Jeremy Lin

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jeremy Lin

Jeremy Shu-How Lin (Hanzi tradhisional: 林書豪; Hanzi prasaja: 林?豪; pinyin: Lin Sh?hao; Pe?h-?e-j?: Lim Su-ho ; lair 23 Agustus 1988 ; umur 24 taun) ya iku pamaen basket profesional saka Amerikah Sarekat . [1] Wiwit 2011 maen kanggo New York Knicks ing liga National Basketball Association (NBA). [1] Juli 2012, Lin Pindah menyang Houston Rockets. [1] Lin ya iku salah sikini pamaen Amerika keturunan Asia ing jerone sajarah NBA lan pamaen Amerika sapisan keturunan Cina utawa Taiwan . [1]

Kulawarga [ besut | besut sumber ]

Lin lair ing Los Angeles , California lan digedhegake ing Palo Akto, California. [1] Wong tuwane, Gie-Ming Lin lan Shirley Wu, imigrasi saka Taiwan menyang Amerika serikat ing tengah-tengah taun 1970-ab. [1] Kulawargane bapakne asale saka Beidou, Changhua ing Taiwan, dene kulawarga ibune saka Pinghu Zhejiang ing Daratan Cina. [1] Dheweke duwe kangmas, Josh lan adhik lanang, Joseph. [1] Gie-Ming ngajari anak-anake dolanan basket. [1] Lin digedhegake ing kulawarga Kristen. [1]

Jaman SMA [ besut | besut sumber ]

Tahun pungkasan ing SMA Palo Alto Hight School (2005-2006), Lin dadi kapten lan mimpin tim mau saengga bisa mecahake rekor menang-kalah 32-1 ngalahake tim nasional saka sekolah Mater Dei, 51-47, kanggo ngrebut juara divisi II praja California . [2] Miturut Dana O'Neil saka ESPN Lin ya iku pilihan kang utama kanggo pamaen kang paling apik rikala iku. Dheweke entuk panghargyan mawa juru main first-team all-state lan Northern California Division II Player of the year. [1]

Kompetisi Internasional [ besut | besut sumber ]

Lin tahu diundang dening Chinese Taipe ya iku eneng resmi kang dienggo dening Republic of China ( Taiwan ) ing tetandhingan internasional kanggo dadi tim nasional ing kompetisi FIBA. [2] Tanggal 28 Juli 2010 rikala ing Taipei kanggo maen ing tetandhingan persahabat kang dianakake dening Yao Ming, Lin ngomong durung nju[uk kaputusan apa dheweke gelem main kanggo Chinese Taipe. [2] Juni 2011, Chinese Taipei Basketball Association (CTBA) ngatutake jeneng Lin ing susunan 24 juru main sementara kanggo 2011 FIBA Asia Associationship. [2] Nanging, ing sasi sabanjure, CTBA ngumumake yen Lin nulak tawaran saka tim bal basket Replublik Rakyat Cina kanggo maen ing turnamen kang padha nanging Chinese Basketball Management Center ngomong yen ora tahu ngubungi Lin. [2]

Tanggal 4 Agustus 2011 , Lin ngomong bakal mikirrake bakal maen ing luar nagari rikala NBA lockout 2011 nanging bakal tetep ngenteni nganti tenanan mari sawise cidra. [2] September 2011, Lin maen ing pira-pira tetandhingan kanggo tim Dongguan Leopards kang kelebu ing Chinese Basketball Association (CBA)ing keuaraan ABA Club Championship di Guangzhou, Cina ana ing turnamen mau dheweke pikantuk panghargyan mawa juru main terbaik. [2]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b c d e f g h i j k Jeremy Lin (dipunundhuh tanggal 27 Februari 2013)
  2. a b c d e f g Berita satu (dipunundhuh tanggal 27 Februari 2013)