Kung Fu Panda (film)

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kung Fu Panda
Disutradarani Mark Osborne
John Stevenson
Diprodhuseri Melissa Cobb
Ditulis dening Jonathan Aibel
Glenn Berger
Dibintangi Jack Black
Dustin Hoffman
Angelina Jolie
Lucy Liu
Seth Rogen
David Cross
Ian McShane
Jackie Chan
Dimusiki Hans Zimmer
John Powell
Sinematografi Yong Duk Jhun
Dibabar dening DreamWorks Animation
Paramount Pictures
Tanggal metu
Amerika Utara :
6 Juni 2008
Ostrali :
26 Juni 2008
Karajan Manunggal :
4 Juli 2008
Suwene
91 menit
Basa Inggris
Rantaman 130 juta dolar AS [1]
Kalarisan Domestik:
210.495.000 dolar AS
Dunia:
526.273.783 dolar AS

Kung Fu Panda ,ya iku salah sawijine filem animasi Amerikah Sarekat kang dirilis ing tanggal 6 Juni 2008 . Film iki disutradarai dening Mark Osborne lan John Stevenson lan diprodhuksi dening Dream Work Animation . Sing ngisi swara ing filem animasi iki ya iku Jack Black , Dustin Hoffman , Angelina Jolie , Lucy Liu , Seth Rogen , David Cross , Ian McShane , lan Jackie Chan . [2]

Kung Fu Panda

Dalan Carita [ besut | besut sumber ]

Carita iki diwiwiti ing salah sawijine panggenan ya iku Valley of Peace, lemah gawean ing Cina \bkuna\b kang dipanggoni kewan antropomorfik. Po ( Jack Black ), pawongan Panda kang gendhut kikuk, ya iku maniak kung fu kang ngidholakake Furious Five - Tigress ( Angelina Jolie ), Monkey ( Jackie Chan ), Mantis ( Seth Rogen ), Viper ( Lucy Liu ), lan Crane ( David Cross ), salah sawijine grup kung fu kang dilatih dening Master Shifu ( Dustin Hoffman kanggo nglindhungi Valley of Peace. Amarga dheweke makarya ing warung mangan mi duweke bapake ya iku Ping ( James Hong , Po ora bisa nggayuh cita - citane dadi master kung fu.

Ing salah sawijine dina, mentor Shifu, Master Oogway ( Randall Duk Kim , duwe firasat yen mantan murid Master Shifu ya iku Tai Lung ( Ian McShane , arep lumayu saka kunjara lunga menyang Valley of Peace kanggo balas dendam lan njupuk Dragon Scroll (kang duwe kekuwatan kang ora winates). Shifu ngadani turnamen kung fu kanggo Furious Five supaya Oogway kang bisa nunjuk sapa kang dadi Legendary Dragon Warrior, salah sawijine master kung fu kang patut oleh Dragon Scroll lan bisa ngalahake Tai Lung. Dipeksa bapake, Po gawa gerobak mi ne menyang panggonan turnamen. Amarga wis ditutup, Po tetp nekat lumebu kanthi cara naleni awake ing kembang api supaya bisa mabur tekan panggonan turnamen. Po tiba ing tengah panggonan turnamen nalika Oogway lagi nunjuk sapa kang bakal dadi Dragon Warrior. Oogway nunjuk Po, lan ngagetake kabeh penonton lan Master Shifu.

Master Shifu tetep ora percaya yen Po bisa dadi Dragon Warrior, mula dheweke ora gelem nglatih Po, lan terus ngenyek amarga Po ora duwe tehnik lan dhasar kung fu. Nanging Oogway tetep njurung Po kanggo tetep latihan. Weruh yen Tai Lung wis kabur saka kunjara, Master Shifu gelem nglatih Po. Nanging Po tetep wae kuwalahen lan durung bisa. Master Shifu golek kepiye carane nggawe Po supaya bisa kung fu, ya iku nganggo panganan, amarga Po senengane mangan.

Nalika Furious Five dikongkon kanggo nglawan Tai Lung dhewekan lan nyegah supaya ora tekan Pura Jade. Po oleh Dragon Scroll saka Shifu, nanging wanci dibuka, Dragon Scroll ora ana tulisan apa - apa. Po kuciwa jebul Dragon Scroll mau ora ana tulisane. Dheweke lunga marani bapake. Bapake ngomong yen rahasia mi ne kang enak iku ora ana, ora ana bahan rahasia. Ngerti konsep iki padha karo Dragon Scrool, Po mbalik menyang Pura Jade kanggo nglawan Tai Lung kang wis tekan kono lan arep mateni Shifu. Tai Lung bisa ngerbut Dragon Scroll lan nesu amarga ora ana tulisane, dheweke ora mudheng konsepe. Ing pungkasan Po bisa ngalahake Tai Lung nganggo aji - aji Wuxi Finger Hold . Po oleh pujian saka warga lan oleh pakurmatan saka Furious five Po minangka master kung fu kang sajati. [3]

Ingkang maragani [ besut | besut sumber ]

Aktor Swara minangka Kewan
Jack Black Po Panda raksasa
Dustin Hoffman Master Shifu Panda abang
Angelina Jolie Tigress Harimau
Jackie Chan Monkey Golden Langur
Lucy Liu Viper Green Tree Viper
David Cross Crane Red-crowned Crane
Seth Rogen Mantis Walang Kadung
Ian McShane Tai Lung Macan tutul salju
Dan Fogler Zeng Banyak
Randall Duk Kim Grand Master Oogway Kura-kura
James Hong Mr. Ping Banyak
Michael Clarke Duncan Commander Vachir Warak jawa

Cathetan sikil [ besut | besut sumber ]

  1. "Kung Fu Panda" . The Numbers . Dibukak ing 2008-06-11 .
  2. Fu Panda.htm [ pranala mati permanen ] (dipunundhuh tanggal 17 November 2012)
  3. Fu Panda.htm [ pranala mati permanen ] (dipunundhuh tanggal 17 November 2012)

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]