagean gedhe artikel kudu miturut marang sumber sekundher, ana sawetara kasus sawijining artikel bisa kabeh gumantung marang sumber primer (contone sawijining artikel aktualitas utawa kasus pengadilan). Sawiji artikel utawa bagean saka artikel sing nglandhesake marang sumber primer kudu (1) mung gawe pratelan deskriptif sing kaakuratane bisa kanthi gampang diverifikasi dening wong diwasa sing duwe pikiran waras tanpa kawruh spesifik, lan (2) ora gawe pratelan analitis, sintetis, interpretatif, panjelasan, utawa evaluatif. Kontributor sing nglandhesake kabeh artikel marang sumber-sumber primer kudu ati-ati banget kanggo matuhi kaloro prinsip ing dhuwur.

Artikel Wikipedia nyajekake materi adhedhasar prinsip pamesthen, dudu ‘’kebenaran’’. Tegese, kita nulis apa sing wis dipublikasi dening sumber pinercaya liya, ora peduli apa kita nganggep yen bahan kasebut tepat utawa ora. Kanggo ngedhani nglakoni riset asli, lan kanggo nulung ningkatake kualitas artikel-artikel Wikipedia, wigati tumrap materi-materi sumber primer, lan uga generalisasi, analisa, sintesa, interpretasi, utawa evaluasi marang informasi utawa data, wis dipublikasi dening pihak katelu sing nduweni reputasi apik (yaiku, dudu dibabar dhewe) sing sumadya kanggo pamaca liwat situs web (saliyane Wikipedia) utawa liwat perpustakaan umum. Wigati uga kanggo ngutip sumber kanthi bener, saengga para pamaca bisa nemokake sumber artikel panjenengan lan bisa ngyakinake dhiri yen Wikipedia wis migunakake sumber-sumber kasebut kanthi tepat.

Ing sawetara kasus, manawa kedadeyan kontroversi utawa perdhebatan ngenani apa sing bisa didadekake otoritas utawa sumber sing layak. Yen ora bisa digayuh sawijining kasepakatan ngenani bab iki, artikel kasebut kudu menehi informasi ngenani kontroversi kasebut lan katrangan saka sawetara sumber. Bab kasebut uga nulung kanggo ngyakinake cara deleng netral sawijining artikel.

Apa sing ora bisa ditampa

Sawijining suntingan klebu riset asli yen suntingan kasebut ngajokake ide utawa argumen. Yaiku, yen suntingan kasebut menehi bab-bab ing ngisor:

  • ngenalake teori utawa metode solusi;
  • ngenalake ide orisinil;
  • ndhefinisi terminologi anyar;
  • nyadiakake definisi anyar saka terminologi sing wis ana;
  • ngenalake sawijining argumen, tanpa ngutip sumber pinercaya kanggo argumen kasebut, sing nyangkal utawa ndhukung ide, teori, argumentasi, utawa kaberpihakan liya;
  • ngenalake sawijining analisa utawa sintesa fakta, ide, opini, utawa argumen sing ana kanthi sawijining cara sing mbangun dhukungan marang sawijining cara deleng sing disenengi dening sang panyunting, tanpa nglandhasi analisa utawa sintesa kasebut ing sumber pinercaya;
  • ngenalake utawa migunakake neologisme, tanpa nglandhasi bab kasebut marang sumber pinercaya.

Kanyatan yen kita ora bisa masang bahan mau ora ateges yen bahan kasebut elek, ananging mung ateges yen Wikipedia dudu papan sing tepat kanggo iku. Kita malah bisa nulak jurnalisme satingkat Pulitzer lan ilmu satingkat Nobel yen panulise ngupaya kanggo publikasi kanggo sing sapisanan ing Wikipedia. Yen panjenengan nduweni sawijining pemikiran sing miturut panjenengan kudu dadi bagean saka badan kawruh sing ana ing Wikipedia, pendhekatan sing apik yaiku ngatur supaya karya panjenengan bisa dipublikasi luwih dhisik ing jurnal-jurnal ilmiah utawa kantor berita pinercaya, nembe sabanjure mendokumentasikan karya panjenengan sacara sapantese, tanpa mihak , ing Wikipedia.

Kenapa riset asli ora bisa ditampa

Alasan utama kawicaksanan nulak riset asli yaiku kanggo ngendhani wong-wong kanthi teori pribadi, sing ngupaya kanggo migunakake Wikipedia kanggo narik kawigaten marang ide lan dhirine.

Senadyan mangkono, kawicaksanan iki nyakup bab-bab luwih jembar saka iku. Kawicaksanan iki uga nglirwakake pandhangan pribadi panyunting, opini pulitik, analisa pribadi utawa interpretasi marang materi publikasi, lan uga sintesa durung kapublikasi saka materi sing wis dipublikasi, ing ngendi sintesa kasebut katone ngusaya ndhukung sawijining pandangan utawa opini sing diduweni panyunting, utawa kanggo ndhukung sawijining argumen utawa dhefinisi sing manawa ngupaya diajokake. Cekake, kabeh fakta, opini, interpretasi, dhefinisi, lan argumen sing dipublikasi dening Wikipedia kudu wis dipublikasi dening publikasi pinercaya ing bidhang topik artikel sing magepokan.

