Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Republik Polen
utawa
Republik Polandia
(
Polen
:
Polska
,
Rzeczpospolita Polska
) iku
nagara
republik
ing
Eropa
Wetan kang bebatesan karo
Jerman
ing sisih kulon,
Cekia
lan
Slowak
ing sisih kidul,
Ruslan
(
Oblast Kaliningrad
) lan
Litowen
ing sisih wetan uga
Belarus
sarta
Ukraina
ing sisih kidul-wetan.
- Deleng uga
Sajarah Polen
Polen iku nagara ing Eropa-Wetan kang wis diadegake kurang luwih sewu taun ing taun
966
. Ing taun
1025
Polen dadi karaton lan ing taun
1569
manunggal karo Litowen dadi "
Kasaraharjan Polen-Litowen
". Nanging taun
1795
kasaraharjan iki rusak lan wong Polen ora nduwe nagara mardika nganti taun
1918
, sawise
Perang Donya I
.
Polen miturut administratif diperang dadi 16
provinsi
('angka voyevod-an') utawa
wojewodztwo
ing
basa Polen
. Saben provinsi dicacah maneh dadi pirang
powiat
(padha karo
kabupaten
, terus saben
powiat
dibagi dadi sawatara
gmina
(kurang luwih ukarane antara
kecamatan
utawa
kalurahan
)).
Provinsi Polen (ing
basa Polen
):
- (
Dolno?l?skie
) Silesan Asor
- (
Kujawsko-pomorskie
) Kuyav-Pomoran
- (
Łodzkie
)
- (
Lubelskie
)
- (
Lubuskie
)
- (
Małopolskie
) Polen alit
- (
Mazowieckie
)
- (
Opolskie
)
- (
Podkarpackie
) Karpatia andhap
- (
Podlaskie
) Laski andhap
- (
Pomorskie
)
- (
?l?skie
) Silesan
- (
?wi?tokrzyskie
)
- (
Warmi?sko-mazurskie
)
- (
Wielkopolskie
) Polen ageng
- (
Zachodniopomorskie
) Pomoran Kulon
- Artikel utama:
Pratelan kutha ing Polen
- Artikel utama
Demografi Polen
Sukubangsa kang manggon ing Polen iku mayoritase bebrayan
Polen
kang kalebu bangsa
Slav
. Nanging uga ana bebrayan
Belarus
, mligi ing saidenging
Białystok
, bebrayan
Jerman
, mligi saindenging
Opole
. Banjur uga ana sithik
wong Ukraina
cedhak
Przemy?l
. Sadurunge
Perang Donya II
, uga ana
komunitas Yahudi
kang gedhe ing Polen. Nanging komunitas Yahudi disirnakake nganti meh entek dening wong
Nazi Jerman
.
Wong Polen
lumrahe
agama
Katulik
,
Paus Yokanan Paulus II
asale ya saka Polen. Nanging uga ana kang nganut agama
Kristen Ortodhoks
, mligi wong Belarus. Panganut
agama Yahudi
wis meh ora ana maneh namung kurang luwih 12.000 jiwa wae. Panganut agama
Islam
uga ana. Saliyane para migran anyar, uga ana wong Polen keturunan
bangsa Tatar
kang wis atusan taun manggon ing kene kaya wong Yahudi. Cacahe umat Muslim kurang luwih ana 30.000 jiwa. Wong Buda uga ana nanging
cacahe
panganute ora patiya akeh; namung kira-kira 5.000 jiwa wae.
Polen iku nagara kang datar lan peranganing lemah ngisor
Eropa
lor. Nanging ing sisih kidul ana pagunungan
Beskida
lan
Karpatia
.
Kali kang paling dawa ing Polen iku
kali Wisla
kang mili ngliwati kutha
Warsawa
.
- Artikel utama:
Pratelan kali ing Polen
|
Wikimedia Commons duwe medhia ngenani
Poland
.
|
Uni Eropah
|
---|
Praja atmabuh
| | |
---|
| |
---|
| Dhenemarken
| |
---|
Karajan Manunggal
| |
---|
|
---|
Wewengkon Mirunggan
kanthi atmabuh mardika
| Finlan
| |
---|
Karajan Manunggal
| |
---|
Nurwegen
| |
---|
|
---|
- 1
Pulo-pulo sing ana nang segara saputere Eropa biasane dianggep kalebu Eropa.
- 2
Praja-praja sing ana nang saputere Eropa kadang dianggep Eropa amarga kabudhayaane padha.
|
- ↑
Głowny Urz?d Statystyczny, dane za rok 2018, stan na 01.01.2018
- ↑
Bankier.pl, Powierzchnia Polski wzrosła o 1643 ha