Hak cipta

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Hak cipta iku nyawisake pangagem hak kanggo mbatesi panikelan ora sah saka ekspresi asli (upamane literatur , filem , musik , gegambaran , piranti alus (software) , topeng , lan liya-liyane.

Hak cipta iku beda akeh karo wujud liya saka properti intelektual , upamane paten kang menehi hak monopoli kanggo invensi . Hak cipta iku dudu hak monopoli nanging kanggo nyegah wong liya kanggo tumindak kang nerak hak mau.

Ing Indonesia , prakara hak cipta ginaris ing Undhang-Undhang Hak Cipta, ya iku Undhang-Undhang Nomor 28 Tahun 2014.

Sajarah Hak Cipta [ besut | besut sumber ]

Konsep hak cipta ing Indonesia iku tumurun saka konsep copyright ing basa Inggris . Kawitane, copyright kacipta selaras karo tinemu mesin cithakan. Sadurunge mesin [[Guttenberg iku, proses kanggo nyalin sawijining karya tulisan mbutuhake tenaga lan beya kang meh padha gedhene karo ragad gawe asline. Mula saka iku, para penerbit kang njaluk supaya ana paugeran kang mayungi karya cithakan bisa dikopi, ketimbang para pengarange.

kawitane, hak monopoli mau diwenehake langsung marang penerbit kanggo ngedol barang cithakane. Hak kanggo pengarang (penganggit) lagi ana sawise kabiwarakake angger-angger copyright ing taun 1710 kanthi Statute of Anne ing Inggris . Angger-angger mau uga ngayomi para konsumen bisa mardika sawise proses dol-tinuku. Paugeran iki uga ngatur hak `´ksklusif kang nyekel copyright , ya iku salawase 28 taun. Sawise masa mau, karya iku dadi duweke umum .

Konvensi Berne ing taun 1886 kang pisanan ngatur prakara copyright ing antarane nagara-nagara kang duwe daulat. Ing konvensi iki, copyright kawenehake otomatis kanggo karya kreatif lan panganggit ora kudu ndaftarake. Salebare sawijining karya kacithak utawa kasimpen ing sawijining medhia, si panganggit otomatis oleh hak eksklusif copyright karyane iku lan uga kanggo karya derivatif nganti si pengarang kanthi blak-blakan mratelakake sewalike utawa nganti copyright mau kadalu warsa.

Sajarah hak cipta ing Indonesia [ besut | besut sumber ]

Taun 1958 , Mahamantri Djuanda mratelakake Indonesia metu saka Konvensi Berne supaya para intelektual Indonesia bisa oleh paedah saka karyane, cipta lan karsa bangsa manca, tanpa kudu mbayar royalti.

Taun 1994 , Pamarentah Indonesia ngratifikasi Organisasi Perdagangan Dunia ( World Trade Organization ? WTO), kang sinertanan Prajanjen Trade Related Aspects of Intellectual Propertyrights - TRIPs (Prakara-prakara kang magepokan karo wisaya HKI). Prakara iki kalakokake amarga Hak kekayaan intelektual wus dadi piranti ing jagad dol-tinuku ing antarane nagara-nagara maju. Ing Indonesia, paugeran prakara hak kekayaan intelektual iki kawujudake liwat Undhang-Undhang Nomer 7 Taun 1994 .

Jangka wektu pangayoman hak cipta [ besut | besut sumber ]

Ing Indonesia, jangka wektu pangayoman hak cipta iku katata kaya mangkene:

  • Hak cipta ciptan:
    • buku, pamflet, lan kabih karya tulisan liyane;
    • drama utawa drama musikal, joged, koreografi;
    • sakabehe wujud seni rupa, kaya ta seni nggambar, seni patung, dan seni tatah;
    • seni bathik;
    • lagu utawa musik kanthi utawa tanpa teks;
    • arsitektur;
    • ular-ular, kuliah pidhato, pranatacara, lan ciptan sabangsane;
    • piranti paraga;
    • peta;
    • tarjamahan, tapsir, saduran, lan bunga rampai ;

lumaku salawase urip pangripta lan terus lumaku nganti 50 (seket) tauh sawise pangriptane tilar donya. Yen kang duwe wong 2 (loro) utawa luwih, hak cipta lumaku salawase urip pangriptane paling pungkasan tilar donya lan katerusake 50 (seket) taun sabubare.

  • Hak cipta ciptan:
    • program komputer, sinematografi, fotografi, database , karya saka alih wujud kang lumaku salawase 50 (seket) taun sawise kabiwarakake;
    • Tata wujud karya tulis kang kababar

lumaku salawase 50 (seket) taun sawise kababar pisanan;

Upama hak cipta mau duweke utawa dicekel sawijining badan hukum , hak cipta lumaku lawase 50 (seket) taun sawise kabiwarakake.

  • Hak cipta kang diduweni/dicekel Nagara dhedhasar:
    • Folklor lan saka kabudayan rakyat kang dadi darbeke bareng-bareng, lumaku tanpa wates wektu;
    • Ciptan kang ora konangan sapa kang duwe lumaku 50 (seket) taun kawit pisanan kababar.

Pranala njawi [ besut | besut sumber ]