Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Facebook
iku
situs jaringan
mungguhing jejaring sosial kang diluncurake tanggal
4 Februari
2004 lan diyasa
Mark Zuckerberg
, lulusan Harvard lan manten murid ing Ardsley High School. Tata anggotane Facebook wiwitane diwatesi mligi kanggo siswa-siswa saka
Harvard College
. Rong wulan candhake, tata anggotane dibukak kanggo siswa-siswa pawiyatan-pawiyatan liyane kaya ta: Boston (Boston College, Boston University, MIT, Tufts), Rochester, Stanford, NYU, Northwestern, lan kabeh pawiyatan ing sajeroning
Ivy League
. Maneka warna
pawiyatan luhur
banjur ditambahake ing dalem sataun sawise luncurane iku. Wusana, wong-wong kang duwe alamat layang-el sawijining universitas (kaya dene.edu,.ac.uk, lsp.) saka saindenging donya uga bisa gabung ing situs iki.
Sabanjure, uga dikembangake jaringan kanggo pawiyatan-pawiyatan luhur lan sawatara kumpeni gedhe. Wiwit
11 September
2006
, wong kang duwe alamat layang-el apa wae bisa ndhaftar ing Facebook.
[2]
Sing nganggo Facebook bisa milih gabung siji utawa luwih jaringan kang ana, kaya ta jaringan dhedhasar asal pawiyatane, papane nyambut gawe, utawa wewengkone geografis.
Nganti
Juli
2007
, kang kadhaftar nganggo situs iki gunggunge gedhe dhewe ing antarane situs-situs liyane kang kawigatene ing babagan pawiyatan, ya iku punjul 34 yuta anggota aktif saka saindenging donya.
[3]
Wiwit
September
2006
nganti September 2007, urutane mundhak saka urut 60 dadi urut 7 minangka situs kang paling kerep dibukak,
[4]
lan minangka situs angka siji ngenani foto ing
Amerika Sarekat
kanthi 8,5 yuta foto dimot saben dinane, ngungkuli situs umum liyane kaya ta
Flickr
.
[5]
[6]