Yerusalem

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Yerusalem
????????????? (Yerushalayim)
????? (al-Quds)
Gendera Yerusalem Lambang Yerusalem

Jerusalem_WBIL.jpg

Yerusalem ing Palestina

Katrangan cekak
Jembar: 63,78 km²
Padunung : 760.800 jiwa (2009)
Kapadhetan: 5.768 jiwa per km²
Suku bangsa: Wong Yahudi , Arab , Armenia lan liya-liyane
Agama: Agama Yahudi , Islam , Kristen , lan liya-liyane.
Situs web resmi: http://www.jerusalem.muni.il
Pulitik
Walikutha: Moshe Lion

Yerusalem ( basa Ibrani : ????????????? Yerushalayim ; basa Arab : ????? al-Quds ; iku kutha kuna ing Wetan Tengah kang wigati banget kanggo telung agama: Agama Yahudi , Kristen , lan Islam .

Kutha iki saiki kanthi de facto [1] . Nanging wong Palestina uga nuntut perangan wetan kutha iki kang arep didadekake kutha krajan nagarane ing masa ngarep.

Wiwit taun 2008-2018 Walikutha Yerusalem iku Nir Barkat , sadurunge iku Uri Lupolianski , siji tokoh Yahudi Haredi utawa Yahudi Ultra Ortodoks. Saiki walikuthane yaiku Moshe Lion (wiwit 2018)

Etimologi [ besut | besut sumber ]

Tembung Semitik tumrap jeneng "Yerusalem" kang akeh disetujoni ya iku ' S-L-M' kang jrdoning basa Arab utawa Ibrani tegese damai , [2] kerukunan utawa kasampurnan . Sawijining kutha kang karan Ru?alimum utawa Uru?alimum muncul sajeroning cathetan Mesir kuna minangka siji rujukan pisanan tumrap Yerusalem. [3] Wangun Mesir mau dikira-kira kaudhunake saka jeneng lokal kang ana ing surat-surat Amarna, e.g: sajeroning EA 287 (ana sawatara wangun) Urusalim . [4] [5] Wangun Yerushalayim (pelafalan Ibrani) pisanan muncul ing kitab Yosua . Wangun iki wujud sawiji portmanteau saka yerusha (pusaka) lan jeneng asli Shalem kang dudu wujud evolusi fonetik prasaja saka wangun iki sajeroning surat Amarna. Saperangan kalangan yakin anae gayutan tembung iki karo tembung Shalim , dewa pemurah saka mitologi Ugarit kang dadi personifikasi wektu wengi. [6] Lumrahe panambang -im nuduhake wangun jamak sajeroning tata basa Ibrani lan -ayim wangun gandha saengga nuwuhake anggepan yen jeneng mau tegese fakta kutha mau dumunung ing rong bukit. [7] [8] Sanajan mangkono, lafal tembung pungkasan -ayim mung muncul sajeroning perkembangan pungkasan, lan ora ana ing mangsa Septuaginta . Sajeroning basa Yunani lan Latin tembung iki ditulis Hierosolyma. Sajeroning basa Arab, Yerusalem karan Ursalim al-Quds utawa luwih populer minangka al-Quds (Kudus). "Zion" wiwitane dianggep dadi peranganing kutha, nanging sabanjure dadi tandha kutha kanthi sakabehane. Ing periode kakuwasan Raja Daud, kutha iki dikenal minangka Ir Daud (Kutha Daud). [9] .

Sajarah [ besut | besut sumber ]

Tembok Yebus, Kutha Daud

Bukti-bukti keramik nuduhake anane aktivitas ing Ofel , kang wektu iki dikenal kanthi jeneng Yerusalem ing Zaman Tembaga watara milenium angka 4 SM , [10] kanthi bukti siji pemukiman tetep sajeroning awal Zaman Perunggu watara 3000?2800 SM. [10] [11] Teks Kebencian (watara abad ke-9 SM), ngrujuk marang kutha kang karan Roshlamem utawa Rosh-ramen [10] lan surat Amarna (watara abad angka 14 SM) manawa dadi kang sepisanan nyebut kutha mau. [12] [13] Sawetara ahli arkeologi, kalebu Kathleen Kenyon , yakin Yerusalem [14] minangka siji kutha kang diyasa masarakat Semitik Kulon karo pamukiman kang tumata watara 2600 SM . Miturut tradhisi Yahudi, kutha iki diyasa Shem lan Eber , leluhur Abraham .

