한국   대만   중국   일본 
Wikisastra - Wikipedia Menyang konten

Wikisastra

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Wiktionary
Logo Wiktionary basa Inggris lan Jawa
Jinising situs
Bausastra online
Ana ing basa Maneka basa
Kang duwe Yeyasan Wikimedia
Digawe dening Jimmy Wales lan paguyuban Wikimedia
Situs jaringan wiktionary .org
Dagang Ora
Registrasi Manasuka
Kababar Dhesember 12, 2002 ; 21 taun kapungkur  ( 2002-12-12 )
Setatus saiki Aktif

Wiktionary , utawa?ing edhisi basa Jawa? Wikisastra iku proyek kerabate Wikipedia sing ditujoake minangka bausastra wiki mardika (kalebu tesaurus lan leksikon ) ing kabeh basa . Wiktionary ing edhisi basa Inggris (en.wiktionary.org) dibukak sepisanan tanggal 12 Dhesember 2002 minangka tindak lanjut proposal Daniel Alston. Tanggal 29 Maret 2004 , Wiktionary ing edhisi basa liyane, yaiku Prancis lan Polen , wiwit dibukak. Wiwit wektu iku, Wiktionary ing edhisi basa liyane uga wiwit dibukak. Awale, Wiktionary nginduk ing URL sauntara nganti akhire tanggal 1 Mei 2004 dipindhah menyang www.wiktionary.org .

Wiktionary dicawisake kanggo

  • njelasake surasaning tembung , istilah, lan cekakan
  • tesaurus kanthi cara nunjukake sinonim
  • mertalake tembung-tembung saka sawijining basa nuju basa liyane.

Ora kaya bausastra lumrahe sing monolingual/ekabasa utawa bilingual/dwibasa, Wiktionary wujud bausastra multilingual/multibasa lan internasional, sing tegese duwe tujuan kanggo nyakup saben tembung saka kabeh basa sing dimangerteni lan nglakokake ing maneka warna basa. Minangka conto, Wiktionary edhisi basa Inggris ngandhung entri/lema saka maneka warna basa, namung ditulis ing basa Inggris. Wiktionary edhisi basa Jawa uga bisa duwe artikel-artikel sing padha karo edhisi basa Inggris, nanging artikele ditulis ing basa Jawa.

Bedane antarane Wiktionary lan Wikipedia iku akehe entrine diwiwiti kanthi huruf cilik. Minangka conto, entri kanthi huruf cilik i lan kapital I beda.

Wikisastra [ besut | besut sumber ]

Ing kaca iki panjenengan bisa nggoleki arti tembung sawijining lemma utawa entri ing basa Jawa . Manawa panjenengan pengin nyumbang entri, mila bakal banget diregani. Ing ngisor iki sabagean saka pratelan tetembungan ing basa Jawa miturut susunan abjad :-

Perlu ditekanake ing kene manawa tembung -tembung sing diamot ing njero pratelan tembung iki yaiku tembung-tembung saka kosakata basa Jawa . Dadi disuwun, jeneng-jeneng tokoh, nagara lan bab-bab liyane aja dilebokake ing kene.

Pratelan tembung iki diamot kanggo artikel-artikel sing ora duwe kaca penghubung supaya aja dadi artikel yatim.

Perlu uga ditekanake ing kene supaya aja asal njupuk hak karya wong liya sing kareksa ing sangisore Undang-Undang hak cipta . Tulung supaya menehi sumber informasi manawa mungelake!

Pirsanana uga [ besut | besut sumber ]

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]