한국   대만   중국   일본 
Korea Kidul - Wikipedia

Korea Kidul

nagara ing Asia Wetan
(Kaelih saka Korea Kidul )
大韓民國
大韓民國
Daehan Minguk
(Gendera Korea Kidul) (Lambang Korea Kidul)
Sesanti : 널리 人間世界을 이롭게 하라 (弘益人間)

( Basa Korea : Gawanen kauntungan marang kabeh rakyat )

Basa resmi Korea
Kutha krajan Seoul
37°35′ LU 127°0′ BT [ pranala mati permanen ]
Presidhen Moon Jae-in (文在寅?; 文在寅)
Nayakotama Kim Boo-kyum (金富謙?; 金富謙)
Wewengkon
?-Total
?-% Air
Urutan kaping 107
100.210 km²
0,3%
Padunung
?-Total ( 2016 )
?- Kapadhetan
Urutan angka 25
51.708.500
516/km²
Kamardhikan
-Dheklarasi Republik
-Pambebasan
-Konstitusi
Perang Dunia II :
1 Maret 1919
15 Agustus 1945
17 Juli 1948
PDB (PPP dhasar)
?-Total ( 2003 )
?-PDB/orang
Urutan angka 11
$855,3 miliar
US$17.700
Mata uang Won
Zona wektu UTC +9
Tembang kabangsan Aegukga
TLD .kr
Kodhe telepon 82
Koréa Kidul

Republik Korea (Aksara Jawa: ????????? ) ( basa Korea : Daehan Minguk ( Hangul : 大韓民國; Hanja : 大韓民國); basa Inggris : Republic of Korea /ROK) biyasa dikenal minangka Korea Kidul (Aksara Jawa: ??????????? ) , iku nagara ing Asia Wetan sing nyakup perangan kidul Ujung Korea . Ing sisih lor, Republik Korea wewatesan karo Korea Lor , lan kalorone nyawiji dadi siji nagara nganti taun 1948 . Jepang dumunung ana ing sabrang Sagara Jepang (karan "Sagara Wetan " dening wong-wong Korea) lan Selat Korea dumunung ing sisih kidul-wetan. Nagara iki dikenal kanthi jeneng Hanguk (韓國; 韓國) dening sing ndunungi Korea Kidul lan karan Namchos?n (南朝鮮; 南朝鮮; " Chos?n Kidul") ing Korea Lor . Kutha krajan Korea Kidul ya iku Seoul (서울).

Ekonomi

besut

Minangka salah siji saka papat Macan Asia Wetan , Korea Kidul wis nggayuh rekor tuwuh sing ngedap-edapi, nggawe Korea Kidul dadi nagara kanthi ekonomi gedhe dhewe angka 12 ing donya. Sarampunge PDII , PDB per kapita kira-kira padha karo nagara miskin liyane ing Afrika lan Asia . Banjur Perang Korea nggawe kondhisi tansaya parah. Saiki PDB per kapita kira-kira tikel ping 20 saka Korea Lor lan padha karo ekonomi-ekonomi menengah ing Uni Eropah . Ing taun 2004 , Korea Kidul gabung karo "klub" donya ekonomi trilyun dolar.

Kasuksesan iki digayuh ing pungkasan taun 1980-an liwat sawijining sistem ikatan bisnis-pamarentah sing cedhak, kalebu kredit langsung, pambatesan impor, sponso tumrap indhustri tinamtu, lan usaha kuwat saka tenaga kerja. Pamarentah promosi impor bahan mentah lan teknologi kanggo barang konsumsi lan nyurung tabungan lan investasi tinimbang konsumsi . Krisis Finansial Asia 1997 mbukak kakurangan model pangembangan Korea Kidul, kalebu rasio utang/persamaan sing gedhe, utang njaba sing gedhe, lan sektor finansial sing ora disiplin.

Provinsi lan kutha-kutha

besut

Korea Kidul dumadi saka 1 Kutha Khusus ( Teukbyeolsi ; 特別市; 特別市), 6 Kutha Metropolitan ( Gwangyeoksi ; 廣域市; 廣域市), lan 9 Provinsi ( do ; 도; 道). Jeneng-jeneng ing ngisor iki sajeroning basa Inggris , Alihaksara sing disempurnakake , Hangul , lan Hanja .

Kutha Istimewa/Khusus

besut
  • Kutha Istimewa/Khusus Seoul .
Pembagian administratif Korea Kidul.
Pembagian administratif Korea Kidul.

Kutha Metropolitan

besut
  • Kutha Metropolitan Busan ( Busan Gwangyeoksi; 釜山 廣域市; 釜山廣域市).
  • Kutha Metropolitan Daegu ( Daegu Gwangyeoksi; 大邱 廣域市; 大邱廣域市).
  • Kutha Metropolitan Incheon ( Incheon Gwangyeoksi; 仁川 廣域市; 仁川廣域市).
  • Kutha Metropolitan Gwangju ( Gwangju Gwangyeoksi; 光州 廣域市; 光州廣域市).
  • Kutha Metropolitan Daejeon ( Daejeon Gwangyeoksi; 大田 廣域市; 大田廣域市).
  • Kutha Metropolitan Ulsan ( Ulsan Gwangyeoksi; 蔚山 廣域市; 蔚山廣域市).

Provinsi

besut
  • Provinsi Gyeonggi ( Gyeonggi-do; 京畿道; 京畿道).
  • Provinsi Gangwon ( Gangwon-do; 江原道; 江原道).
  • Provinsi Chungcheong Lor ( Chungcheongbuk-do; 忠淸 北道; 忠?北道).
  • Provinsi Chungcheong Kidul ( Chungcheongnam-do; 忠淸 南道; 忠?南道).
  • Provinsi Jeolla Lor ( Jeollabuk-do; 全羅 北道; 全羅北道).
  • Provinsi Jeolla Kidul ( Jeollanam-do; 全羅 南道; 全羅南道).
  • Provinsi Gyeongsang Lor ( Gyeongsangbuk-do; 經常 北道; 慶?北道).
  • Provinsi Gyeongsang Kidul ( Gyeongsangnam-do; 經常 南道; 慶?南道).
  • Provinsi Jeju ( Jeju-do; 濟州道; 濟州道).

Uga delengen

besut

Pranala jaba

besut