Facebook

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Facebook, Inc.
Type Perusahaan katutup
Industry Internet
Founded Cambridge , Massachusetts
( 4 Februari 2004 )
Headquarters Palo Alto , California
Key people
Mark Zuckerberg , Pangadeg lan CEO
Dustin Moskovitz , Pangadeg lan Wakil Presidhen Teknis
Owen Van Natta , COO
Matt Cohler , Wakil Presidhen Strategi lan Operasi Bisnis
Chris Hughes , Pendhiri
Revenue 100 yuta ASD [1] (estimasi 2006 )
Number of employees
300+ ( Juli 2007 )
Website www.facebook.com

Facebook iku situs jaringan mungguhing jejaring sosial kang diluncurake tanggal 4 Februari 2004 lan diyasa Mark Zuckerberg , lulusan Harvard lan manten murid ing Ardsley High School. Tata anggotane Facebook wiwitane diwatesi mligi kanggo siswa-siswa saka Harvard College . Rong wulan candhake, tata anggotane dibukak kanggo siswa-siswa pawiyatan-pawiyatan liyane kaya ta: Boston (Boston College, Boston University, MIT, Tufts), Rochester, Stanford, NYU, Northwestern, lan kabeh pawiyatan ing sajeroning Ivy League . Maneka warna pawiyatan luhur banjur ditambahake ing dalem sataun sawise luncurane iku. Wusana, wong-wong kang duwe alamat layang-el sawijining universitas (kaya dene.edu,.ac.uk, lsp.) saka saindenging donya uga bisa gabung ing situs iki.

Sabanjure, uga dikembangake jaringan kanggo pawiyatan-pawiyatan luhur lan sawatara kumpeni gedhe. Wiwit 11 September 2006 , wong kang duwe alamat layang-el apa wae bisa ndhaftar ing Facebook. [2] Sing nganggo Facebook bisa milih gabung siji utawa luwih jaringan kang ana, kaya ta jaringan dhedhasar asal pawiyatane, papane nyambut gawe, utawa wewengkone geografis.

Nganti Juli 2007 , kang kadhaftar nganggo situs iki gunggunge gedhe dhewe ing antarane situs-situs liyane kang kawigatene ing babagan pawiyatan, ya iku punjul 34 yuta anggota aktif saka saindenging donya. [3] Wiwit September 2006 nganti September 2007, urutane mundhak saka urut 60 dadi urut 7 minangka situs kang paling kerep dibukak, [4] lan minangka situs angka siji ngenani foto ing Amerika Sarekat kanthi 8,5 yuta foto dimot saben dinane, ngungkuli situs umum liyane kaya ta Flickr . [5] [6]

Cathetan sikil [ besut | besut sumber ]

  1. Arrington, Michael (2006). "Yahoo's "Project Fraternity" Docs Leaked" . TechCrunch . Dibukak ing 6 Juni 2007 .
  2. "Facebook: The Newest Fad in Marketing" (HTML) . Thinkubator: Facebook, the latest fad in marketing . Dibukak ing 25 Juli 2007 .
  3. Maestri, Nicole (8 Agustus 2007). " "Wal-Mart using Facebook to win back-to-school sales" " (news) . {{ cite web }} : CS1 maint: date and year ( link )
  4. "Related info for: facebook.com/" . Alexa Internet . Diarsip saka sing asli ing 2007-11-11 . Dibukak ing 2009-03-21 .
  5. Doug Beaver (2007). "Facebook Photos Infrastructure" (html) . Facebook Weblog . Facebook . Dibukak ing 30 Mei 2007 .
  6. Donna Bogatin (2007). "Why Facebook Is Scarier than Google" . ZDNet Blogs-Digital Markets . CNET Networks. Diarsip saka sing asli (html) ing 2007-06-01 . Dibukak ing 28 Mei 2007 .

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]