Langi

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Langi
Organisasi Federasi Renang Internasional (FINA)
Characteristics
Kategorisasi Akuatik
Olimpiade Langi ing Olimpiade Mangsa panas

Langi inggih punika ulah raga ingkang ngutamakaken karikatan utawi atlet langi ugi ing ngelangi [1] . Gaya langi kang dilombakake inggih punika antaranipun gaya bebas , gaya kupu-kupu , gaya punggung , lan gaya dhadha [2] .

penggambaranipun gaya bebas

Langi (ulah raga) punika kaperang wonten mlunpat endah, langi endah, langi ing toya kabikak kados dene inggih punika wadhuk , bendungan , embung , seganten , lan polo toya, anipun utawi tata caranipun palombaan langi dipuntetepake dening Federasi Renang Internasional (FINA). Persatuan Renang Seluruh Indonesia (PRSI) inggih punika induk saking organisasi cabang ulah raga langi ing Indonesia .

Sajarah [ besut | besut sumber ]

Langi satus ( 100 ) yard di Olimpiade St. Louis 1904

.

Panglombaan nglangi dipunwiwiti ing Eropah kirang langkung ing taun 1800 . Sajeroning lomban wong kang langi nganggo gaya dhadha . Kala taun 1873 , John Arthur Trudgen manuhake gaya trudgen ing lomba-romba langi lajeng niru langi gaya bebas suku Indian . Kanthi sebab ora seneng ing wong Inggris ing gaya langi niruake banyu mili, Trudgen nggantos obahipun sikil dados obahipun awak kanthi kayak gunting .

Langi dados salah satunggiling ulah raga ingkang dipunlombakaken wonten ing Olimpiade Athena 1896 . Nomer langi wedok dilombakake wiwit Olimpiade Stockholm 1912 . Sajeroning 1902 , Richard Cavill manuhake langi gaya bebas . Federasi Langi Internasional ingkang kadanel ing taun 1908 . Gaya kupu-kupu kapisan dikembangake ing taun 1930-an . Wiwit, gaya kupu-kupu kagolong dadi gaya dhadha kang durung kalebu ing gaya langi ing taun 1952 .

penggambarane gaya dhadha

Ing Hindhia Walanda , Persarekatan Ngelangi Bandung ( Bandungse Zwembond ) diadegake ing taun 1917 . Wiwit taunsakbanjure diadegake Persarekatan Ngelangi Jawa Kulon ( West Java Zwembond ), dan Persarekatan Ngelangi Jawa Wetan( Oost Java Zwembond ) kang diadegake ing taun 1927 . wiwit jaman iku lomba ngelangi ing laladan wiwit akeh disenengi lan asring diadakake. Rekor ing kajuaraan-kajuaraanuga dicatet kanggo rekoring Walanda . [2]

penggambarane gaya punggung

Ing taun 1936 ,ngelangen saka Hindia Walanda kang pajenengan karan Pet Stam nyatet biji 59,9 detik kanggo nomer 100 meter gaya bebas ing kolam langen Cihampelas Bandung . Pet Stam dikenken makili Walanda ing Olimpiade Berlin 1936 . Persatuan Langi Sakubenge Indonesia diadegake ing tanggal 21 Maret 1951 , lan mumpangate kanggo grup Federasi Langi Internasional wiwit taun sabanjure. Pelangen saka Indonesia melu lomban ing Olimpiade Helsinki 1952 . [2]

Sarono lan Piranti [ besut | besut sumber ]

Kolam Langi [ besut | besut sumber ]

Dawa kolam langi sajeroning lintasan ya iku 50 m sakwentara lintasan cekak ya iku 25 m. Wiwit Federasi Langi Internasional ngumumake syarat kanggo kolam ukuran Olimpiade dikukuhake ing dawa kolam 50 m lan amba jembar kolam 25 m.Jerone kolam paling sitik 1,35 meter, wiwit saka 1,0 m ing lintasan paling sitik 6,0 m dietung saka pinggir kolam kang ana piranti]ne papan awalan (start)jero paling sitik ya iku ing babagan liyane 1,0 m. [3]

penggambarane gaya kupu-kupu
penggambarane gaya punggung
penggambarane gaya kupu-kupu

Cathetan sikil [ besut | besut sumber ]

  1. "FINA 2009 List of Approved Swimsuits" . Fina.org . Dibukak ing 2009-11-14 .
  2. a b c "Sajarah" . Persatuan Renang Seluruh Indonesia. Diarsip saka sing asli ing 2009-06-10 . Dibukak ing 2009-11-14 .
  3. {{cite web |title=FINA Facilities Rules 2009 -[[2013] |url= http://www.fina.org/project/index.php?option=com_content&task=view&id=51&Itemid=119#fr2 |date= |work= |publisher= |accessdate]=2009-11-14}}

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]