Globalisasi

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Budaya mall ing Jakarta . Fenomena mekaripun mall-mall ing sadaya pelosok donya nedahaken sampun dumadosipun globalisasi.

Globalisasi punika satunggiling istilah ingkang gadhah sesambetan kaliyan paningkatan silih-gandheng lan silih-gumantung antarbangsa lan antarmanungsa ing saindhenging donya lumantar perdagangan, investasi, lelampahan, budaya populer, lan wujud-wujud interaksi ingkang sanes saengga wates-wates satunggiling nagari dados samar.

Ing kathah prakawis, globalisasi gadhah kathah karakteristik ingkang sami kaliyan internasionalisasi saengga kakalih istilah punika asring silih-gentos. Sabageyan pihak asring ngginakaken istilah globalisasi ingkang sesambetan kaliyan saya kirangipun peran nagari utawi wates-wates nagari.

Pangertosan [ besut | besut sumber ]

Tembung "globalisasi" kapendhet saking tembung global , ingkang tegesipun universal . Globalisasi dereng gadhah dhefinisi ingkang mapan, kejawi namung saugi dhefinisi karya ( working definition ), saengga gumantung saking sisih pundi tiyang mriksani. Wonten ingkang mastani satunggiling proses sosial , utawi proses sajarah , utawi proses alamiah ingkang badhe andadosaken sadaya bangsa lan nagari ing donya tansaya kaiket satunggal kaliyan satunggalipun, mujudaken satunggiling tatanan kagesangan enggal utawi manunggaling ko-eksistensi kanthi nyingkiraken wates-wates geografis, ekonomi lan budaya masarakat .

Mitos ingkang wonten prekawis globalisasi inggih punika bilih proses globalisasi badhe ndamel donya dados sragam. Proses globalisasi badhe mbusek idhentitas lan jati dhiri. Kabudayan lokal utawi etnis badhe kauntal dening kekiyatan budaya ageng utawi kekiyatan budaya global.

Panganggep utawi pikiran ing nginggil kasebat boten sadayanipun leres. Kemajengan teknologi komunikasi saestu sampun ndamel wates-wates lan let dados ical lan boten wonten ginanipun. John Naisbitt (1988), ing bukunipun ingkang asesirah Global Paradox punika nelakaken prekawis ingkang malah gadhah sipat paradhoks saking fenomena globalisasi. Naisbitt (1988) ngajengaken pokok-pokok pikiran sanes ingkang wujud paradhoks, inggih punika tansaya dados universal, tumindak kita tansaya kasukuan, lan menggalih lokal, tumindak global. Perkawis punika dipunmaksudaken kita kedah mituhu dhumateng prakawis-prakawis ingkang gadhah sipat etnis, ingkang namung dipundarbeni golongan utawi masarakat punika piyambak ingkang dados modhal pangembangan tumuju donya internasional.

Ing sisih sanesipun, wonten ingkang mirsani globalisasi punika satunggiling proyek ingkang kausung dening nagari-nagari adhikuwaos , saengga saged ugi tiyang gadhah pandhangan negatif utawi sujana dhumateng globalisasi. Saking kacatingal punika globalisasi boten sanes kapitalisme ing wujudipun ingkang paling mutakhir. Nagari-nagari ingkang kiyat lan sugih, tamtu badhe ngendhalekaken ekonomi donya lan nagari-nagari alit tansaya boten wonten dayanipun amargi boten kuwagang tetandhingan, amargi globalisasi kapara gadhah prabawa ingkang ageng dhumateng perekonomian donya, malahan gadhah prabawa dhumateng babagan-babagan sanes kados dene budaya lan agami .

