한국   대만   중국   일본 
Wikipedia:Cara ndeleng netral - Wikipedia Menyang konten

Wikipedia : Cara ndeleng netral

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Wikipedia:NPOV )

Kawicaksanan Wikipedia netepake yen kabeh artikel kudu ditulis seka cara ndeleng netral utawa neutral point of view (NPOV) . Miturut pangadeg Wikipedia, Jimmy Wales , NPOV iku "kuwajiban lan ora bisa digugat maneh" [1]

Coba pirsani tutorial NPOV prakara cara gawe artikel sing patrap karo kawicaksanan NPOV.

Atur pambuka

Kawicaksanan NPOV iku katentokake supaya artikel ora bot-sih (tembung bot-sih asring kagunakake kanggo wong Jawa sing diringkes seka "abot sisih") kanthi ngrungkebi kabeh pamawas kanthi adil.

Kawicaksanan iki pancen bisa kagagas beda ing antarane wong siji-lan sijine. Iku ora banjur yen nulis sawijining artikel kanthi cara ndeleng sing tunggal, ora bot-sih, lan objektif iku bisa kaleksanan. Kawicaksanan iku nyatakake yen awake dhewe perlu “makili kanthi adil” kabeh pamawas seka pradhondhi, lan ora gawe artikel sing nyatakake, langsung utawa ora, yen salah sijining pihak iku sing bener. Mula kuwi, gotong-rotong ing antarane para Wikiwan lan Wikiwati iku prakara sing wigati.

Nulis sawijining artikel sing adil iku seni kang perlu kalatih. Para panyumbang sing wis nguwasani “seni” iki kaajab supaya mbiyantu ngembangake Wikipedia:Tutorial NPOV .

Konsep dhasar netralitas

Ing Wikipedia kagunakake istilah “ora bot-sih” lan “cara ndeleng netral” kanthi cara sing trap kang beda klawan teges umume:

Artikel sing ora bot-sih “njelasake” sawijining topik kanthi adil lan ora “nyengkuyung” salah sijining pihak sajroning adu wicara. Perlu kagatekake yen kabeh artikel iku bisa disunting dening sapa wae. Iki pancen abot amarga bot-sih iku wis dadi ciri wanci saben manungsa.

Rumusan asli NPOV

Bauwarna ngelmu umum iku sawijining koleksi ng`´lmu sing dikumpulake lan kaanugrahake seka cara ndeleng netral. Tulisan bauwarna kudu tansah ngilari seka sikep “kajaba aluwung” sikep cara ndeleng netral

Cara ndeleng sing netral nyoba menehi gagasan lan fakta sing bisa ditampa sing pro lan kontra. Pancen pasetujon 100% iku tangeh lamun bisa kaleksanani; ana wae ideolog ing ndonya iki sing tansah ora bisa nampa kajaba sawijining pratelan atos prakara cara ndeleng wong-wong kuwi. Kita amung bisa nampa tulisan sing kasetujoni, utamane dening wong-wong rasional sing bisa beda panemu.

Sawetara tuladha sing bisa nerangake poin sing bakal tak-tegasake.

1. Sawijining artikel bauwarna ora entuk mratelakake yen perusahaan-perusahaan iku candhala, malah yen sing nulis nyengkuyung pamikiran kasebut. Artikel iku kudune nerangake fakta yen "ana sing nyengkuyung" prakara kasebut lan apa alesane. Banjur, dheweke kudu nerangake apa sing dipratelakake dening pihak liyane.

2. Sawijining artikel bauwarna ora entuk mratelakake yen kapitalisme iku sistem sosial paling onja. (Kebeneran aku dhewe percaya prakara iki.) Dheweke kudu nerangake argumen-argumen sing nyengkuyung pratelan kasebut, lan argumen-argumen sing nentang prakara kasebut.

Bisa wae cara sing paling apik kanggo gawe karya panjenengan luwih 'ensiklopedhis;, yaiku kanthi nulis prakara apa sing wong yakini tinimbang apa kasunyatane . Yen panjenengan mikir prakara iki subjektif utawa kolektifis utawa imperialis, mula takon wae marang aku prakara kasebut, amarga aku mikir panjenengan salah. Sing wong percayani iku sawijining fakta objektif, lan awake dhewe bisa nampilake prakara iku kanthi gampang seka cara ndeleng netral.

-- Jimbo Wales , pengadeg Wikipedia

Sawijining tuladha

Prakara artikel Saddam Hussein (conto iki kajupuk saka versi Inggris ), Karada ngajokake pramayoga kaya mangkene:

Panjenengan malah ora prelu mratelakake yen dheweke iku julik. Mula saka kuwi artikel prakara Hitler ora diwiwti kanthi "Hitler iku julik" ? kuwi ora perlu, sabab kelakuwane wae bisa ngukum tikel sewu luwih gedhe. Kita mung perlu nulisake fakta-fakta prakara tanpa nganggo pangrasa awake dhewe ing prakara iki, lan swara-swara celukan seka para korban bakal kaprungu cetha saengga gawetumindake kita sing nyepatani Hitler dadi ora perlu. Tulung katindakake sing padha marang kadurakane Saddam: lan wenehana sumbere .

Artikel-artikel sing mungkin Amerika-sentris ing Wikipedia Inggris utawa sing sensitif

Amarga akehe panulis-panulis ing WIkipedia Inggris sing asale saka Amerika Serikat lan Inggris , ana artikel-artikel sing dirasa Amerika-sentris ? mihak marang Amerika utawa donya Barat . Padha karo Wikipedia edhisi liyane, sing surasane bisa wae bot-sih marang negara kasebut; upamane Wikipedia Jawa isine luwih mihak Indonesia utawa mung wong jawa thok. Iki dadi prakara sing butuh pambiyantu panjenengan supaya ora bot-sih. Yen topik sing diperkarakake mau sensitif (upamane agama , rasisme , suku lan liya-liyane), becike dirembug bareng karo panganggo liyane.

Referensi liyane