Hamburger

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Hamburger

Hamburger (utawa kang luwih asring diarani burger ) iku panganan kang wujude arep kaya sandwich kang kaperang saka roti bunder satangkup, daging kang diasepi (padhatan nganggone daging sapi , kadhang-kadhang daging babi utawa kombinasi saka pirang-pirang daging) padhatan diselehake ing sajeroning roti satangkup. Hamburger kerep disajikake karo slada , daging beluk, tomat , bawang bombay , acar , keju , lan bumbu-bumbu kaya ta mustard , mayones , saus tomat . [1] Konsumen hamburger wis ngancik tekan sakabehing donya lan tumuwuh kanthi apik.

Hamburger uga bisa dicakake ing patty , apa maneh ing Inggris tembung "patty" arang-arang dienggo, sanajan restoran "hamburger" ing nagara-nagara Persemakmuran arang-arang nganggo tembung iku kajaba ngrujuk menyang item menu saka Amerika .

Etimologi [ besut | besut sumber ]

Daging burger kang dibakar

Tembung hamburger asale saka tembung Hamburg, ya iku kutha Hamburg kang ana ing Jerman , banjur nglakoni emigrasi menyang Amerika . Ing Jerman dhuwur, tembung Burg tegese rerampungan kang difortifikasi utawa diperkaya perlindungan , lan minangka komponen kang amba kanggo jeneng panggonan. Hamburger bisa bisa dadi tembung aran ing sajeroning Basa Jerman , ngrujuk menyang wong kang saka Hamburg (bandingke London - London>) utawa tembung katrangan kang nggambarake kaanan ing kutha Hamburg. Semana uga tembung hot dog lan utawa sosis , jeneng liya panganan kang agawe saka daging, uga dienggo ing Jerman minangka tembung aran kang wong-wong lan minangka tembung katrangan kanggo nggambarake kahanane saka kutha Frankfurt lan Wien (Wina). Tembung "burger" ana gegayutane karo pirang-pirang jinis sandwich kang arep padha karo hamburger, migunakake daging kang beda, kaya dene burger kebo , burger kalkun , burger kidang , burger salmon , utawa burger-burger vegetarian. [2]

Sajarah Burger [ besut | besut sumber ]

Panganan iki pisanan dadi panganan khas bangsa Tartar , ya iku wujud daging cincang kang dipangan mentah kanthi mung diwenehi banyu peresan jeruk . Bangsa Tartar iku bangsa nomaden kang asring nglakoni lelana kang adoh kanthi numpak jaran , mula daging kang digawa dadi atos lan ora patut dipangan. Bangsa Tartar iku mau ngakali kanthi nyelehake daging ing sangisore sadel jarane. Sawise nglakoni lelana adoh, jebul daginge iku isih anget lan ora adhem. Daging iku langsung dipangan, tanpa dimasak, lan mung diwenehi banyu peresan jeruk.

Panganan kang misuwur saka Asia Tengah iki banjur digawa dening pelaut Eropa menyang nagarane, ing kutha Hamburg. Warga ing kutha iku padatan nganggep yen warga kana iku warga kang duwe adab. Warga kana ora gelem mangan daging kang ora dimasak, mula daging khas Tartar iku dimasak dhisik sadurunge dipangan kanthi cara dibakar utawa digoreng. Jebul panganan iki disenengi karo wong akeh. Nganti saiki isih ana wong-wong kang luwih seneng mangan burger kanthi cara mentah.

Steak Burger [ besut | besut sumber ]

Hamburger saiki padatan awujud daging kang dipangan bebarengan karo roti , kang asale saka Amerika . Imigran saka kutha Hamburg ngenalake menyang wong Amerika. Ing kana daging iki diarani Hamburger Steak lan daging iki isih dipangan kaya dene mangan steak .

Mirurut warga kutha Hambur, New York , panggonan kang kaya kutha Hamburg ing Jerman , panganan iki tinemu dening kakang adhi saka Ohio , Frank lan Charles Menches. Miturut legenda, kakang adhi iku bakul ing pinggir dalan kang ngadol sandwich . Sawijining dina dheweke kentekan sosis , mula dheweke migunakake daging sapi kang dicincang minangka gantine sosis kanggo isi sandwich.

Hamburger Amerika [ besut | besut sumber ]

Hamburger sandwich

Miturut Komunitas Sajarah Seymour ing Winsconsin, ngandharake yen Charlie Nagreen iku wong kang ngripta hamburger. Saiki jeneng Charlie Nagreen identik diarani "Hamburger Charlie". Dheweke ngadol sandwich kang isine bakso nalika umure 15 taun ing Seymour Fair ing taun 1885 . Nanging dodolane ora patiya laris amarga panganane ora bisa dipangan kanthi lumaku. Banjur dheweke nggepengake bakso lan diwenehae ing sela-selane roti. Idene iku bisa narik konsumen. Nalika iku, Hamburger Steak misuwur banget, mula Charlie njenengi panganane iku kanthi sesebutan Hamburger. Wiwit iku, dheweke melu dodolan ing Seymour Fair kanggo dodolan Hamburger nganti seda ing taun 1951 .

Miturut Perpustakaan Konggres Amerika lan Paprentahan Connecticut, hamburger pisanan didol ing taun 1895 dening Louis Lassen ing restorane Louise's Lunch ing New Haven, Connecticut . Majalah New York ngandharake yen pisanan panganan iki ora dijenengi nganti ana pirang-pirang pelaut saka Hamburg mampir menyang restoran iku, banjur njenengi menu iku kanthi jeneng hamburger.