Ciri globalisasi [ besut | besut sumber ]

Kaca utama Wikipedia basa Indonesia ing internet .
  • Ewah-ewahan ing konsep ruwang lan wekdal. Tuwuh ngrembakanipun barang-barang kados telpon genggam, televisi satelit, lan internet nedahaken bilih komunikasi global dumados saklangkung rikat, sauntawis lumantar mobah-mosikipun massa kados lumantar turisme, andadoskaen kathah prakawis budaya ingkang ewah. Fenomena kamajengan donya internet sampun ngewahi kanthi drastis mliginipun ing babagan akses dhumateng elmu. Wontenipun ensiklopedhi bebas kados dene Wikipedia sampun saged ndhobrak akses masarakat dhumateng elmu ingkang suwau katutup lan kedah tumbas, dados gratis, saged dipunmekaraken dening sinten kemawon lan saged dipunundhuh kanthi bebas. Punapa malih ensiklopedhia punika dipunsadiyakaken ing warni-warni basa (langkung saking 250 basa) ing donya, saengga langkung nggampilaken akses lan saged dados satunggiling ciri lan wahana globalisasi.
  • Pasar lan prodhuksi ekonomi ing nagari-nagari ingkang benten dados gumantung/mbetahaken satunggal lan satunggalipun amargi mekaripun perdagangan internasional, paningkatan prabawa perusahaan multinasional, lan dhominasi organisasi kados World Trade Organization (WTO).
  • Paningkatan interaksi kultural kanthi mekaripun medhia massa (mliginipun televisi, filem, musik, lan transmisi pawartos lan ulah raga internasional). Sapunika kita saged ngonsumsi lan ngraosaken gagasan lan pangalaman enggal prakawis budaya ingkang saklangkung pepak, upaminipun ing babagan fashion , literatur, lan dedhaharan.
  • Tambahing masalah ingkang sami kangge sadaya, umpaminipun ing babagan lingkungan ngagesang, krisis multinasional, inflasi regional lan sanesipun.


Kennedy lan Cohen nelaaken bilih transformasi punika sampun mbeta kita sadaya dhumateng globalisme, satunggiling kasadharan lan pamahaman enggal bilih donya punika satunggal. Giddens negasaken bilih kathah tiyang ingkang uninga manawi sayektosipun dhiri kita tumut mendhet perangan ing donya ingkang kedah owah tanpa saged dipunkendhalekaken ingkang dipuntengeri kanthi pangraos lan kawigatosan dhumateng prakawis ingkang sami, ewah-ewahan lan kaanan boten mesthi, sarta kasunyatan ingkang mungel kadadosan. Sesarengan kaliyan punika Peter Drucker nyebataken bilih globalisasi punika jaman transformasi sosial . Saben pinten atus taun ing sajarah manungsa, transformasi ngedap-edabi tansah dumados. Ing saperangan dasawarsa kemawon, masarakat sampun ewah malih ing pasawangan prakawis donya, aji-aji dhasar, struktur pulitik lan sosial, ugi ing babagan seni. Seket taun salajengipun muncul satunggaling donya ingkang enggal.

Teyori globalisasi [ besut | besut sumber ]

Cochrane lan Pain negasaken bilih ing sesambetanipun kaliyan globalisasi, wonten tigang posisi teoritis ingkang saged kapirsani, inggih punika:

  • Para globalis pitados bilih globalisasi punika satunggiling kasunyatan ingkang gadhah konsekuensi nyata dhumateng kadospundi tiyang lan lembaga ing donya lumampah. Para globalis pitados bilih nagari-nagari lan kabudayan lokal badhe ical kataman kabudayan lan ekonomi global ingkang homogen (sawarni). Ewasemanten, para globalis boten gadhah pendhapat ingkang sami prakawis konsekuensi dhumateng proses wau.
  • Para globalis positif lan optimistis nanggapi kanthi sae perkembangan kados punika lan nelakaken bilih globalisasi badhe ngasilaken masarakat donya ingkang toleran lan gadhah tanggel waler.
  • Para globalis pesimis gadhah pendhapat bilih globalisasi punika satunggaling fenomena negatif amargi prakawis kasebat sajatosipun wujud panjajahan kilen (mliginipun Amerikah Sarekat ) ingkang meksa saperangan wangun budaya lan konsumsi ingkang homogen lan katingalipun leres saking njawi. Saperangan globalis salajengipun minangka golongan kangge nentang globalisasi ( antiglobalisasi ).
  • Para tradisionalis boten pitados bilih globalisasi saweg dumados. Para tradisionalis gadhah pendhapat bilih fenomena punika namung mitos utawi, manawi pancen wonten, namung dipunageng-agengaken. Para tradisionalis ngrujuk bilih kapitalisme sampun dados setunggiling fenomena internasional ingkang dangunipun atusan taun. Punapa ingkang saweg kita alami sapunika namung wujud tahap lajengan, utawi evolusi , saking prodhuksi lan perdagangan kapital.
  • Para transformasionalis wonten ing antawisipun para globalis lan tradisionalis. Para transformasionalis sarujuk bilih prabawa globalisasi sampun dipunlangkung-langkungaken dening para globalis. Nanging, para transformasionalis ugi gadhah pendhapat bilih bodho sanget manawi kita nyangkal kawontenanipun konsep punika. Posisi teoritis punika gadhah pendhapat bilih globalisasi kedahipun dipunpahami dados " saprangkat sesambetan ingkang wonten kaitanipun setungal lan satunggalipun kanthi murni nglampahi satunggiling kekiyatan, ingkang saperangan ageng boten dumados kanthi langsung ". Para transformasionalis nelakaken bilih proses punika saged kawalik, mliginipun nalika prakawis kasebat negatif utawi, sakbotenipun, saged dipunkendhaleni.

