한국   대만   중국   일본 
Idul Adha - Wikipedia Menyang konten

Idul Adha

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Pawai obor tekbiran ing malem Idul Adha
Artikel iki bageyan saka seri
Islam
Rukun Islam
Sahadat · Salat · Pasa
Jakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Kuran · Malaekat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Mukamad
Nabi & Rasul · Sakabat
Ahlul Bait
Kutha suci
Mekkah · Madinah · Yerusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad · Istanbul
Riyaya
Ejrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitektur
Mesjid · Menara · Mihrab
Ka'bah · Arsitektur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah · Ulama ·
Imam · Mullah · Ayatullah · Mufti
Teks & Ukum
Kuran · Kadis · Sunah
Fiqih · Fatwa · Sarengat
Madahab
Sunni
Kanapi · Kambali
Maliki · Sapingi
Singah
Rolas Imam
Ismailiyah · Zaidiyah
Liyane
Ibadi · Khawarij
Murji'ah · Mu'taziliyah
Delengen uga
Gapura Islam
Indeks perkara Islam

Idul Adha ( basa Arab : ??? ?????? ) iku dina riyaya Islam . Ing dina iki dipengeti prastawa kurban , nalika nabi Ibrahim (Abraham), kang gelem ngurbanake putrane Ismail marang Allah , banjur diganti karo wedhus dening kersaning Allah .

Kayadene Idul Fitri , Idul Adha uga ana salat id . Sawise salat , banjur dianakake kurban minagka pratndha utawa pralambang Nabi Ibrahim kang kanthi iklas ngurbanake putrane, Ismail dhumateng Allah.

Dina Riyaya Idul Adha iku ing tanggal 10 sasi Dulhijah , dina iki pas 70 dina sawise Idul Fitri . Ing wayah Idul adha iku wong Islam ora dientuke pasa, karam ukume kanggo pasa.

Punjere riyaya Idul adha iku ana ing desa cilik ing Arab Saudi kang arane Mina , cedhak Mekah . Ing kono ana tugu kang cacahe telu, kang dadi pralambang iblis. Nalika wayahe bada para kaji ing kana nglakoni ritual utawa ngibadah nguncal jumrah . Ing kono para jemaah kaji ngantemi tugu kang cacahe telu iku mau ngganggo watu jumrah.

Bada Idul Adha iku dadi dina kang paling wigati nalika ngibadah kaji kanggo wong Islam.

Kurban

Panetepan dina Idul Adha [ besut | besut sumber ]

Miturut agama Islam, ngibadah kaji iku intine wukuf ing Arafah , kaya dene sabda Muhammad saw.:

≪????????? ????????≫

Ibadah kaji yaiku (wukuf) ing Arafah. (HR at-Tirmidzi, Ibn Majah, al-Baihaqi, ad-Daruquthni, Ahmad, lan al-Hakim. Al-Hakim berkomentar, “Kadis iki sahih, sanadyan beliau kalorone [Bukhari-Muslim] ora ngetokake”).

Sajeroning kadis kang dituturake dening Husain bin al-Harits al-Jadali mratelakake yen amir Makkah nate, banjur ngendika:

≪?????? ????????? ??????? ????? e ???? ???????? ???????????? ?????? ???? ?????? ???????? ???????? ?????? ????????? ????????????????≫

Rasulullah saw. wis paring pesen marang kita supaya ngayahi ngibadah kaji miturut ru’yat (hilal Dzulhijjah). Yen kita ora bisa nyeksekake, banjur ana loro seksi adil (kang nyekseni), mula kita kudu ngayahi manasik miturut kaseksen mau. (HR Abu Dawud, al-Baihaqi lan ad-Daruquthni. Ad-Daruquthni berkomentar, “Kadis iki isnade sinambungan, lan sahih.”).

Kadis iki njlentrehake: Pisanan, yen ngibadah kaji kudu didhasarake marang asil ru’yat hilal 1 Dzulhijjah, saengga kapan wukuf lan Idul Adhane bisa dikukuhake. Kaping loro, pesen Nabi marang amir Makkah, minangka panguwasa wewengkon, papan ing ngendi perhelatan kaji ditindakake, supaya ngayahi ru’yat; yen ora kasil, banjur ru’yat wong liya, kang nyatakake paseksen marang amir Makkah.

Deleng uga [ besut | besut sumber ]

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]