한국   대만   중국   일본 
Abad Renaisans - Wikipedia Menyang konten

Abad Renaisans

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Renaisans )
Lukisan dening Antonello da Messina saka jaman Renaisans

Abad Renaisans utawa Jaman Renaisans yaiku jaman lair ulang kabudayan Yunani - Romawi ing Eropah nalika abad kaping 15 nganti 16 M. [1] Kadadean iku kawiwitan sawise ana prabawa saka agama Kristen ing kabudayan sing wis ana. [1] Nanging, wong-wong ing jaman saiki wis nggoleki pathokan utawa panutan anyar kanggo ngganti kabudayan Yunani-Romawi kang wis misuwur kanthi apik. [1] Kabudayan klasik iki uga dipuja lan didadekake panutan kabeh peradaban manungsa kang ana. [1] [2]

Kabudayan Yunani-Romawi iku kabudayan kang manggonake manungsa dadi subjek utawa sing nglakoni kang utama. [1] Salah sijine yaiku Filsafat Yunani , ing kono nuduhake yen manungsa iku makluk kang duwe pikiran lan mikir salawase ngenani donya lan nentokake apa kang kudu dilakoni supaya bisa urip, lan bisa oleh kamulyan ( eudaimonia ). [3]

Ing kasustran Yunani, tuladhane carita ngenani Odisei dening juru gurit Yunani Kuna, Homerus kang nyritakake babagan wanine manungsa mubengi donya sautuhe kanthi kebak tantangan lan carita pengalaman anyar. [3] Arsitektur gaya Yunani-Romawi nggambarake yen manungsa iku bisa nggawe sesambungan kang tentrem ing antarane donya ukum, kakuwatan, lan kaendahan. [3] Saliyane iku, Bangsa Romawi uga duwe kaprigelan ing babagan organisasi. Kabeh iku mau nuduhake yen kabudayan Yunani-Romawi menehi panggon kang utama kanggo manungsa kang ana ing kosmos . [3]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b c d e Simon Petrus L. T..2004.Petualangan Intelektual. Yogyakarta.Kanisius.176-180.
  2. Campbell, Gordon. The Oxford Dictionary of the Renaissance. (2003). 862.
  3. a b c d Hale, John. The Civilization of Europe in the Renaissance. (1994). 648.