Taekwondho

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Taekwondho

Tetandhingan Taekwondho kanthi regulasi WTF
Nama sanes Taekwon-Do, Tae Kwon-Do, Tae Kwon Do
Fokus Kicking /Tendhangan
Saking negeri Cithakan:Country data Korea
Olahraga Olimpiade awit taun 2000 (kanthi regulasi/aturan WTF )
Taekwondho
Hangul 跆拳道
Hanja 跆拳道
Alih aksara
Anyar
Taegwondo
McCune-
Reischauer
T'aekw?ndo

Taekwondho (saged ugi dipunwaos Tae Kwon Dho, Taekwon-Dho), inggih punika ulah raga bela dhiri saking Korea ingkang ugi misuwur ing Indonesia . [1] Ulah raga punika kalebet ulah raga nasional Korea . [1] Ulah raga punika kalebet seni bela dhiri ingkang kathah piyambak dipunminati ing donya lan ugi dipuntandhingaken ing Olimpiade . [1] Wonten ing basa Korea, Tae tegesipun nendhang ngangge sikil utawi samparan, lan Kwon ingkang tegesipun tinju , lan Dho ingkang tegesipun seni. [1] Dados, Taekwondho saged dipunmaknani seni samparan lan asta. [1] Popularitasipun taekwondho saged damel seni punika ngrembaka lan ngembang wonten ing pinten-pinten wujud. [1] Kados seni bela dhiri sanesipun, taekwondho punika gabungan saking teknik gelut, bela dhiri, ulah raga , hiburan, lan filsafat . [1] Taekwondho ingkang sapunika wonten, gadhah sajarah ingkang panjang kados sajarah nagari asalipun, Korea . [2] Sesebatan taekwondho nembe wonten awit taun 1954. [2] Taekwondho punika kalebet modhifikasi lan asil panyempurnaan saking bela dhiri tradhisional Korea. [2]

Tigang Materi Latian Taekwondho [ besut | besut sumber ]

  • Poomse utawi pinten-pinten jurus lan teknik dhasar nyerang lan pertahanan dhiri ingkang dipunlakasanakaken nglawan mungsuh sing imajiner utawi boten tenanan kanthi ngetuti dhiagram tartemtu. [3]
  • Kyukpa utawi teknik ngremukaken wewujudan sing atos kados watu , kayu , gentheng lan sanesipun. [3]
  • Kyoruki utawi gladhen gelut kangge mraktekaken teknik obahan dhasar utawi poomse . Wonten ing materi punika maragakaken teknik serangan lan pertahanan dhiri antawisipun tiyang kalih. [3]

Pranala njawi [ besut | besut sumber ]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b c d e f g Taekwondo Basic (dipunundhuh tanggal 10 Juni 2011)
  2. a b c Tentang Taekwondo Archived 2011-06-25 at the Wayback Machine .(dipunundhuh tanggal 10 Juni 2011)
  3. a b c Taekwondho (dipunundhuh tanggal 10 Juni 2011)