Radhio

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Radio )
Barkas:Radhio.jpg
Radhio merk Truetone modhel lawas
Barkas:Truetone-Radhio.jpg
Gambar Radhio Merek Truetone

Radhio yaiku piranti kanggo ngirim swara. [1] Radhio iku teknologi sing bisa ngirim sinyal liwat modhulasi gelombang elektromagnetik . Gelombang iki ngliwati angin (udara) lan uga vakum akasa, gelombang iki ora perlu wahana pangangkutan. Gelombang radhio iku wujud saka radhiasi elektromagnetik .

Nalika durung ana televisi giyaran radhio disenengi wong banget lan uga misuwur banget.

Sing nemu radhio [ besut | besut sumber ]

Ing taun 1874 , radhio tinemu dening Guglielmo Marconi ing Bologna , Italia . [2] Penemu radhio iki entuk pendhidhikan pribadi saka salah sawijine gurune. [2] Taun 1894, nalika umure ngancik rong puluh taun, Marconi maca percobaan-percobaan kang ditindakake dening Heinrich Hertz . [2] Percobaan-percobaan iki kanthi gamblang nudhuhake anane gelombang elektromagnetik kang ora bisa dideleng nganggo mripat, obah ngliwati angin kathi swara kang rikat. [2] Marconi banjur duwe ide manawa gelombang iki bisa dimanfaatke kanggo ngirim tandha-tandha kang ngliwati jarak adoh tanpa ngliwati kawat kang nyediakake perkembangan komunikasi kang ora bisa ditindakake dening telegram. [2] Tuladhane kanthi cara iki warta-warta bisa dikirim menyang kapal ing tengah di sagara . [2]

Ing taun 1895 , mung setaun nyambut gawe, Marconi kasil gawe piranti kang dibutuhake. [2] Taun 1896 dheweke meragakake pirantine mau ing Inggris lan entuk hak paten kanggo pangreka iki. [2] Marconi banjur ngadegake perusahaan lan Marconi kawiwitan dikirim taun 1898. [2] Taun sabanjure dheweke sanggup ngirim warta tanpa lumantar kawat kang nyebtrang ing selat Inggis. [2] Sanajan patene ana wis ana ing dheweke ing taun 1900, Marconi nerusake gawe lan matenake panyempurnan-panyempurnan kanthi dhasar panemune dhewe. [2] Ing taun 1901 dheweke kasil ngirimake warta radhio kanthi ngliwati Samudera Atlantik , saka Inggris menyang Newfoundland . [2]

Makna wigati saka panemune anyare mau kanthi dramatis digambarake ing taun 1909 nalika kapal S.S. Republic rusak akibat tabrakan lan kelep ing dhasar laut. [2] Warta radhio pancen migunani kanggo kabeh penumpang ing prastawa iku kajaba wong enem kang ora bisa katulungan. [2] Ing taun kang padha, Marconi kasih entuk Bebungah Nobel kanggo panemune lan ing taun candhake dheweke kasil ngirim wrta radhio saka Irlandia tekan Argentina , yaiku kanthi jarak kang punjul 6000 mil. [2]

Deleng uga [ besut | besut sumber ]

cathetan Suku [ besut | besut sumber ]

  1. Sugono, Dendi, dkk. 2008. Kamus Basa Indonesia . Jakarta: Pusat Basa hal. 1152
  2. a b c d e f g h i j k l m n o luk.staff.ugm.ac.id (diakses tanggal 23 Mei 2011)

Spektrum radhio
ELF | SLF | ULF / VF | VLF | LF / LW | MF / MW | HF / SW | VHF | UHF | SHF | EHF
3 Hz | 30 Hz | 300 Hz | 3 kHz | 30 kHz | 300 kHz | 3 MHz | 30 MHz | 300 MHz | 3 GHz | 30 GHz | 300 GHz

Wikipedia
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbeni sadaya basa.