F-15 Eagle

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa


F-15 Eagle
F-15 Angkatan Udara Arab Saudi.
 Tipe Pesawat tempur superioritas udara
 Produsen McDonnell Douglas
Boeing IDS
 Pisanan mabur 27 Juli 1972
 Dikenalake 9 Januari 1976
 Pemakai Amerika Sarekat
Israel
Jepang
Arab Saudi
 Rega satuan US$29,9 juta {1998}
 Varian F-15E Strike Eagle
F-15S/MTD
F-15SE Silent Eagle

F-15 Eagle ya iku pesawat tempur taktis ing kabeh cuaca kang dirancang kanggo nggawe lan mempertahanake superioritas udara sajeroning pertarungan ing langit. Pesawat iki dikembangake kanggo Angkatan Udara Amerika Sarekat , lan kapisan kali mabur nalika Juli 1972 . F-15E Strike Eagle ya iku variane kang wujud pesawat tempur serang kang wiwit dienggo ing taun 1989 . Angkatan Udara Amerika Sarekat ngrencanakake kanggo tetep migunakake F-15 nganti taun 2025. [1]

Sajarah [ besut | besut sumber ]

Nalika Perang Korea , pesawat tempur Amerika Sarekat kang bisa ngalahake pesawat tempur MiG-15 Soviet amung F-86 Sabre . Banjur ing taun 1965 , komunitas pesawat tempur dikejutke dening remuke pesawat-pesawat modheren F-105 Thunderchief dening MiG-17 era pasca-Perang Korea, nalika Perang Vietnam . Intelijen Angkatan Udara Amerika Sarekat banjur ngerteni yen Uni Soviet lagi nganakake tahap pengembangan pesawat tempur kang luwih gedhe, kang dijenengi MiG-25 . Nalika Perang Vietnam, pesawat kang duwe persenjataan, jarak jangkau, lan kelincahan kang cukup kanggo ngalahake pesawat tempur gawean Soviet amung F-4 Phantom II . Nanging, pesawat iki isih duwe akeh kelemahan.

Angkatan Udara AS butuhake pesawat kang luwih apik saka F-4 Phantom. Sawise nolak program VFX Angkatan Laut AS (kang akhire ngasilake F-14 Tomcat ), Angkatan Udara AS nggawe program dheweke dhewe, ya iku FX ( Fighter Experimental ), kanti spesifikasi kanggo pesawat tempur superioritas udara kang relatif entheng. Telu perusahaan nyerahake proposal, ya iku Fairchild Republic , North American Rockwell , lan McDonnell Douglas . Angkatan Udara AS ngumumke yen dheweke wis milih McDonnell Douglas ing tanggal 23 Dhesember 1969 . Disain kang kapilih migunakake swiwi buntu dobel meh padha karo F-14, nanging ora migunakake swiwi lipat.

F-15A prototip kapisan, S/N 71-0280.

Versi paling kapisan, kang wenehi jeneng F-15A kanggo varian kursi tunggal lan F-15B kanggo varian kursi dobel, diobahake dening mesin kang anyar, Pratt & Whitney F100 , kang bisa nganti perbandingan surungan karo bobot rasio 1 banding 1. Meriam tanpa selongsong 25 mm Ford-Philco GAU-7 kang awale dikembangake kanggo pesawat iki dibatalake amarga ana masalah pengembangan, lan diganti meriam M61 Vulcan baku. F-15 juga nerusake panganggoan papat rudal Sparrow , padha kaya Phantom. [2]

Spesifikasi (F-15C Eagle) [ besut | besut sumber ]

Gambar teknis F-15 Eagle.
Gambar teknis F-15 Eagle.

Karakteristik umum [ besut | besut sumber ]

  • Kru: 1
  • Dawa: 63,8 ft
  • Dawa Swiwi: 42,8 ft
  • Duwur: 18,5 ft
  • Amaba swiwi: 608 ft
  • Bobot kosong: 28.000 lb
  • Bobot terisi: 44.500 lb
  • Bobot maksimum lepas landas: 68.000 lb
  • Mesin: 2 unit Pratt & Whitney F100-100,-220, atau -229 turbofan
  • Dorongan kering: 17.450 lbf masing-masing
  • Dorongan kanti pembakar lanjut: 25.000 lbf untuk -220; 29.000 lbf untuk -229 masing-masing

Kinerja [ besut | besut sumber ]

  • Kecepatan maksimum: Mach 2,5 (3.018 km/jam)
  • Jarak jangkau terjauh: 3.000 nm dengan bahan bakar eksternal
  • Batas ketinggian maksimum penerbangan: 65.000 ft
  • Laju panjat: >50.000 ft/min
  • Beban swiwi: 73,1 lb/ft²
  • Dorongan/berat: 1,12 (-220), 1,30 (-229)

Persenjataan [ besut | besut sumber ]

  • Cannon: 1 unit cannon M61A1 Vulcan kaliber 20 mm, 940 butir peluru
  • Titik keras: 4 sayap, 4 badan, 2 stasiun swiwi, stasiun tengah kanti kapasitas 7.300 kg
  • Rudal: AIM-7F Sparrow, AIM-120 AMRAAM, AIM-9 Sidewinder

Cayhetan Sikil [ besut | besut sumber ]

  1. Making the Best of the Fighter Force , Air Force magazine , Maret 2007.
  2. Pesawat , (Kaunduh 24/11/12).

Uga delengen [ besut | besut sumber ]

Varian F-15E Strike Eagle .

Cithakan:Aircontent

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]

Cithakan:McDonnell Douglas military aircraft


Cithakan:Pesawat militer-stub