Sajarah globalisasi [ besut | besut sumber ]

"Novgorod Torg", satunggiling lukisan dening Appolinary Vasnetsov ( 1856 - 1933 ) ingkang nggambaraken interaksi antar manungsa lan antarbangsa lumantar perdagangan ing abad kaping 19 .

Kathah sejarawan ingkang nyebat globalisasi dados fenomena ing abad kaping 20 punika kasambetaken kaliyan bangkitipun ekonomi internasional. Kamangka interaksi lan globalisasi ing sesambetan antarbangsa ing donya sampun wonten wiwit maabad-abad kapengker. Manawi dipuntelusuri, winih-winih globalisasi sampun tuwuh nalika manungsa wiwit ngenal perdagangan antarnagari watawis taun 1000 lan 1500 M. Ing wekdal punika para pedagang saking Tiongkok lan India wiwit nlusuri nagari sanes nglangkungi margi dharat (umpaminipun kados jalur sutra ) utawi margi seganten kangge dagang.

Fase salajengipun dipuntengeri kanthi dhominasi perdagangan kaum muslim ing Asia lan Afrika . Kaum muslim ndamel jaringan perdagangan ingkang antawisipun ngambah Jepang , Tiongkok , Vietnam , Indonesia , Malaka , India , Persi , pasisir Afrika Wetan , Sagara Tengah , Venesia , lan Genova . Kaum pedagang muslim ugi nyebaraken aji-aji agamanipun , asma-asma, abjad, arsitek, aji sosial lan budaya Arab dhumateng warga donya.

Fase salajengipun kanthi tetenger eksplorasi donya kanthi ageng-agengan dening bangsa Eropah . Spanyol , Portugis , Inggris , lan Walandi punika pelopor-pelopor eksplorasi punika. Perkawis punika kasengkuyung ugi kanthi dumadosipun revolusi indhustri ingkang ningkataken keterkaitan antarbangsa donya. Maneka warni teknologi wiwit pinanggih lan dados dhasar mekaring teknologi sapunika kados komputer lan internet . Ing wekdal punika mekar ugi kolonialisasi ing donya ingkang mbeta prabawa ageng dhumateng dhifusi kabudayan ing donya.

Saya mekaring indhustri lan kabetahan dhumateng bahan baku sarta pasar ugi njalari munculing maneka warni perusahaan multinasional ing donya. Ing Indonesia umpaninipun, milai pulitik pintu terbuka , perusahaan-perusahaan Eropah mbikak maneka warni cabangipun ing Indonesia. Freeport lan Exxon saking Amerikah Sarekat , Unilever saking Walandi , British Petroleum saking Inggris punika saperangan contonipun. Perusahaan multinasional kados punika tetep dados ikon globalisasi ngantos sapunika.

Fase salajengipun terus lumampah lan pikantuk momentumipun nalika perang dingin rampung lan kuminisme ing donya runtuh. Runtuhipun kuminisme kadosipun maringi pangleresan bilih kapitalisme punika margi ingkang sae piyambak kangge mujudaken kasejahtraan donya. Implikasinipun, nagari-nagari ing donya milai nyawisaken dhiri dados pasar ingkang bebas. Perkawis punika kasengkuyung ugi kanthi mekaring teknologi komunikasi lan transportasi . Kasilipun, sekat-sekat antarnagari milai boten cetha.

