The Fox and the Hound
("Si Rubah lan Si Asu Parburon") iku sawijining
filem animasi
prodhuksi
Walt Disney Productions
lan dirilis ing biyoskup dening
Buena Vista Pictures
tanggal
10 Juli
1981
. Film iki ya iku dadi filem kaping 24 ing serial
filem animasi klasik Walt Disney
. Film iki digawe dhedhasar buku mawa judhul kang padha lan ditulis dening
Daniel P. Mannix
.
Plot filem iki munjer marang sawijining
asu parburon
lan sawijining
rubah abang
kang usaha manggahake tali kekancan sanadyan loro-lorone iku sajatine kudu satron. Skenarione ditulis dening
Ted Berman
lan
Larry Clemmons
sarta disutradarani
Ted Berman
lan
Richard Rich
.
Kurt Russell
,
Mickey Rooney
,
Pearl Bailey
,
Pat Buttram
,
Sandy Duncan
,
Richard Bakalyan
,
Paul Winchell
,
Jack Albertson
,
Jeanette Nolan
,
Keith Coogan
, lan
Corey Feldman
melu ngisi swara filem iki. Film iki macarita prakara sawijining rubah abang Tod kang wiwit cilik kelangan kulawargane lan diingu dening Janda Tweed kamangka tetanggane Amos Slade oleh sawijining anak asu paburon. Tod lan Copper wiwit cilik wis kekancan, nganti diwasa. Banjur Copper dilatih dadi asu paburon lan sasarane ya iku Tod, kancane dhewe.
Nalika dirilis, filem iki ya iku filem animasi kang larang dhewe kang nate digawe lan merlokake beya gedhene 12 yuta dolar AS.
[1]
Film iki filem pungkasan "Animasi Klasik Walt Disney" lan uga kang pungkasan Don Bluth melu terlibat ing prodhuksine. Sekuel filem iki,
The Fox and the Hound 2
, dirilis ing taun 2006. Film iki nduwe slogan
Two Friends Who Didn't Know They Were Supposed To Be Enemies
.
Nalika anak
rubah abang
dadi yatim piatu, manuk beluk "Big Mama" (
Pearl Bailey
), manuk
platuk
"Boomer" (
Paul Winchell
), manuk
finch
"Dinky" (
Richard Bakalyan
) ngatur supaya anak rubah mau diadopsi dening manungsa ya iku Janda Tweed (
Jeanette Nolan
). Tweed njenengake Tod (diswarakake dening
Keith Coogan
) amarga ngelikake marang bocah cilik kang lagi ajar malku (
basa Inggris
:
toddler
). Sauntara iku, tanggane Tweed aran Amos Slade (
Jack Albertson
) nggawa mulih siji kirik pemburu kang jenenge Copper (
Corey Feldman
), lan ngenalake marang asu ajage kang jenenge Chief (
Pat Buttram
). Tod lan Copper dadi kanca raket, lan angkat sumpah arep dadi "kanca salawase".
The Fox and the Hound
ngalami peluncuran perdhana ing biyoskup tanggal 10 Juli 1981. Sabanjure filem iki diluncurake ulang tanggal 25 Maret 1988. Peluncuran perdhana sajeroning video format VHS tanggal 4 Maret 1994. Ing tanggal 2 Mei 2000 versi DVD diluncurake kanggo sapisanan.
- The Best of Friends
- Lack of Education
- A Huntin' Man
- Goodbye May Seem Forever
- Appericate the Lady