Caesarion

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sawijining relief Cleopatra lan Caesarion ing kuil Dendera, Mesir

Ptolemy XV Philopator Philometor Caesar (dipunjuluki Caesarion (Caesar alit), basa Yunani : Πτολεμα?ο? ΙΕ' Φιλοπ?τωρ Φιλομ?τωρ Κα?σαρ , Καισαρ?ων , 23 Juni 47 SM ? Agustus 30 SM ) punika firaun pungkasan ing dinasti Ptolemeus ing Mesir . Panjenenganipun mrentah wiwit yuswa 3 taun sesarengan ibunipun, Cleopatra VII , saking 2 September 44 SM dumugi Agustus 30 SM , nalika panjenenganipun dipunsedani dening Oktavianus, ing salajengipun dados kaisar Romawi Augustus .

Panjenengangipun punika putra kakung paling sepuh Cleopatra VII. Kamungelan ageng ramanipun inggih punika Julius Caesar . Mila leres makaten, panjenenganipun punika putra kandhung Caesar satunggal-satunggalipun.

Biografi [ besut | besut sumber ]

Ptolemy XV, kadhang dipunsebat "Ptolemy Caesar", limrahipun dipunkenal kanthi asma panggilan "Caesarion", dipunwiyosaken ing Mesir taun 47 SM lan nglampahi kalih taun, saking 46-44 SM, ing Roma , ing pundi panjenenganipun lan ibunipun punika tamu Caesar. Cleopatra VII ngajeng-ngajeng bilih yoganipun badhe nerasaken ramanipun Caesar dados kepala Republik Romawi lan Mesir. Sasampunipun pamejahan Caesar tanggal 15 Maret 44 SM , Cleopatra lan Caesarion kundur malih ing Mesir. Caesarion dados raja lan sesarengan mrentah kaliyan ibunipun wiwit 2 September 44 SM ing yuswa 3 taun, ewadene panjenenganipun namung njawat minangka raja, sauntawis Cleopatra VII mrentah piyambak.

Ing mangsa saderengipun sengketa antawis Markus Antonius kaliyan Octavianus , Antonius, ing wekdal samanten nguwaosi Republik ing triumvirat kaliyan Oktavianus lan Lepidus, maringi laladan-laladan kakuwosan ing wetan lan gelar-gelar dhumateng Caesarion lan dhumateng 3 yoga Markus Antonius sesarengan Cleopatra. Caesarion dipunparingi gelar "Raja segala Raja". Ingkang paling ngancam Oktavianus (ingkang kakuwosanipun dipundhasaraken ing statusipun minangka putra kaponakan lan putra angkat Julius Caesar), Antonius maringi gelar Caesarion putra kandhung lan ahli waris Caesar. Pranyatan punika njalari sengketa serius antaranipun Antonius lan Oktavianus, ingkang ngumumaken perang nglawan Antonius lan Cleopatra.

Nalika Oktavianus nyerang Mesir taun 30 SM , Cleopatra VII ngintun Caesarion, wekdal punika yuswanipun 17 taun, nuju palabuhan Sagara Abang Berenice kangge kaamananipun, kanthi rencana mlajar nuju India. Oktavianus nglenggahi kitha Alexandria tanggal 1 Agustus 30 SM, tanggal nalika Mesir dipunlebetaken ing Republik Romawi. Markus Antonius sampun nglalu saderengipun Oktavianus mlebet ing kutha krajan; Cleopatra tumut nglalu tanggal 12 Agustus 30 SM . Panjaga-panjaga Caesarion, kalebet ara-araipun, ngianati panjenenganipun lan Oktavianus mrentahaken pamejahan Caesarion.

Oktavianus salajengipun mrentah Mesir. Taun 30 SM BC dipunanggep minangka taun sepisanan pamarentahan raja enggal sami kaliyan sistem pananggalan tradhisional Mesir. Ing pratelan-pratelan wekdal samanten Oktavianus dipunsebat minangka firaun lan pangganti Caesarion.

Dipundhisikki dening:
Ptolemy XIV lan Cleopatra VII
Pirngon
kaliyan Cleopatra VII
Dipunterusaken dening:
Augustus