Reaksi masarakat [ besut | besut sumber ]

Gerakan pro-globalisasi [ besut | besut sumber ]

Pannyengkuyung globalisasi (asring ugi ingaran pro-globalisasi) nganggep bilih globalisasi saged ningkataken kasejahtraan lan kamakmuran ekonomi masarakat donya. Para panyengkuyung lelandhesan teyori kaunggulan komparatif ingkang kacetusakan dening David Ricardo . Teyori punika nelakaken bilih satunggiling nagari lan nagari sanes silih gumantung lan saged silih nguntungaken setunggaul kaliyan satunggalipun, lan salah satunggal wujudipun inggih punika silih gumantung ing babagan ekonomi . Kekalih nagari saged melakukan transaksi pertukaran selaras kaliyan kaunggulan komparatif ingkang dipungadhahi. Umpaminipun, Jepang gadhah kaunggulan komparatif ing produk kodhak dhigital (saged nyithak langkung efesien lan mutunipun sae) sauntawis Indonesia gadhah kaunggulan komparatif ing prodhuk kain. Kanthi teyori punika Jepang kaanjuraken kangge ngendhegaken prodhuksi kainipun lan nggantos faktor-faktor prodhuksinipun kangge maksimalaken prodhuksi kodhak dhigital, lajeng nutupi kekirangan panawaran kain kanthi mundhut saking Indonesia, makaten ugi kosok wangsulipun.

Salah satunggiling panyandhet utami dumadosipun kerjasama wau inggih punika wontenipun larangan-larangan lan kawicaksanan proteksi saking pamarentah satunggaling nagari. Ing satunggil sisih, kawicaksanan punika saged ngreksa prodhuksi lebet nagari, nanging ing sanes sisih, prakawis badhe ningkatipun ragad prodhuksi barang impor saengga awrat nembus pasar nagari ingkang dipuntuju. Para pro-globalisme boten sarujuk wontenipun proteksi lan larangan wau. Para pro-globalisme pengin dipunleksanaaken kawicaksanan perdagangan bebas saengga regi barang-barang saged dipuntekan, akibatipun panyuwunan bakal mundhak. Amargi panyuwunan mundhak, kamakmuran badhe mundhak lan makaten saterusipun.

Saperangan golongan pro-globalisme ugi ngritik Bank Donya lan IMF , kanthi pendhapat bilih kalih badan kasebat namung ngontrol lan ngaliraken dana dhumateng satunggaling nagari, sanes dhumateng satunggaling koprasi utawi perusahaan. Minangka asilipun, kathah silihan ingkang dipunparingaken dhawah ing tangan para diktator ingkang salajengipun nylewengaken lan boten migunakaken dana kasebat kados mesthinipun, nilar rakyatipun wonten ing lilitan utang nagari, lan ndadosaken tingkat kamakmuran tansaya mandhap. Amargi tingkat kamakmuran tansaya mandhap, mila masarakat nagari punika kapeksa ngirangi tingkat konsumsinipun ; kalebet konsumsi barang impor, saengga laju globalisasi bakal kacandhet lan?miturut golongan pro-globalisme?ngirangi tingkat kasejahtraan kang ndunungi donya.

Gerakan antiglobalisasi [ besut | besut sumber ]

Artikel utama: antiglobalisasi
Gerakan antiglobalisasi

Antiglobalisasi punika satunggaling istilah ingkang umum dipun-ginakaken kangge maparaken sikap pulitis tiyang-tiyang lan golongan ingkang nentang prajanjen dagang global lan lembaga-lembaga ingkang ngatur perdagangan antarnagari kados Organisasi Perdagangan Donya ( WTO ).

"Antiglobalisasi" dipunanggep dening saperangan tiyang minangka obahan sosial , sauntawis sanesipun nganggep minangka istilah umum ingkang njangkep saperangan obahan sosial ingkang benten-benten. Punapa kemawon maksadipun, para pangikut antiglobalisasi dipunmangunggalaken ing perlawanan dhumateng ekonomi lan sistem perdagangan global sapunika ingkang miturut tiyang-tiyang punika ngikis lingkungan gesang, hak-hak buruh, kadhaulatan nasional, donya katiga, lan kathah malih jalaran-jalaran sanesipun.

