Genosida

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Genosida iku tindakan pambantaian gedhen-gedhenan kanthi sistematis marang sawijining bebrayan utawa golongan kanthi maksud numpes (agawe tumpes ) bangsa mau. Tembung iki pisanan digunakake dening siji ahli ukum Polen, Raphael Lemkin , ing taun 1944 sajeroning bukune Axis Rule in Occupied Europe sing dibabar ing Amerikah Sarekat . Tembung iki dijupuk saka basa Yunani γ?νο? genos ('ras', 'bangsa' utawa 'rakyat') lan basa Latin caedere (rajapati).

Genosida iku salah siji saka papat Pelanggaran HAM abot sing ana sajeroning yurisdiksi International Criminal Court . Pelanggaran HAM abot liyane ya iku Kejahatan marang kamanungsan, Kejahatan perang, lan kejahatan Agresi.

Miturut Statuta Roma lan Undhang-Undhang no. 26 taun 2000 bab Pengadilan HAM, genosida iku Lelaku sing diayahi kanthi angkah kanggo ngajurake utawa numpes kabeh utawa saperangan golongan bangsa, ras, golongan etnis, golongan agama kanthi cara mateni anggota golongan; ngakibatake siksa fisik utawa mental sing abot marang anggota golongan; nyiptakake kondhisi kauripan golongan sing agawe kamusnahan kanthi fisik saperangan utawa sakabehane; nglakoni tindakan nyegah kalairan sajeroning golongan; mindahake kanthi peksa bocah-bocah saka sawijining golongan menyang golongan liya.

Ana uga istilah genosida budaya sing tegese pembunuhan peradaban kanthi nglarang penggunaan basa saka sawijining golongan utawa suku, ngowahi utawa ngajurake sajarahe utawa ngajurake simbul-simbul peradabane.

Conto genosida [ besut | besut sumber ]

Cathetan sikil [ besut | besut sumber ]

  1. Institute for War and Peace Reporting, Tribunal Update: Briefly Noted (TU No 398, 18-Mar-05) [1]