Cathetan [ besut | besut sumber ]

  1. Sadurunge dipindhah mrene, dumunung ing kutha Tel Aviv
  2. Cithakan:Cite DVD-notes
  3. G.Johannes Botterweck, Helmer Ringgren (eds.) Theological Dictionary of the Old Testament , (tr.David E.Green) William B.Eerdmann, Grand Rapids Michigan, Cambridge, UK 1990, Vol. VI, p.348
  4. EA287 Abdi Hiba of Jerusalem to the king, No. 3
  5. The El Amarna Letters from Canaan
  6. Elon, Amos (1996-01-08). Jerusalem . HarperCollins Publishers Ltd. ISBN   0006375316 . Diarsip saka sing asli ing 2003-03-10 . Dibukak ing 2007-04-26 . Epitet ini mungkin saja merupakan jeneng kuna Yerusalem?Salem (miturut jeneng dewa pagan ing kutha iku), kang kanthi etimologis magepokan karo tembung basa-basa Semitik kang tegese damai (syalom sajeroning b.Ibrani, salamjroning b.Arab).
  7. Wallace, Edwin Sherman (August 1977). Jerusalem the Holy . New York: Arno Press. kc. 16. ISBN   0405102984 . Sawijining wawasan kang sarupa diugemi dening wong-wong kang migunakake wangun gandha Ibrani kanggo tembung mau
  8. Smith, George Adam (1907). Jerusalem: The Topography, Economics and History from the Earliest Times to A.D. 70 . Hodder and Stoughton. kc. 251 . Dibukak ing 2007-04-25 . Istilah-aim utawa-ayim dianggo minangka istilah umum wangun gandha saka tembung barang, lan digunakake minangka penanda kutha-kutha hulu lan hilir.
  9. "Jerusalem" . Jafi.org.il. Diarsip saka sing asli ing 2007-11-22 . Dibukak ing 2009-05-05 .
  10. a b c Freedman, David Noel (2000-01-01). Eerdmans Dictionary of the Bible . Wm B. Eerdmans Publishing. kc. 694?695. ISBN   0802824005 .
  11. Killebrew Ann E. "Biblical Jerusalem: An Archaeological Assessment" in Andrew G. Vaughn and Ann E. Killebrew, eds., "Jerusalem in Bible and Archaeology: The First Temple Period" (SBL Symposium Series 18; Atlanta: Society of Biblical Literature, 2003)
  12. Vaughn, Andrew G.; Ann E. Killebrew (2003-08-01). "Jerusalem at the Time of the United Monarchy". Jerusalem in Bible and Archaeology: the First Temple Period . Atlanta: Society of Biblical Literature. kc. 32?33. ISBN   1589830660 .
  13. Shalem, Yisrael (1997-03-03). "History of Jerusalem from Its Beginning to David" . Jerusalem: Life Throughout the Ages in a Holy City . Bar-Ilan University Ingeborg Rennert Center for Jerusalem Studies . Dibukak ing 2007-01-18 .
  14. jeneng asli URU URU salem KI sajeroning basa Akkadia, tinemu katulis sajeroning surat-surat Amarna wektu kutha isih dikepung wong Mesir lan dikuwasani dening Abi Heba kang tegese kutha damai

Pratelan kampung-kampung in Yerusalem [ besut | besut sumber ]

Uga delengen [ besut | besut sumber ]

Kapustakan [ besut | besut sumber ]

Buku

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]

Wikipedia
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbeni sadaya basa.
Panorama Temple Mount , kalebu Masjidil Aksa , lan Dome of the Rock , dideleng saka Bukit Zaitun