Yen dipatrapake marang kabeh kontributor, kawicaksanan iki nulung kanggo mempertahankan reputasi kita liwat sawetara cara:

  1. Arupa tanggung jawab Wikipedia marang pamacane yen kabeh informasi sing diwaca ing kene bisa dipercaya, saengga kita kudu mawa landhesan marang sumber-sumber publikasi sing pinercaya.
  2. Sumber-sumber pinercaya nyadiakake para pamaca kanthi rujukan sing bisa dipigunakake kanggo nglakoni riset dhewe. Ana wae wong-wong sing migunakake ensiklopedia minangka langkah riset pisanan, dudu sing pungkasan.
  3. Migunakake sumber pinercaya nulung kanggo njelasake sudut pandang endi sing dipigunakake jroning sawijining artikel, lan amarga saka kuwi nulung kita kanggo sejalan marang kawicaksanan cara ndeleng netral .

Sintesa materi terpublikasi kanggo ndhukung sawijining pendapat

Para kontributor nglakoni kesalahan yen mikir yen A dipublikasi dening sumber pinercaya, lan B dipublikasi dening sumber pinercaya, banjur A lan B bisa digabung jroning sawijining artikel kanggo ndhukung pendapat C. Bab iki bisa dadi sawijining conto sintesa anyar adhedhasar materi publikasi kanggo ndhukung sawijining pendapat, lan amarga saka kuwi bisa dianggep riset asli. "A lan B, mula C" mung bisa ditampa yen sawijining sumber pinercaya wis publikasi argumen iki jroning kaitane karo topik jroning artikel.

Ing ngisor iki sawijining conto saka artikel Wikipedia, kanthi jeneng-jeneng sing wis diowahi. Artikel iki ngenani Jones:

Smith omong yen Jones nglakoni plagiarisme kanthi nyalin rujukan saka buku liya. Jones nyelaki bab iki, lan ngomong yen migunakake materi saka buku wong liya yaiku sawijining praktek ilmiah sing bisa ditampa kanggo nemokake rujukan anyar.

Saiki sawijining conto sintesa adhedhasar materi kapublikasi:

Yen pernyataan Jones yen dheweke migunakake sumber asli ora bener, mula bab iki kosok balen karo praktek sing diprayogakake ing Chicago Manual of Style , sing nyatakake kanggo menehi kutipan saka sumber sing dipigunakake. Chicago Manual of Style ora nyatakake pelanggaran iki minangka "plagiarisme". Suwalike, plagiarisme didhefinisi minangka migunakake informasi, ide, tembung-tembung, utawa struktur saka sawijining sumber tanpa nyertakake sumber kutipan.

Kabeh paragraf iki arupa riset asli amarga nyatakake opini panyunting, kanthi nyertakake dhefinisi saka Chicago Manual of Style ngenani plagiarisme, yen Jones ora nglakoni bab kasebut. Kanggo gawe paragraf iki konsisten karo kawicaksanan iki, dibutuhake sawijining sumber pinercaya sing sacara spesifik nyatakake ngenani prabedan pendapat antara Smith lan Jones lan menehi rujukan sing padha ngenani Chicago Manual of Style lan plagiarisme. Nganggo tembung liya, analisa sing tepat kudu wis dipublikasi dening sumber pinercaya, kagandheng karo topik kasebut sadurunge bisa dipublikasi ing Wikipedia.

Ngutip tulisane dhewe

"Dudu riset asli" ora nglarang ahli jroning bidang tinamtu kanggo nambahake kawruhe menyang Wikipedia. Senadyan mangkono, kawicaksanan iki nglarang panyunting ahli kanggo narik kesimpulan saka kawruh pribadi lan langsung, yen bab kasebut ora bisa diverifikasi. Wikipedia nyambut kanthi apik kontribusi saka para ahli, sadawane kontribusi iki bisa asal saka sumber sing bisa diverifikasi (jroning bab iki, dipublikasi). Amarga saka kuwi, yen penyunting wis muublikasi asil risete ing papan liya, ing sawijining publikasi pinercaya, penyunting kasebut bisa ngutip sumber kasebut lan sajalan karo kawicaksanan cara ndeleng netral Wikipedia.

Wikipedia ngarep-arep kontributor ahli kanggo nyumbangake kawruhe adhedhasar sumber kapublikasi kanggo nyugihake artikel-artikel. Senadyan para spesialis ora nduweni posisi khusus jroning Wikipedia, nanging para spesialis biasa lan nduweni akses menyang luwih akeh sumber pinercaya lan amarga saka kuwi bisa nulung banget jroning verifikasi utawa ngutip sumber. Deleng uga pedhoman Wikipedia kanggo nangani prabedan kepentingan .

Deleng uga