Nanging, tiyang-tiyang ingkang dipunparingi cap "antiglobalisasi" asring nulak istilah punika lan langkung remen nyebat dhirinipun minangka Gerakan Kaadilan Global, Gerakan saking Sedaya Gerakan utawa saperangan istilah sanesipun.

Globalisasi Perekonomian [ besut | besut sumber ]

Dhatengipun tenaga makarya asing punika satunggaling tandha-tandha dumadosipun globalisasi tenaga makarya

Globalisasi perekonomian wujud satunggaling proses kagiyatan ekonomi lan perdagangan , ing pundi nagari-nagari ing saindhenging donya dados satunggal kekiyatan pasar ingkang saya karintegrasi tanpa alangan wates teritorial nagari. Globalisasi perekonomian ngedahaken pambusakkan sadaya watesan lan rerendhetan dhumateng arus modhal, barang lan jasa.

Nalika globalisasi ekonomi dumados, wates-wates satunggaling nagari badhe dados kabur lan keterkaitan antawisipun ekonomi nasional kaliyan perekonomian internasional badhe tansaya kenceng. Globalisasi perekonomian ing satunggal pihak badhe mbikak peluang pasar prodhuk saking lebet nagari nuju pasar internasional kanthi kompetitif, kosok wangsulipun ugi mbikak peluang mlebetipun prodhuk-prodhuk global mlebet pasar domestik .

Miturut Tanri Abeng , pawujudan nyata saking globalisasi ekonomi antawisipun dumados ing wangun-wangun:

  • Globalisasi prodhuksi , perusahaan ndamel prodhuksi ing kathah nagari , kanthi sasaran supados biyaya prodhuksi dados langkung asor. Perkawis punika dipunlampahi kanthi sae amargi opah buruh ingkang asor, tarif beya mlebet ingkang mirah, infrastruktur ingkang nyekapi utawi amargi iklim usaha lan pulitik ingkang kondhusif. Donya ing prakawis punika dados lokasi manufaktur global.
  • Globalisasi pambiyayan . Perusahaan global gadhah akses kangge pikantuk silihan utawi ndamel investasi (ing wangun portofolio utawi langsung) ing sadaya nagari ing donya. Minangka conto, PT Telkom salebetipun ngathahaken ekan sambungan telpon, utawi PT Jasa Marga salebetipun miyaraken jaringan margi tol sampun manfaataken sistem pambiyayan kanthi pola BOT ( build-operate-transfer ) sesarengan mitrausaha saking manca nagari.
  • Globalisasi tenaga makarya . Perusahaan global badhe saged manfaataken tenaga makarya saking saindhenging donya selaras kaliyan kelasipun, kados panggunaan staf profesional dipunpundhut saking tenaga makarya ingkang sampun gadhah pangalaman internasional utawi buruh kasar ingkang saged dipunpendhet saking nagari tumuwuh. Kanthi globalisasi mila human movement badhe saya gampil lan bebas.
  • Globalisasi jaringan informasi . Masarakat sawijining nagari kanthi gampil lan enggal pikantuk informasi saking nagari-nagari ing donya amargi kemajengan teknologi, antawisipun langkung: TV,radhio,medhia cithak lsp. Kanthi jaringan komunikasi ingkang saya majeng sampun mbiyantu wiyaripun pasar nuju maneka warni wilahan donya kangge barang ingkang sami. Minangka conto: KFC, clana jeans levi's, utawi hamburger wonten ing pasar pundi kemawon. Akibatipun selera masarakat donya -ingkang dhomisilinipun ing kitha utawa ing dhusun- nuju ing selera global.
  • Globalisasi Perdagangan . Perkawis punika mawujud ing wangun panurunan lan penyeragaman tarif sarta pambusakan maneka warni rerendhet nontarif . Kanthi makaten kagiyatan perdagangan lan persaingan dados sansaya enggal, ketat, lan fair .

Thompson nyathet bilih kaum globalis ngeklaim wekdal punika sampun dumados sawijining intensifikasi kanthi rikat ing investasi lan perdagangan internasional. Umpaminipun, kanthi nyata perekonomian nasional sampun dados peranganing perekonomian global ingkang ditengarai kaliyan wontenipun kakiyatan pasar donya.