Sajarawan Texas Frank X. Tolbert ngandharake yen kang nemu hamburger kang pisanan ya iku Fletcher Davis saka Athens, Texas . Dheweke mitayani yen Davis wiwit dodol hamburger ing kiose kang ana ing Athens wiwit taun 1880an , lan manuhake hamburger menyang St.Louis Fair ing taun 1904 .

Hamburger Saiki [ besut | besut sumber ]

Burger saka sega

Saiki hamburger akeh kang didol dening jaringan restoran cepat saji ing pirang-pirang nagara. Nanging kang paling misuwur ing sakabehing restoran kang ngadol hamburger ing sakabehing donya ya iku McDonalds kanthi Big Mac, restoran Burger King , A&W lan Wendy's . Konsumsi burger misuwur banget ing sabakehing donya amarga rasane kang enak lan praktis. Hamburger bisa dipangan sinambi lumaku-lumaku. Saliyane iku, iklan hamburger kang dibabarake ing tipi, asring ncitrakake hamburger minangka panganan modern.

Ing pirang-pirang nagara akeh kang mariasekake burger nganti rasane mathuk karo selerane kang nggawe. Ana kang ngganti daging sapi karo daging babi , nus , iwak , urang , lan lobster . Tuladhane burger kang unik ya iku Rice Burger, panganan iki tinemu ing Jepang , China , lan Taiwan . Warga kana migunakake sega minangka gantine roti. Ana wong kang mariasekake burger vegetarian kanthi cara ngganti daging kang ana ing burger karo gluten , uga ana Tofu burger kang migunakake tahu minangka gantine daging.

Quarter Pounder [ besut | besut sumber ]

Quarter Pounder kang diwenehi keju

Quarter Pounder iku burger kang digawe dening McDonald's kira-kira saka 1/4 pons (4 ons utawa 114 gram) daging sapi, kang ditimbang sadurunge dimasak (ing Australia bobote kira-kira mung 113.4 gram). Panganan iki pisanan dikenalake ing Fremont, California ing taun 1971 - 1972 lan dadi salah siji menu nasional Amerika Sarekat ing taun 1973 . Padatan burger didol kanthi utawa tanpa 2 lembar keju , nanging Quarter Pounder kang diwenehi keju luwih misuwur tinimbang kang ora diwenehi keju.

Ing pasar-pasar kang ora migunakake sistem ukuran Inggris , Quarter Pounder dikenal kanthi sesebutan Hamburger Royale, utawa macem-maceme, kang ana ing filem Pulp Fiction . Ing Kanada , Australia, Selandia Baru , lan Swedhen kang migunakake sistem metrik, burger iki jenenge tetep Quarter Pounder. Ing Brasil kang migunakake sistem metrik, Quarter Punder diarani Quarteirao com Queijo .

Variasi Hamburger [ besut | besut sumber ]

Hamburger Keju [ besut | besut sumber ]

Burger keju

Burger keju iku hamburger kang disisipi keju. Cara nggawene ya iku keju dipotong tipis, banjur diuja sadhela supaya kejune lumer. Ing Amerika Sarekat, keju kang asring dienggo ya iku keju Amerika. Saliyane iku, keju mozzarella , keju biru, keju pepperjack , lan keju Cheddar uga asring dienggo.

Keju kang ana ing burger marakake burger dadi luwih ngndhut gizi . Yen dibandhingake karo burger biyasa, burger keju ngandhut kalori 20% kang luwih akeh, gajih 33% lan protein 25% kang luwih akeh. Yen migunakake keju liyane uga bakal ngowahi kandhutan gizi hamburger, gumantung kandhutan nutrisi saben-saben keju.

Hamburger Vegetarian [ besut | besut sumber ]

Hamburger Vegetarian

Burger vegetarian iku burger kang digawe kanggo wong-wong vegetarian. Daging kang ana ing burger vegetarian digawe saka janganan, kacang , susu , jamur , protein kedelai, gluten saka glepung, endhog , utawa kombinasi. Burger vegetarian kadang-kadang dadi panganan vegan.

Saiki burger vegetarian tumuwuh ing pirang-pirang restoran cepat saji ing Amerika Lor , nanging cacahe kang didol isih sithik sanadyan ing restoran kang padha. Wiwit April 2005 , burger vegetarian ana ing sakabehing restoran Burger King, semana uga restoran cepat saji liyane, kaya dene Red Robin, Chilis, Denny's, Johnny Rockets, Ruby Tuesday's, lan Hard Rock Cafe.

Burger tanpa daging akeh digawe dening Boca , Gardenburger , lan Morningstar Farms akeh didol ing supermarket Amerika Sarekat lan Kanada.

Burger vegetarian pisanan digawe ing London nalika taun 1982 dening Gregory Sams , kanthi ngarani 'VegeBurger'. Gregory lan kangmase Craig wis nggawe restoran makanan alami ing Paddington wiwit taun 1960 . Salah siji Hypermarket Carrefour ing Southampton ngadol burger vegetarian nganti tekan 2,000 suwene telung minggu sawise pisanan dodol.

Cathetan sikil [ besut | besut sumber ]

  1. Cooking wizardry for kids, Margaret Kenda, Kenda & Williams, Phyllis S. Williams, Contributor Phyllis S. Williams, Barron's Educational Series, 1990 ISBN 0-8120-4409-6 , 9780812044096 page 113 [1]
  2. Burger Merriam-Webster