George Washington

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
George Washington
George Washington, 1732 ? 1799
Presidhen Amerika Sarekat pertama
Linggih
30 April 1789  ? 4 Maret 1797
Wakil Presidhen John Adams
Kang sadurunge Tidak ada
Kang sawise John Adams
Rerincen dhiri
Lair 22 Februari 1732
Westmoreland County , Colony and Dominion of Virginia , Amerika Utara Britania
Pati Dhesember 14, 1799 ( 1799-12-14 ) (umur 67)
Mount Vernon , Virginia , Amerika Sarekat
Bangsa Amerika
Parte pulitik Tidak ada
Sisihan Martha Dandridge Custis Washington
Agama Anglikan / Episkopal
Tandha tangan

George Washington ( 22 Februari 1732 ? 14 Dhesember 1799 ) iku Presidhen Amerika Sarekat (1789?1797) sing kapisan. Ing umur 11 taun bapake tilar donya. George Washington wiwitane nyambut gawe minangka mantri ukur, banjur lumebu bala ing umur 21 taun, lan diangkat dadi Letnan Kolonel wektu melu wajib militer dening Gubernur praja Virginia. Omah-omah taun 1759 karo Martha Dandridge Custis Washington , George Washington ngurus perkebunane sing jembar ing Virginia lan menjadi anggota Dewan Perwakilan Rakyat Virginia, hingga Revolusi Amerika pecah. George Washington minangka anggota perkumpulan rahasia Freemasonry . Ing taun 1789 sawise Konstitusi disahake, Washington dipilih kanthi swara wutuh dadi Presidhen Amerika sing kapisan. Washington nglakoni rong mangsa kalungguhan wiwit taun 1789 nganti taun 1797 , didampingi dening John Adams minangka Wakil Presidhen. Sajeroning pidhato perpisahane ing taun 1797 , Washington nyerokake marang rakyat Amerika Sarekat supaya ninggal rasa kapartean lan rasa kelaladanan sing kagedhen.

Ing taun 1799 , George Washington tilar donya ing umur 67 taun ing Mount Vernon, sawise telung taun mudhun kalungguhan minangka presidhen. Washington ora duwe katurunan, mung ana siji anak angkat.

Rujukan [ besut | besut sumber ]

  • Presidhen - Presidhen Amerika Sarekat; Diterbitake dening Dinas Penerangan lan Kabudayan Amerika Sarekat, Jakarta (2003)
  • The Presidents, A Reference History. Editor. Henry F. Graff. Edisi kedua. Penerbit Scribners 1996.
Didhisiki dening:
ora ana
{{{jabatan}}}
1789 - 1797
Diganti dening:
John Adams