Kasaean globalisasi ekonomi [ besut | besut sumber ]

  • Produksi global saged dipuntingkataken

Pandangan punika selaras kaliyan teyori 'Kauntungan Komparatif' saking David Ricardo . Langkung spesialisasi lan perdagangan faktor-faktor prodhuksi donya saged dipun-ginakaken kanthi langkung efesien, output donya nambah lan masarakat badhe pikantuk kauntungan saking spesialisasi lan perdagangan ing wangun pendapatan ingkang saya mundhak, ingkang salajengipun saged ugi ningkataken pamblanjan lan tabungan .

  • Ningkataken kamakmuran masarakat ing satunggaling nagari

Perdagangan ingkang langkung bebas mungelaken masarakat saking saperangan nagari ngimpor langkung kathah barang saking njawi nagari. Perkawis punika njalari konsumen gadhah pilihan barang ingkang langkung kathah. Sasanesipun punika konsumen ugi saged nikmati barang ingkang langkung sae kanthi regi ingkang langkung mirah.

  • Miyaraken pasar kangge prodhuk lebet nagari

Perdagangan njawi nagari ingkang langkung bebas mungelaken saben nagari pikantuk pasar ingkang langkung wiyar saking pasar lebet nagari.

  • Saged pikantuk langkung kathah modhal lan teknologi ingkang langkung sae

Modhal saged dipunpendhet saking investasi asing lan mliginipun dipunnikmati dening nagari-nagari tumuwuh amargi masalah kekirangan modhal lan tenaga ahli sarta tenaga kadhidhik ingkang gadhah pengalaman kathahipun dipunadhepi dening nagari-nagari tumuwuh.

  • Nyawisaken dana tambahan kangge pambangunan ekonomi

Pambangunan sektor indhustri lan saperangan sektor sanesipun boten namung dipunkembangaken dening perusahaan asing, nanging mliginipun liwat investasi ingkang dipunlampahi dening perusahaan swasta dhomestik. Perusahaan dhomestik punika asring mbetahaken modhal saking bank utawi pasar saham. Dana saking njawi nagari utamanipun saking nagari-nagari majeng ingkang nglebeti pasar arta lan pasar modhal ing lebet nagari saged mbiyantu nyawisaken modhal ingkang dipunbetahaken wau.

Awonipun globalisasi ekonomi [ besut | besut sumber ]

  • Ngrendheti tuwuhing sektor indhustri

Salah satunggaling efek saking globalisasi inggih punika tuwuhing sistem perdagangan njawi rangkah ingkang langkung bebas. Tetuwuhan punika njalari nagari-nagari tumuwuh boten saged malih ngginakaken tarif ingkang inggil kangge maringi proteksi dhumateng indhustri ingkang nembe tuwuh (infant industry). Kanthi punika perdagangan njawi rangkah ingkang langkung bebas nimbulaken rendhetan dhumateng nagari tumuwuh kangge majengaken sektor indhustri dhomestik ingkang langkung rikat. Sasanesipun punika katergantungan dhumateng indhustri-indhustri ingkang dipungadhahi perusahaan multinasional sangsaya mundhak.

  • Ngawoni neraca pambayaran

Globalisasi kapara minggahaken barang-barang impor . Sawalikipun, manawi satunggaling nagari boten kuwagang bersaing utawi tetandhingan, pramila ekspor boten saged tuwuh. Kawontenan punika saged ngawonaken kondhisi neraca pambayaran . Efek awon sanes saking globaliassi dhumateng neraca pambayaran inggih punika pambayaran neto pendhapatan faktor prodhuksi saking njawi nagari kapara ngraosaken dhefisit. Investasi asing ingkang saya kathah ndadosaken ilen pambayaran kauntungan (pendhapatan) investasi dhateng njawi nagari sangsaya mundhak. Boten tuwuhipun ekspor saged ndadosaken awonipun neraca pambayaran.

  • Sektor kauangan sangsaya boten stabil

Salah satunggalipun efek wigatos saking globalisasi inggih punika pangaliran investasi ( modhal ) portofolio ingkang saya ageng. Investasi punika mliginipun ngambah partisipasi dana njawi nagari dhateng pasar saham . Nalika pasar saham saweg mundhak, dana punika badhe mili mlebet, neraca pambayaran tambah kathah lan regi artos badhe tambah sae. Kosokwangsulipun, nalika regi-regi saham ing pasar saham sangsaya mandhap, dana lebet nagari badhe mili dhateng njawi nagari, neraca pambayaran kapara dados tambah awon lan regi artos dhomestik mrosot. Kawontenan boten stabil ing sektor kauwangan punika saged nimbulaken efek awon dhumateng kastabilan kagiyatan ekonomi kanthi kaselruhan.

  • Ngawoni prospek tuwuhing ekonomi jangka panjang

Manawi prakawis-prakawis ingkang dipuntelakaken ing nginggil lumampah ing satunggaling nagari , mila ing jangka cekak tuwuhing ekonomini dados boten stabil. Ing jangka panjang tetuwuhan ingkang kados punika badhe ngirangi lajunipun tuwuhing ekonomi. Pendhapatan nasional lan kasempatan nyambut damel badhe sangsaya rendhet tuwuhipun lan masalah pangangguran boten saged dipunatasi utawi malah sangsaya awon. Ing pungkasanipun, manawi globalisasi nimbulaken efek awon dhumateng prospek tuwuhing ekonomi jangka panjang satunggaling nagari, distribusi pendapatan dados sangsaya boten adil lan masalah sosial-ekonomi masarakat sangsaya awon.

Globalisasi kabudayan [ besut | besut sumber ]

Tata busana Harajuku saking Jepang ingkang dados 'ikon' kaum mudha mudhi donya punika satunggaling conto dumadosipun globalisasi kabudayan.

Globalisasi maringi prabawa dhumateng meh sadaya aspek ingkang wonten ing masarakat , kalebet ing antawisipun aspek budaya . Kabudayan saged ateges aji-aji ( values ) ingkang dipunanut dening masarakat utawi persepsi ingkang dipundarbeni dening warga masarakat dhumateng prakawis ingkang pepak. Aji-aji utawi persepsi wonten sesambetanipun kaliyan aspek-aspek kajiwan/psikologis, inggih punika punapa ingkang wonten ing alam pikiran. Aspek-aspek kajiwan punika dados wigatos tegesipun manawi dipunsadhari, bilih tindak tanduk satunggaling tiyang sanget dipunprabawai dening punapa ingkang wonten ing alam pikiran tiyang wau. Conto salah satunggiling asil pamikiran lan panemon wau inggih punika kasenian , ingkang wujud subsistem saking kabudayan .

Globalisasi ingkang dados satunggaling tandha-tandha nyebaripun aji-aji lan budaya tartamtu dhumateng donya sadaya (saengga dados budaya donya utawi world culture ) sampun katingal wiwit rumiyin. Cikal bakal saking panyebaran budaya donya punika saged katelusuri saking lelampahan para panjlajah Eropah Kilen tumuju kathah papan ing donya punika (Lucian W. Pye, 1966).

Nanging, pamekaran globalisasi kabudayan kanthi intensif dumados ing awal abad kaping 20 kanthi mekaripun teknologi komunikasi . Kontak langkung medhia nggantosaken kontak fisik kangge srana utama komunikasi antarbangsa. Ewah-ewahan kasebat ndadosaken komunikasi antarbangsa langkung gampil dipunlampahi, prakawis punika ndadosaken sangsaya enggalipun pamekaran globalisasi kabudayan.

Ciri mekaripun globalisasi kabudayan [ besut | besut sumber ]

  • Mekaring silih gentos kabudayan internasional.
  • Panyebaran prinsip multikabudayan ( multiculturalism ), lan gampilipun akses satunggaling individu dhumateng kabudayan sanes ing njawi kabudayanipun.
  • Mekaring turisme lan plesiran .
  • Saya kathahing imigrasi saking satunggaling nagari tumuju nagari sanes.
  • Mekaring modhe ingkang gadhah skala global, kados sandhang, filem lan sanes-sanesipun.
  • Nambah kathahipun prastawa-prastawa kanthi skala global, kados Piala Donya FIFA .

Ugi pirsani [ besut | besut sumber ]

Pranala njawi [ besut | besut sumber ]